|
is mateng rembuge, Ambarsekar lan Ambarsari bakal bali menyang Sidomukti, desa kelairane, saperlu mengeti sewu dina tinggal donyane Bu Sujalmi, ibune. Dirancang mlathing arep slametan kirim donga lan tahlilan, unjung marang wong tuwa-tuwa sarta kang dituwakake. Ngundang tangga teparo, sanak kadang ing omah tinggalane suwargi Pak Sarjono sing uga wis tinggal donya ndhisiki Bu Sujalmi. Garwane, netepi adat tata cara kang wis lumaku turun-tumurun.
Sadurunge tempuking gawe, kanggo nyamaptakake samubarang ubarampe sing dibutuhake, Ambarsekar lan Ambarsari saanak-bojone wis padha ngumpul ing omah joglo sing biyen tau dienggoni. Wiwit isih ana kandhutan nganti rikala mantenan. Awit bareng wis padha rampung sekolahe lan payu omah-omah, banjur melu bojone omah dhewe ing kutha liya. AMbarsekar manggon ing Blora, dadi bojone Indradi sing maris usahane wong tuwa, usaha peralatan rumah tangga, lan wis kaparingan momongan loro: Ayu lan Bagus. Dene Ambarsari dedunung ing Semarang dadi bojone Nugroho, pegawe perusahaan swasta sing cukup maju. Anake mung siji, lanang dijenengake Adit. Ngarepake wayah surup, rikala srengenge isih katon mencorong murub, mungup-mungup ing tancebing langit kulon. Sekar lungguhan ing bangku dawa sangisore wit sawo tengen omah. Panyawange tumlawung digawa nglembara gagasane. Ngudhal-udhal pangeling-eling. Eling rikala bapak-ibune isih sugeng. Rasane ganep. Ketunggon wong tuwa sing mesthi dadi jujugan yen ana perkara kakulawargaan. Butuh tutur, uwur lan sembur. Bareng ditinggal wong tuwa, rasane kaya ana sing ilang. Kaya wayang kulit kelangan gapit. Wit kelangan oyot. Nanging rasa kelangane nuli dipupus. Wiwit cilik dheweke tansah digegulang lan digulawenthah bapak-ibune amrih dadi pribadi kang uled, maju lan duwe gegayuhan luhur. Pribadi mandhiri. “Hayo…. Ngalamun, ya?!” panyapane Sari mbuyarake gagasane Sekar. Sing disapa aruh gragapan kaget, gageyan ngingsed bokong nata lungguhe. Sari banjur melu lungguh njejeri mbakyune. “Lha kon ngapa, wong bocah-bocah dha lunga karo bapake. Jare Bapake Adit sing ngajak,” semaure Sekar. “Kabeh wis takatur, Mbak. Bapake Adit pancen takkongkon ngajak Bapake Ayu lan bocah-bocah nyang kutha. Mubeng-mubeng neng Taman Kota, terus nyang pusat Jajan Nawangwulan golek camilan. Butuhku, aku bisa duwe wektu sing longgar kanggo omong karo Mbak Sekar,” kandhane Sari blaka surta. “Arep omong apa kok lehe wigati?!” pitakone Sekar. “Perkara kuwi lho, Mbak. Omah tinggalane bapak-ibu,” wangsulane Sari adreng. “Omah kuwi rak malah ngrepotke awake dhewe, ta?! Coba, ben sasi awake dhewe kudu mblanja Lik Sirin. Opah nunggu lan ngupakara. Mangka awake dhewe isih kudu mbayar pajeg barang. Bumine ya bangunane!” “Kuwi rak wis dadi tanggungjawabe awake dhewe ta,Dhik. Awake dhewe ora bisa selak,” jlentrehe Sekar. “Biyen, jaman bojomu isih kontrang-kantring, kowe nate didhawuhi Bapak supaya ngenggoni omah kuwi. Wong Mas Indradi wis digawekake omah wong tuwane. Gene kowe kok emoh?! “Jaman maju, Mbak. Isin yen manggon omah joglo. Njawani. Ndesa! Jaman teknologi modern kok isih ngenggoni omah gagrag lawas. Kuna!” tumanggape Sari karo mleruki mbakyune. “Mula, omah kuwi didol wae ya, Mbak?” Sakala njola atine Ambarsekar. Rembuge adhine dirasa gawe geter jiwa sukmane. Ngono ya ngono. Ning mbok aja ngono. Iya! Teknologi pancen murakabi kanggo uripe menungsa. Nanging, apa ya dudu pengaruh teknologi kang njalari alam banjur dadi rusak, dibrindhili wulune, dikerok kulite lan dikuras isine. Teknologi mung busa nyukupi kebutuhan lahiriyah. Bisa gawe macem-macem nanging ora bisa gawe tentrem. Mula ana sing ilang. Kebutuhan batiniyah. Kepara, teknologi malah dadi ancaman tumrap panguripan. Nuklir, contone. “Ambarsari, Ambarsari… Geneya asil adus kringet lan pangorbanane wong tuwa ora kokregani. Omah joglo kuwi duwe teges aji tumrap uripe bapak-ibu. Apa awit samar dening gebyar satemah Jawamu luntur? Oh, aja ya, Dhik! Najan ganti jaman nanging Jawamu aja nganti kapiran!” Batine Sekar kagelan. Panyawange kanthil marang omah kang wis nyiyapake dheweke tumitah, nyambung sejarah lan wiwit mlangkah mecaki dalan panguripan sing rumpil angel diambah. “Piye, Mbak? Kok malah meneng wae,” pandhesege Sari. “Aku njur mbok kon piye, wong karepmu kuwi ngewuhake,” wangsulane Sekar angles. “Aku ngleluri warisan. Aku anak mbarep, Dhik. Sesanggan batin kuwi tetep kudu takugemi!” “Lehe mikir ya aja kejeron ta, Mbak,” omonge Sari ngadi-adi kaya bocah cilik. Krasa yen omonge ora nuju prana.
Hayo ngalamun ya panyapane Sari mbuyarake gagasane Sekar Wis ana beda panemu. Antarane pikiran kang isih tumali marang adat tata cara lawas karo pikiran anyar sing kadayan budidaya teknologi. Jaman industri. Ya sajrone kahanan ngono mau Ambarsekar kudu sugih weweka amrih sesambungane tali kakulawargan karo Ambarsari aja nganti kendho. Apa maneh nganti pedhot. “Nek omah kuwi didol payu pira. Lan dhuwite arep kanggo apa?” pitakone Sekar sareh. “Etungane ya timbang omah kuwi gawe repot lan bisa rusak nganggur, Mbak. Rak lowung yen dadi dhuwit. Kena nggo apa ta apa,” wangsulane Sari gawe alesan. “Kurang apa kowe, Dhik… Bojomu ngenggoni jabatan penting neng perusahaan. Bayare sathekruk. Omah gedhong magrong-magrong. Wis dicepaki mobil perusahaan. Isih ana mobil pribadi. Ana motor ora trima mung siji. Uripmu mubra-mubru….,” pamelehe Sekar kaya ngelingake Sari. Seret. Abot rasane. Nanging kapeksa diwedharake. Ambarsari rumangsa kaya dibeset raine. Kisinan. Upama gelem jujur, dheweke mono pancen wong sing kurang panarima. Kepara Materialistis. Kemaruk bandha. Sakala praupane dadi kucem. Kaya damar sing kasatan lenga. Dheweke trima meneng. Tinimbang nanggapi omongane mbakyune, aja-aja malah marahi sulaya. “Elinga welinge suwargi Bapak-Ibu, Dhik. Sarehne kowe emoh ngenggoni, mula omah kuwi dadi duweke wong loro. Duwekku lan duwekmu. Minangka warisan kang kudu dirumat apik-apik. Mula warisan kuwi kudu digemateni. Aja nganti ilang, Dhik. Kuwi amanat!” pituture Sekar. Eluhe Sari muntup-muntup ing pojok mripat. Batine keduwung dene arep nyewu ibune wae ndadak kasrimpet pikiran sing neka-neka. Dheweke banjur kelingan lara rekasane wong tuwa. Atase mung pamong desa, plosok. Sawah bengkok ora mingsra, mangka ati karep manggon omah gedhe. Mula direwangi nungsang njempalik. Beteke olehe kepengin