|
ANGGOKU, rabi mono dudu perkara angel. Aku wong lanang, angger gelem ngono wae mesthi akeh wong wedok sing padha nginthil. Masalahe, aku durung duwe grenjet rabi senadyan umurku wis meh patang puluh taun. “Wis ta gek rabiya. Mengko nek ngerti rasane kowe mesthi getun,” mengkono aloke kancaku ojegan saben-saben moyoki aku. Wis ta, arepa kaya ngapa pambujuke wong akeh ning yen aku durung karep rabi ya ora bisa kelakon. Satemene bapa biyungku wis nyepaki lemah lan omah. Kakang lan mbakyuku uga janji arep nyumbang nek aku dadi manten. Saben uwong sayuta. “Coba kurang apa? Lha mung kon rabi wae kok angel temen ta kowe, Rat,” kandhane mbakyuku cer. “Apa rabi kuwi wajib tumprape wong urip, ta Yu?” kandhaku ganti takon. “Ya wajib kanggone wong lanang kaya kowe kuwi. Sebab samubarange wis cumepak. Wis nyukupi syarat kanggo urip bebrayan.” “Wadhuh, nek ukume wajib tibane dosa neng aku no Yu?” “Ya mesthi wae dosa. Lha wong lanang normal, apa-apa wis duwe kok ra rabi-rabi. Kana, gek gemregah golek pacangan kana!” “Lha nyambut gaweku mung ngojeg ki Yu. Apa ana wong wedok sing gelem?” “Yagene? Apik ta? Halal, ora ngrugekne liyan. Ora ngrugekne negara. Isih penak awakmu ngojeg numpak sepedhah motor. Lha kae delengen Lik Diman, Kang Parmin, Mas Sutar, malah narik becak,” srengene mbakyuku. Cep, klakep! Aku ora njawab sakecap-kecapa. Aku rumangsa kedheseg mbakyuku dhewe. Pancen akeh conto wong golek panguripan sing ora ngalang-alangi bebrayan. Mung aku wae sing isih kamiweden nek dikon omah-omah. Kamangka umurku wis ora enom maneh. Bandha donya sanadyan duweke wong tuwa, uga duwekku amarga aku anak ragil. Istilahe sing mengkone bakal ngenggoni keprabon. Sawise diisin-isin mbakyuku kaya mengkono kuwi, atiku rada owah. Aku njur nduweni grenjet arep rabi. Miturut tuntunane agama, sakehing tumindak sing dilakoni wong bebojowan kuwi ganjarane matikel-tikel. Ana sing ngarani tikel pitung puluh, tikel seket utawa tikel telung puluh. Apamaneh yen wis duwe anak. Goleke pangan bapa-biyung kanggo anak-anake kuwi ganjarane ora kaetung ing ngarsane Gusti Allah. Meh sesasi iki olehku mikir-mikir arep golek bojo. Karo jegang neng jok motor nunggu calon penumpang, aku namatake sawenehing wanita sing mlaku ijen. Tak aruh-aruhi, tak tawani numpak motorku dheweke gelem. Sadawane dalan dheweke tak jak ngobrol karo mlaku. “Daleme pundi Mbak?” pitakonku kanggo ulas-ulas. Rada suwe ora diwangsuli. Sajake ora patiya krungu swaraku amarga knalpot motorku suwarane rada mbrebegi. Tak baleni pitakonku. Rada banter saiki. “Jalan Cempaka, Mas. Mlebu sithik saka dalan iki,” jawabe. “Kok kondure dalu-dalu, Mbak. Nyambut damel wonten pundi?” takonku maneh. “Mboten nyambut damel, Mas. Siyang wau mlampah-mlampah, lha kok wangsule kewengen. Tujune isih ana ojeg,” kandhane. Rada sauntara aku mlaku karo nggoleki dalan omahe penumpangku iki sebab pancen durung tau ngliwati dalan kuwi. “Kok mboten dipun papag kangmase?” “Kangmas sinten? Lha kula dereng gadhah bojo kok mas,” jawabe rada kenes. “Dereng gadhah bojo?” Aku kisinan. Rasane piyee ngono. Pranyata aku salah mbadhe. Sebab nek ndeleng tata laire kaya wis ibu-ibu. Nanging jebule durung duwe bojo. Klejingan tenan aku. “Mase pun gadhah putra pinten?” dheweke ganti takon. “Kula nggih dereng gadhah bojo kok mbak. Dereng gadhah pengasilan sing cekap, dadose nggih ngantos sepriki mboten wantun emah-emah,” wangsulanku blaka suta. “Minggir mas, minggir! Mpun dugi, niki griya kula,” dumadakan dheweke aba. Motorku tak rem lan mandheg. Aku dibayar limang ewu. Durung suwe anggonku mandheg – motor ora tak pateni – saka sajeroning omah kuwi ana katon wanita sing uga sak pantaran. “Sapa ya? Adhine apa mbakayune? Nek biyunge kayadene ora. Lha wong padha clerete,” batinku karo muter kendharaan tumuju menyang pangkalan ojeg maneh. Ya wajib kanggone wong lanang kaya kowe kuwi sebab samubarange wis cumepak Sore iki udan ngrejeh wiwit jam loro mau. Akeh kanca ojegan sing ora narik. Pilih ndhuwel ana ngomah kumpul anak bojone. Mbokmenawa nganggep menawa penumpange sepi. Ning aku duwe pikiran liya. Ya merga udan iki akeh uwong sing kepengin ngojeg merga cepet tekan ngomah. Mula aku tetep menyang. Kanthi paitan jas udan aku banjur budhal menyang pangkalan. Tak sawang saka kadohan ana calon penumpang. Dheweke ora nggawa payung. Mudhun saka angkot terus ngeyub ing emperan toko beras. Wanita mau ngawe aku sajak kepengin diterake. Jas udan isih tak enggo. Wong wadon mau banjur. “Kayane aku wis tau weruh pawongan kuwi. Nanging sapa ya?” pikirku. “Jalan Cempaka, Mas. Pinten?” pitakone. Wanita kuwi dakpandeng. Aku ora gage mangsuli pitakone. Kaya-kaya aku tau nyumurupi praupane. Dheweke takon maneh bab tarip menyang dalan sing disebutake mau. Aku ora mudhun saka motor. “Sedasa Mbak,” wangsulanku. “Halah, dhek kapan kae mung limang ewu ngono lho,” panganyange. Lha rak tenan ta. Dheweke wanita sing manggon saomah karo penumpangku sing mulih kewengen saka mlaku-mlaku seminggu kepungkur. Aku rada rikuh. “Niki rak udan, mbak. Mboten wonten ojeg sanese,” wangsulanku sakecekele. “Nggih, mboten napa-napa. Mboten teles ta ndamel jas udan sampeyan?” takone. Tak bukak jas udanku sisih mburi. Penumpang kuwi banjur nyengklak menyang boncengan. Sanadyan ngono, wong sing ndelok saka njaba ora weruh. “Mboten napa-napa ta Mas nek kula ngekep bangkekan njenengan?” swarane penumpangku iki. “Njenengan mboten ajrih kaliyan kangmase ing ndalem?” “Kangmas sinten? Kula taksih legan Mas. Kula mpun ngerti riwayat njenengan saking kanca kula wingi nika. Njenengan rak nggih dereng emah-emah, ta?” kandhane. Sanalika aku nduweni pepinginan supaya bisa omong-omongan karo dheweke rada suwe. Motorku tak enggokake menyang warung pinggir dalan gedhe kuwi. Ora ana sing jajan ing warung kuwi kejaba aku lan penumpangku. Aku pesen kopi legi. Penumpangku mesen teh anget. “Onten napa, Mas, kok minggir? Kan Jalan Cempaka pun cerak?” kandhane rada kurang percaya. “Ngapunten nggih, Mbak. Kula kok penasaran, sinten sejatine njenengan? Lan napa hubungan njenengan kaliyan Mbak sing wingi nika?” pitakonku miwiti. “Hubungan kula kaliyan Mbak Siti – sing wingi nika – tiyang sanes. Kula kekalih kanca raket wiwit es em pe riyin. Kula kekalih ugi nate bebojowan ping tiga, nanging dereng nate kumpul pun bubar. Mbak Siti nggih nate crita kalih kula nek njenengan niku tukang ojeg ingkang sabar, setiya, lan tanggel jawab,” kojahe. Tak pandengi praupane. Ayu jane. Uga penumpangku wingi. “Ah, njenengan niku saget mawon,” jawabku cepet. Tak sruput kopi pesenanku. Dheweke uga nguyup teh angete ing lepek. Mripate sing bening kuwi sajak nyolong nguwasi aku. Aku dadi pekewuh. “Njenengan purun ngrabi kula lan Mbak Siti?” dheweke “mbedhil” aku dhisik. Aku kaget. “Langsung kalih?” “Lha enggih ta Mas. Kula lan Mbak Siti mboten saget pisah, kejawi dipunpisahaken dening maut,” kandhane. Sanalika awakku gemeter. “Tembakane” penumpangku mau ora dakwangsuli. Kopine uga ora tak entekake. Nalika aku ngrogoh dhuwit arep mbayar wis kedhisikan dheweke. Entek telungatus repis Aku mlaku maneh sanadyan udan durung terang. Aku ora nesu. Mung bingung. Sejatine atiku sreg marang salah siji ing antarane wanita mau. Ning nek kon ngrabi loro-lorone ya mengko dhisik. Aku kober takon jenenge. Dheweke njawab Nuriyah. Tak eling-eling jeneng loro mau: Siti lan Nuriyah. Kekarone penumpangku sing spesial. Aku ora takon maneh ngendi omah sing dituju. Aku wis ngerti nek penumpang ojegku sore iki omahe padha karo penumpangku seminggu kepungkur. Bareng wis tekan papan sing dituju aku mandheg. Klakson tak unekake. Mbak Siti metu lan namatke aku. Penumpangku isih krudhungan jas udan. Durung ngerti nek wis tekan omah. Bareng tak wenehi ngerti, dheweke malah mbengok banter banget, “Mbak Siti… tulung gawakne payung …!” Bareng digawakne payung, dheweke langsung mlayu menyang emperan omahe. Aku dikon mampir sedhela wae. Alesane, mengko dhuwite teles nek dibayar ing tengahe udan deres. Kapeksa aku mampir. Ora tak uculi jas udan sing isih nempel ing awak iki. Uga sepatu jenggelku ora tak copot. “Iki Mbak tukang ojeg sing mbok omongake kae?” kandhane Mbak Nur. Mbak Siti mandengi aku sing isih nganggo helem lan mantel. “Iya, ya iki panjenengane. Kok ngepasi banget ngeterne awakmu uga?” jawabe Mbak Siti. “Iya ki Mbak, ngepasi banget. Kamangka aku ora njarag. Aku mau uga wis ngobrol akeh ing warung kono karo ngenteni udane terang.” “Kowe ngomong apa karo mas ojeg iki?” Mbak Siti penasaran. “Bener kandhamu kabeh, Mbak. Nek Mas iki uga durung bebojowan. Tak tawani, piye nek awake dhewe iki dirabi bareng wae.Nanging mase iki durung menehi jawaban.” “Pripun Mas, kula nggih purun kok. Nanging kedah sedaya,” Mbak Siti melu-melu “mbedhil”. Aku blangkemen. Aku terus pamit. Ongkose ora tak jaluk. *** Aku pancen ora bisa ngapusi atiku dhewe. Aku wis manteb karo wanita loro mau. Sing dadi pengangen-angenku, apa ya bisa rabi sak ndhegan loro? Aku terus kepengin ngerti ngenani wong wedok loro sing nate numpak ojegku kae. Tak tlesih tangga teparone esuk, awan, sore lan bengi. Saiki aku wis ngerti jati dhirine kabeh. Ana sing menehi katrangan sisi positipe ning uga ora sethithik sing menehi katrangan negatip ngenani Mbak Siti lan Mbak Nuriyah. Positip awit sakarone wis dadi pegawe negri sipil wiwit sepuluh taun kepungkur. Dene negatipe, Mbak Siti dalah Mbak Nur kuwi pranyata lesbian. Yakuwi wong wedok sing nyenengi wong wedok uga. Mula kuwi, saklorone gawe omah siji dinggoni wong loro mataun-taun. Merga kuwi uga, sanadyan dheweke wis tau rabi kaping telu-telu nanging tansah bubar. Siji lan sijine rumangsa ora tentrem omah-omah karo bojone wong lanang. Dina kuwi mujudake sejarah kanggoku : rabi sak ndegan karo randha loro. Sah manut tuntunan agama lan cathetan negara. Setaun candhake njur babaran bareng. Sing siji lanang lan sijine wedok. Kaya ngapa bungahe atiku menawa kuwi mau kabeh dadi kasunyatan.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on April 14, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |