|
ku klisikan ora biså turu. Jalarané pikiranku nglambrang nggólèki bocah lanang rupå bagús, yakuwi Rèndy. Ah Rèndy, grênêngku sajroníng batín. Yå géné aku kódadèkaké kåyå mangkéné? Aku kèlingan róng sasi képungkúr íng sawijiníng péstå ulang tauné Ríska, kancaku, ånå bocah lanang dhuwúr putíh lan ngganthêng. Dhèwèké mèsêm nalikå kêbênêran daksawang. Ngêpasi acara maêm síng nganggo cårå prasmanan, dhèwèké nyêdhaki aku. “Yèn parêng kênalan, jênêngku Rèndy,” Bocah lanang dhuwúr, putíh lan ngganthêng kuwi ngathúngaké tangané têngên, déné tangané kiwa nyêkêl piríng isi sêgå saklawuhé. “Aku Rani,” Séndhók síng dakcêkêl tangan têngên daksèlèh piríng, aku banjúr nampani tangané Rèndy. Kråså ånå síng bédå. Atiku sênêng. Sawisé kuwi aku karo Rèndy dadi akrab, critå ngalór ngidúl êmbúh juntrungé, nangíng biså gathúk. Kók biså yå? Mbókmênåwå amargå atiku sênêng, sêmono ugå Rèndy. “Bali karo såpå?” Pitakóné grapyak. “Dhéwé,” Wangsulanku cêkak. “Ha? Dhéwé? Wêngi kåyå mangkéné iki?” Mripaté bundêr éndah. “Iyå. Aku wís kulinå mênyang ngêndi-êndi dhèwèkan.” Wangsulanku ènthèng karo nganggo jakèt. “Daktêrké bali yå?” “Ora susah répót-répót. Aku kulinå numpak taksi.” “Ora susah numpak taksi, aku nggåwå sêpédha mótór. Oké?” Tanpå nunggu wangsulanku tanganku wís digèrèt wani déníng Rèndy. Rumangsaku anggónku kêtêmu dhèwèké iyå amúng pisan kuwi. Nangíng pranyåtå ora. Ésuké, íng kampús aku digèrèt déníng Ríska. Aku dadi rådå gumún. “Kowé mau digolèki, nón!” Drijiné Riska nyiwêl pipiku. “Såpå?” Aku kêpéngín ngêrti. “Wóngé dhuwúr, putíh lan ngganthêng. Dhèwèké cah kêdóktêran.” Ríska njlèntrèhaké wóng síng nggolèki aku. “Rèndy yå?” Pitakónku sêmangat. “Iyå. Mau bêngi gênah kowé wís indêhóy cah loro ngono kók.” Ríska nggodhå aku. “Yèn sêlå kowé mêngko jam sêwêlas diêntèni ånå kantín kampús, arêp diajak maêm barêng,” Ríska banjúr mlayu, ora nunggu wangsulanku. Ah Rèndy, pranyåtå ora múng aku síng kêpranan karo kowé. Sawisé kêtêmu síng sêpisan kaé, aku kêpéngín têrús kêtêmu karo kowé. Lan nyatané pangrasamu sêmono uga. Ngono pangudarasaku. Sawijiníng dinå, nalikå pangrasaku kêbacút kêpíncút karo Rèndy, dhèwèké malah kåndhå síng natóni atiku. “Satêmêné wiwít kêtêmu sêpisan kaé aku wís duwé råså simpati karo kowé, Rani. Nangíng ora atêgês kudu ditêrúsaké kanthi trêsnå-tinrêsnan kåyå antarané priyå lan wanitå. Aku kêpéngín kowé dadi mitraku síng sêjati. Awít blåkå sutå, aku ora duwé råså åpå-åpå karo kowé,” Rèndy alón bangêt anggóné kåndhå. Dhèwèké nyobå ora natóni atiku, nangíng panggah waé atiku tatu. Dinå têrusé dadi kråså sêpå. Alón-alón, sêsambunganku karo Rèndy dadi rênggang. Sanadyan Rèndy isíh grapyak sêmanak marang aku nangíng wís ora biså nyênêngké atiku. Awít dhèwèké wís munggêl pangarêp-arêpku. Mulané wêngi kuwi aku ora bisa turu, klisikan ora gênah, isíh nyobå nggolèki wêwayangané Rèndy. Ora biså daksélaki aku kangên karo dhèwèké. ”Tuliliiit...,tuliliiiit......,” ånå ès-èm-ès mlêbu HP-ku. Síng kirím Prita, dhèwèké sésúk soré ngajak nóntón péntas sêni måcå gêguritan lan critå cêkak íng Taman Budaya. Aku dadi sêmangat, awít sanadyan aku kuliah íng fakúltas ékonomi nangíng aku ugå sênêng karo síng jênêngé gêguritan lan critå cêkak. Aku uga sênêng nulís gêguritan lan critå cêkak. Wís nyobå dakkirím mênyang majalah båså Jåwå, nangíng pisan waé durúng biså dipacak. Mbókmênåwå tulisanku pancèn ora bêcík utåwå båså sastrané durúng bisa lólós sêlaníng anggít. Taman Budaya katón rêgêng. Swasanané nêntrêmaké, kabèh lèsèhan. Déné síng måcå gêguritan ngadêg. Sêmono ugå síng måcå crita cêkak. Aku kêpranan karo síng måcå gêguritan Kasêtyan lan Kasunyatan awít wêrdiné mèmpêr karo lêlakonku. Iringan gêndèr lan sitêr biså nggåwå swasånå marang síng dikarêpaké. Saliyané kuwi síng måcå uga kêbak pangråså, wóngé irêng manís, pawakané cilík, rambuté góndróng nangíng rapi. Nalika dhèwèké rampúng måcå gêguritan, dhèwèké ndhungklúk úrmat marang síng pådhå nóntón. Ora sråntå aku kêplók sêru bangêt, sakêplasan dhèwèké nyawang aku karo mèsêm sêmanak, mbókmênåwå èsêm kuwi wêrdiné atúr panuwún awít kawigatènku. Aku dadi mbayangaké upåmå dhèwèké dadi pacarku mbókmênåwå iyå cócóg. “Wóngé manís ya, Ran,” Prita njiwít lêngênku. “Ah..., biyåså waé,” wangsulanku ora pådhå karo atiku, awít atiku kåndhå yèn wóngé pancèn manís. Sawisé kuwi banjúr ditêrusaké måcå crita cêkak. Ånå síng ngadêg lan maju, pawóngané gêmpal, kêkêr awaké, pantêsé dadi pêtinju. Wóng kuwi nganggo clånå irêng, bêskap lorèk irêng-coklat cakrík Jogja. Rambuté cêpak, pasúryané rêsík. Dhèwèké måcå crita roman sacuwíl, irah-irahané Skètsa Ungu Íng Póncót Langít. Gêndèr lan sitêr sêtyå ngiringi lakuné critå. Critané apík, komplít isiné, kadhang ånå råså sênêng, sêdhíh, nêlångså, pungkasané happy èndíng. Ora kråså lúhku dlèwèran nalikå ngrungókaké crita cêkak kuwi. Prita sêmono ugå. Saliyané critané apík, síng måcå uga nguwasani inti sariné critå cêkak kuwi, mulå biså ditåmpå kanthi cêthå déníng síng ngrungókaké. Sawisé rampúng måcå, wóng síng måcå critå cêkak mau banjúr úrmat lan mapan lunggúh manèh, cêdhak karo síng mau måcå gêguritan. Pawóngan loro kuwi katón wís akrab bangêt. Acara disêlani têmbang Måcåpåt Asmårådånå têlúng pupúh. Síng nêmbang pawóngan síng lunggúh mburiné síng måcå gêguritan lan síng måcå critå cêkak. Mbókmênåwå bocah têlu kuwi pancèn kêkancan. Swarané síng nêmbang Asmårådånå ulêm, êmpúk nangíng mantêp, grêgêlé cêthå, napasé landhúng. Têmbang Asmårådånå ditêmbangaké kanthi kêbak pangråså. Éndah, nêngsêmaké. Kabèh síng mirêng lan mriksani pådhå kêpranan. “Rani, mêngko yèn wís rampúng aku kêpéngín têpungan karo síng mau måcå critå cêkak. Aku dikancani yå?” Prita bisik-bisik marang aku. “Iyå,” wangsulanku cêkak. Tênan, sawisé rampúng acara, Prita nyêdhak marang síng måcå crita cêkak. Síng dicêdhaki nanggapi kanthi sêmanak. Pranyåtå bênêr, wóng têlu síng mau pådhå péntas kuwi kêkancan rakêt. Síng måcå gêguritan jênêngé Radityå, síng måcå crita cêkak jênêngé Ardana déné síng nêmbang Måcåpåt Asmårådånå jênêngé Rúkmånå. Aku lan Prita dadi rakêt karo pawóngan têlu kuwi, síng pranyåtå isíh kuliyah íng fakúltas sastra. Kêdadéyan ora biså dakgambaraké sadurungé. Wêktu lumaku ajêg, udåkåra wís ånå têlúng sasi aku kêkancan karo bocah têlu kuwi. Aku kagèt nalikå bocah têlu kuwi gênti-gêntèn kåndhå karo aku supåyå gêlêm dadi pacaré. Aku bingúng. Kabèh durúng dakwangsuli. Uríp pancèn anèh. Blåkå sutå marang donyå aku kêpéngín duwé pacar. Sawêtårå wêktu kêpungkúr atiku kêtatón amargå cabar anggónku duwé sêdyå arêp pacaran karo Rèndy. Saiki tanpå dinyånå-nyånå, ånå bocah lanang têlu nêmbúng supåyå aku gêlêm dadi pacaré. Karêpku wís gilíg. Aku ora bakal milíh pacar íng antarané bocah têlu kuwi. Aku ora kêpéngín ngrusak pasêdulurané Radityå, Ardana lan Rúkmånå. Awít aku duwé pangirå, mênåwå aku nampa trêsnané salah sawijiné såkå bocah têlu kuwi, mêsthi bakal ånå cêcongkrahan íng antarané bocah têlu kuwi. Aku ora kêpéngín kêdadéyan kåyå mangkono. Mbókmênåwå iki dalan síng luwíh bêcík, yåkuwi aku wís duwé tékad ora nåmpå trêsnané salah sawiji såkå bocah têlu kuwi. Aku duwé kêyakinan yèn wís têkan titiwanciné, mêsthi aku bakal duwé pacar, síng cócóg dadi papan ngudhar råså lan biså dadi kåncå íng wêktu sênêng lan íng wêktu sêdhíh. Êmbúh såpå lan êmbúh kapan.
::dening : Al Aris Purnomo :: Edisi : Edisi : Kamis, 09 Juni 2011 , Halaman : IX Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos http://www.solopos.co.id |