keklumpuk. Dheweke uga kelingan anggone sekolah. Wong tuwa kudu nanggung ragad sekolahe bocah loro. Jaman semana kudu kost neng kutha sing adohe selawe kilometer saka desane. Wah, mendah kaya ngapa abote. Nanging wong tuwane gagah, nggolekake sangune urip bocah-bocah. Dhasar bocahe pinter tur gelem diajak prihatin. “Oh Bapak, Ibu… Kula lare ingkang mboten saged mikul dhuwur mendhem jero. Kula nyuwun pangapunten…” batine Sari mbengok. Brol!!! Eluhe Sari drodosan. Tangise anak kang rumangsa wis gawe dosa marang wong tuwa. Tangis panelangsa. Nrenjuhi kahanan sing ngono kuwi, Sekar kaya sinendhal atine. Trenyuh, Adhike nuli digapyuk, dirangkul kenceng. Wong loro padha sesenggrukan. Nyuntak sih katresnan. Iketan batin. “Dhik, awake dhewe isih duwe tanggungjawab tilik, reresik lan kirim donga ing makame wong tuwa. Najan kirim donga marang arwahe wong sing wis tinggal donya bisa ditindakake ana ngendi wae,” swarane Sekar groyok. “Dadi omah joglo kuwi kena kanggo jujugan. Omah kuwi dadi pangeling-eling minangka lambang kerja kerase wong tuwa!” Dumadakan ana motor menggok, mlebu pekarangan. Ambarsekar lan Ambarsari srikutan anggone ngusapi eluhe. Sumelang menawa dingerteni yen lebar nangis. Sawise njagragake motore, nom-noman kang bagus njlonet dedeg piadege sembada kuwi banjur njujug ngisor wit sawo, nyalami Ambarsekar lan Ambarsari kanthi mesem semanak. “Ayo Dhik Pras, lenggah njero wae!” pambagene Sekar marang Prasetyo sing kapernah adhik nak-ndulure. Putrane Pak Sarjito, adhik wuragile Pak Sarjono. “Kene wae, Mbak. Swasanane ben santai. Ora kawengku,” celathune Prasetyo karo mapan lungguh, jejer Ambarsekar. “Terus bablas nuju ancas wae, sowanku iki mau mung butuh nembung ngampil dalem joglone kanggo latihan tari bocah-bocah Karang Taruna… Jamane saiki golek omah jembar wis kangelan, Mbak. Butuh enggon sing cukup kanggo nggelar gamelan lan sing kanggo latihan tari bocah akeh. Mula sing pas ya dalem joglone kuwi.” Ambarsekar mandeng Ambarsari. Ora wani terus gawe putusan. Mengko gek ora cocog karo panemune adhike. “Iya, Mbak…. Aku setuju. Omah joglo kuwi didadekake sanggar seni wae. Kanggo ajang kegiyatan seni. Utamane seni budaya Jawa!” Tumanggape Sari sajak karena. Ambarsekar unjal ambegan landhung merga rumangsa lega atine krungu rembuge Ambarsari. Jumbuh lan kekarepane. Budaya Jawa pancen kudu diuri-uri awit dadi tuk sumbering kawicaksanan lan kanggo mbangun watak sarta budi pakarti luhur. “Ya wis… Aku mathuk yen ngono!” putusane Ambarsekar. Ora dirasa kahanan wis remeng-remeng. Ora gantalan wektu ana gebyare lampu mobil loro iring-iringan, menggok mlebu pekarangan. Sabacute Avanza silver metalik lan New Krista ireng mau diparkir ing ngarepan omah. Indradi, Nugroho lan anak-anake padha mudhun saka mobil. Ambarsekar lan Ambarsari kusung-kusung mapagake anak-bojone kanthi polatan sumringah. Mendhung sing nggameng nggembuleng wis mungkur kasaput sumiliring angin. Langit atine bali padhang sumrawang. Rembulane ndhadhari nggiring lunga petenge wengi. Rembulan kabagyan!.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on May 25, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |