|
gadhepake parek esuk Murni lagi mudhun saka bis malem. Bis saka Jakarta. Krasa kesel merga sewengi mung lungguh. Senajan isa turu nanging ya ora bisa angler krana dalane akeh sing rusak. Saben kena jeglongan wong sabis mesthi melu njondhil, malah terkadhang ana sing kebenthus wesi bis barang.
Nganti esuk awake isih lungkrah. Mripate kelet. Nanging kanca lan tangga-tanggane sing padha mojar sandhangan, rukuh, taplak, seprei lan liya-liyane padha ndlidir mara nakonake pesenane. Wingine, para lengganane kuwi wis padha sms utawa tilpun kapan dheweke bali saka Tanah Abang. Atine Murni seneng, akeh wong mara ateges rejekine teka. Nanging awake isih loyo, ngantuke durung ilang. Sok mengkonowa jeneng ngladeni pelanggan, dadi ya kudu dibetah-betahake. Bubar Dhuhur tamu pungkasan wis bali. Lumayan, batine Murni. Barang-barange wis akeh sing ‘pindhah tangan’ lan dadi dhuwit. Saiki wancine ngasokake awak. Murni nglirik jam tembok ana dhuwur lawang kamar, wis rada telat sithik anggone dhuhuran. Angen-angene, mengko bubar sholat gek arep ndang njujurake geger. Karo nyincing rok dheweke agahan memburi. Lagi muter kran arep wudhu ndadak ana swarane wong wadon uluk salam. Jebul Bu Imron tanggane rada adoh, sing yuswane wis meh pitungpuluhan. “Kok mbalung janur, siyang-siyang rawuh mriki wonten kersa punapa Bu?” pitakone Murni. “Ngaten Jeng,” mengkono pambukane Bu Imron. “Kula punika dipun tangisi anak, si Tatak. Piyambakipun rak tumbas griya wonten perumahan, dinten punika kedah nglunasi uang muka tigangdasa yuta. Sampun pados dhateng pundi-pundi dereng pikantuk. Nyuwun wekdal kalih dinten malih kaleres depositonipun jatuh tempo tetep mboten saged. Mbok kula nyuwun tulung dipun ampili arta, Jeng.” Sangertine, Bu Imron kuwi ibadahe istiqomah, watake jujur lan ora tau ngana-ngene. Semono uga putrane, Mas Tatak, kejaba ngelmu agamane apik, nyambut gawene tumemen. Malah sanajan isih legan nanging ekonomine wis kecukupan. Murni banjur percaya yen Bu Imron lan putrane ora bakal mblenjani janji. Apamaneh mung nyelang rong dina suwene telung dina. Bu Imron banjur diaturi kondur, sebab mengko dhuwit arep diaturake ing daleme. Murni banjur nyengklak sepedha motore lunga menyang bank njupuk dhuwit. Niyate mung siji, tetulung. Murni pancen dagang lan mesthi wae golek bathi, nanging dheweke emoh golek bathi kanthi cara nganakake dhuwit utangan. Sawise dhuwit kecekel tangan, dening Murni terus diaturake Bu Imron. Ning merga gunggunge ora sithik, piye-piyea ya kudu ana orek-orekan layang sasuwek tandha-trima. Murni njur mulih. Angen-angen anggone kepingin ngaso sing ketungka. Bubar wisuh tangan lan sikil dheweke bablas ngebrukake awake menyang peturon. E durung nganti limang menit njujurake boyok, bel omahe muni. “Thing-thong”. Kanthi aras-arasen Murni tangi mbukak lawang. Jebul Bu Imron. “Kadospundi Bu, punapa artanipun wonten ingkang kirang?” pitakone Murni gugup. “Mboten Jeng Mur, cekap, pas kok. Namung kula badhe ngresahi panjenengan malih,” praupane Bu Imron kaya wong bingung lan sajak sarwa kemrungsung. Mbuh lagi menggalih perkara apa. “Ngaten Jeng, kula badhe ngampil HP panjenengan sekedhap, kula perlu sanget.” Murni banjur takon nomer pira sing arep diubungi, karepe arep ditilpunake. Nanging Bu Imron gedheg. “Mboten ngaten. Maksud kula Hp-nipun Jeng Murni badhe kula bekta sekedhap namung kangge ajar. Sekedhap kemawon kok.” Ngaten Jeng kula badhe ngampil HP panjenengan sekedhap Gandheng Murni kuwi wong ora isanan, apamaneh sing nyilih ya piyayi sepuh lan wis ngerti saben dinane, mula Hp-ne uga terus diaturake. Sadurunge digawa Bu Imron, Murni matur yen sim card-e arep dicopot luwih dhisik. Nanging Bu Imron ngendika ora usah, sebab anggone nyilih mung sadhela. Murni kaya kebo dikeluh, ora bisa mikir wening. Mbuh merga ngantuke wis ora ketulungan mbuh piye, Hp diculake. Sawise nguntabake tamune, Murni bali mlebu kamar. Karepe arep nerusake ngasone sing kagol. Lakune gloyoran, saking ngantuke. Durung nganti tekan kamar, ana sing nothog lawange maneh. Bu Imron maneh. “Ee lha dalah,” Murni ngelus dhadha karo nyebut. “Astaghfirullah, ana apa maneh ya?” Bu Imron dina iki bener-bener gawe anyele atine. “Wonten kersa punapa malih Bu Imron?” pitakone disabar-sabarake. “Anu, Jeng, nomer Hp panjenengan pinten?” Murni nyebutake nomere lan dicathet. Bu Imron jebul wis nyiyapake dluwang sapulpene saka omah. Murni dadi saya bingung, ora mudheng karo kekarepane Bu Imron. Srengenge wiwit miring ngulon. Mripat wis kadhung kancilen. Pangangen-angene arep turu awan sing angler buyar. Nganti ngadhepake Maghrib, ora ana tandha-tandha yen Hp-ne arep dibalekake. Murni ora bisa ngubungi awit dheweke ora ngerti nomer Hp-ne Bu Imron. Arep ngebel omahe, biyen Bu Imron tau crita yen tilpune rusak, kabel-e dicacah tikus. Murni ora jenjem, sebab wektu-wektu ngene iki Hp rak kanggo banget, awit akeh ibu-ibu sing pada nakokake pesenane. “Wah, cilaka iki,” panggrundele Murni. Dheweke banjur kongkonan anake, Nastiti sing lagi sengkut sinau ngadhepi try out. Nanging Nastiti bali nglenthung. “Bu Imron mboten wonten, ngendikanipun Pak Imron tindak kawit siyang.” “Lho piye ta, ngendikane sedhela kok. Wah kojur.” Sewelas taun Murni duwe Hp ya lagi sepisan iki nemahi kedadeyan kaya ngene. Biayasane anak-anake yen pulsane entek ya nyilih nanging rak mung dienggo sms utawa tilpun kancane sedhela. Lha iki, wis patang jam luwih. Lagi ngangen-angen lelakone, kesaru ana tamu. Jebule Mbak Mila arep golek blus kanggo ngantor. Mbak Mila crita yen mau mentas sms ngabarake menawa arep mara, nanging ora dibales. Kamangka biyasane yen di sms Murni cepet anggone nanggapi. Murni banjur crita yen Hp-ne disilih Bu Imron wiwit awan durung dibalekake. “Lho njenengan dospundi ta Bu, Hp kok diampil-ampilke? Hp menika rak barang pribadi,” akeh-akeh mbak Mila anggone ngandhani Murni. Dhweke njur menehi cara supaya nilpun Bu Imron nganggo tilpun omah, takon posisine ana ngendi. Murni manut. Nanging jawabane Bu Imron grememeng ora cetha, sajake lagi ing panggonan sing rame. Dibaleni maneh, jawabane panggah ora jelas. Akhire Murni nyerah. Jam pitunan tilpun omahe muni. Murni gedandapan nampani, atine pijer ora jenak. Jebul saka lengganane, Bu Un. “Bu Mur, Hp-mu apa ilang? Kok daktilpun sing nampa wong liya, aku takon pesenanku entuk pa ora? Jawabe aja takon-takon dhisik aku ing Semarang, gek repot. Aku njur cepet nutup tilpun terus tilpun ndalem iki. Piye ta jan-jane?” Murni njur crita apa anane. Genti Bu Un nutuh Murni. “Hp mono privacy Bu, aja njenengan silih-silihke. Ngono kuwi nek sms-mu sing wadi diwaca terus piye? Kana jaluken, wong kok sembrana. Apamaneh Hp- mu rak Nokia qwerty sing regane lumayan.” Watara jam sanga bengi Murni dikancani Nastiti nekad mara menyang omahe Bu Imron sing kira-kira 300 meteran adohe. Pak Imron panggah ora ngerti lungane sisihane. Pak Imron pancen wis sepuh lan nandhang gerah. Kawit bubar tiba kae mung tansah ing kursi rodha. Dening Bu Imron ora tau dijak rundhingan masalah sing abot-abot, kuwatir yen malah mikir sing ora-ora. Pak Imron janji yen mengko Bu Imron teka Hp-ne Murni mesthi enggal dibalekake. Karo rada cuwa Murni lan anake mulih. Nastiti ya melu nyalahake ibune, awit tundhone dheweke melu keganggu sinaune gara-gara ibune duwe masalah. “Ya wis Ndhuk apuranen Ibu.” Mripate Murni kadhung kancilen, apamaneh karo mikir kedadeyan sedina iki sing nguleng atine. Dheweke mung nenuwun muga-muga Bu Imron ora ketaman susah, merga nek nilik kahanane sajake lagi duwe masalah. Wengi saya mamring, portal regol ya wis dikunci dening satpam. Bel omahe muni. Murni njenggirat tangi njur nginjen saka korden-e. Atine ayem sebab ing ngarep lawang katon blegere Bu Imron. Bu Imron dikanthi mlebu. Rupane lencu, lemes sajak durung siram lan uga durung ngaso. Murni sing sedina getem-getem bareng weruh kahanane Bu Imron dadi sirna nesune. Malah age-age nggawekake unjukan teh panas. Bu Imron njur crita bares, yen jan-jane dhuwite iku ora dienggo nglunasi omah nanging anake lagi nemahi musibah, nabrak uwong nyabrang nganti tinggal donya. Kulawargane kurban gelem dhamai, ngotot njaluk tebusan 40 yuta. Lan olehe nyilih Hp mau perlu digawa nyang Semarang amarga Hp-ne lagi rusak. “Nyuwun pangapunten nggih Jeng, sampun damel repot panjenengan,” ujare. Manut Bu Imron, wektu iki Tatak isih ana njeron sele kantor pulisi Semarang, mulane ora bisa njupuk dhuwit. Malah wektu ing Semarang mau ya ora bisa nemoni Tatak merga dheweke terus njujug rumah sakit Sultan Agung saperlu ngeterake dhuwit tebusan. Murni kober takon piye olehe nggawa dhuwit samono akehe lan numpak apa. Jare mau numpak bis umum lan dhuwit dikempit ing kelek, terus jaketan. Kamangka saka kuthane menyang Semarang kuwi adohe watara loro setengah jam ngebis. Murni gumun, wong kuwi yen lagi kepepet lan nekad, kekendelane ngedab-edabi. Umur meh pitungpuluh taun nggawa dhuwit 40 yuta numpak bis ijen karo ati bingung. Tujune slamet. Bareng Bu Imron bali, Hpne dibukak. Jebul sms lan tilpun sing mlebu akeh banget, ing antarane ana saweneh sms sing isine: “Bu Murni, panjenengan wiwit siyang kula hubungi kok angel sanget. Wingenanipun kula rak ngawis pasiten panjenengan ingkang 1220 m punika. Kesesa badhe kula bangun gudhang, awit kontrakan gudhang sampun telas. Gandheng panjenengan sisah dipun hubungi, pramila kula batalaken awit sonten kalawau sampun pikantuk pasiten sanesipun”. Awake Murni lemes kaya dilolosi. Lemah sing wis digadhang-gadhang enggal payu lan sasuwene iki gedhe pangarep-arepe kena kanggo ragad anake ragil mlebu kuliyah kedhokteran gigi, mrucut mung gara-gara Hp-ne meh sedina ‘ngluyur’ nyang Semarang lan mbuh karo mampir nyang endi wae mau. Nanging tundhone kabeh mau dipupus dening Murni. Rejeki, mbok dioyaka nganti ngaya aya yen Gusti Allah durung ngijabahi, ya tangeh lamun bisa kecekel.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on May 20, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |