|
IS dadi pakulinan. Saben kondur saka kantor bapak mesthi ora nate langsung mlebu ndalem lan enggal-enggal nyopot sepatu, ganti ageman, resik-resik banjur dhahar masakane ibu sing ditanggung mak nyus mesthi eca sarwa mirasa. Sawise om Rin, sopire bapak sing manut lan setia iku markir kendharaan neng garasi, luwih dhisik bapak mesthi klipang-klipeng neng taman ngajengan lan ngiringan omah niti priksa kabeh taneman hias (pethetan) sing ditandur neng lemah apadene sing ditanem neng pot.
Bentuk, ukuran, lan warnane manekawarna. Semono uga yen arep budhal tindak kantor, ora lali bapak mesthi merlokne mriksani kabeh pethetane, kaya lagi “nginventarisir” aset-aset kesayangane sing istimewa kuwi. Mulane bebasan ana pang cilik siji wae sing cuklek utawa ana selembar godhong sing rontog ora sabaene, bapak mesthi pirsa! Ora wurung, ibu sing nerangake geneya kok pang mau cuklek utawa godhonge rontog. “Kowe dhewe krungu, Rum. Saben tilik Bogor, Mbah Putri tansah crita, wiwit isih bocah biyen bapakmu iku pancen wis seneng pethetan. Nalika isih cilik, saben nglabeng dolan adoh sing digawa mulih dudu panganan, nanging malah ngusungi kembanga, terus ditandur neng ngarepan. Nganti saiki hobine bapakmu tetep ngono kuwi,” komentare ibu ing sawijining wektu. “Mbah Putri ki biyen ya gumun lho Rum, ingatase bapakmu iku cah lanang kok seneng kembang.” “Mangka biyasane cowok iku rak seneng ngingu manuk ya, Bu?!…..” “Hus! Nggambleh apa kowe kuwi!….” Ibu gumujeng amba. Nate aku sengaja nyuwun pirsa bapak, geneya saben kondur saka tindakan kok ora enggal-enggal istirahat ngilangi kesel banjur dhahar sing nikmat diladeni ibu neng meja makan, nanging malah klipang-klipeng neng ngajengan mirsani kembang? “Carane bapak ngilangi rasa kesel ya ngene iki, Rum. Nyawang pethetan katon seger-seger ijo royo-royo. Yen ana kembang pating prenuk padha mekar apik-apik endah banget ngono kuwi, hm, neng ati krasa adhem, ayem, lan tentrem,” ngono pendhak-pendhak alesane bapak karo tetep mirsani pethetane. Ana bangsane wit palem sing pirang-pirang werna, puring lan pinang sing uga rena-rena, tales-talesan, modhel-modhel aglonema nganti suket gajah mini lan krokot-krokotan! “Kok mboten enggal dhahar rumiyin, Pak? Menapa mboten luwe?” “Ya luwe, Ndhuk. Ning perkara mangan iku rak masalah gampang, ta? Suwargi Mbah Kakung biyen kerep ular-ulari, yen teka saka paran sirikan nyandhak panganan. Ora apik. Soale isih dieloki bangsane ijajil sing seneng nggawa perbawa ala. Nek langsung mangan, bangsa lelembut kuwi kajaba melu ngrusuhi mangan uga bisa ngundang lelara. Ngono wasiate suwargi Mbahmu Kakung biyen, Rum…..” “Ular-ularipun Mbah Kakung menika tamtu wonten suraosipun nggih, Pak?” punggelku isih durung patia mudheng mligine bab bangsa ijajil sing hobi nggawa perbawa ala kuwi mau. “Hehehe… Kowe kuwi wis prawan gedhe kelas telu SMA kok isih seneng crigis. Wong biyen iku nek nuturi anak putune ora kasar sarwa tembak langsung kaya wong saiki, Rum. Nanging nganggo basa alus sing kebak sanepan. Wong sing lagi teka saka lelungan biasane isih nggawa masalah saka kantor, saka nggon kerja, utawa saka ndalan sing saiki kerep macet lan kebak polusi. Biyasane neng awak iya isih ditempleki kuman-kuman. Mula yen lansung nyandhak panganan bisa dinunuti bangsane mikroba mau melu mlebu weteng. Pikiran kemrungsung, stress, ditambah jasad renik sipat jahat iku bisa njalari maneka warna penyakit!……” Aku manthuk-manthuk ngerti. Paham. Ibu jane iya wis kerep ndremimil njlentreh-njlentrehne perkara iku. Nanging bareng bapak sing ngendikan rasane kok dadi beda: krasa luwih nges lan pas disurasa! Nganti sauntara suwe sore iku aku diwejang bapak akeh-akeh ngenani ngelmu agal-alus tinggalane suwargi Mbah Kakung sing sarwa prasaja ning kebak kearifan lokal lan budi-pekerti. Ora kaya wong saiki, kelakon dadi gubernur, menteri, ngrangkep ketua umum partai sing gelare dawa sedhepa ning: mbelgedhes, sontoloyo! Njelehi! Lor kalen wit penjalin, doyan KKN ora duwe isin!! Bisane mung pinter pamer visi-misi lan ngobral janji tanpa bukti. Huh! “Nggatekne pethetan ngene iki, Rum, kajaba bisa nuwuhake rasa tentrem ing ati, awake dhewe uga bisa sinau werna-werna…” ngendikane bapak ing liya wektu sajak ana perkara penting sing kudu takngerteni. Hm, arep medhar ngelmu apa maneh iki, batinku. “Lho, kok…..???!” “Aja kak-kok wae. Coba gatekne kembang eforbia putih iku, Rum. Nah iki,…..” bapak nyedhaki pot kembang sing akeh erine ning kembange ora kenal musim iku. “Pucuk-pucuke wit kembang iki saben thukul godhonge sing isih incup lincip kaya dom iki, godhong ngisore sing luwih dhisik mekar. Nah… sing iki, mesthi ngayomi. Saben awan yen panase srengenge wis sumelet, godhong-godhong sing luwih dhisik mekar iki mesthi padha ndhingkluk mayungi sing cilik isih incup. Mengko yen hawane wis rada adhem watara jam papat lima sore, alon-alon godhong sing maune padha ndhingkluk iki bali ndhangak ngadeg maneh. Hebat ora? Iku menehi tuladha, Rum: sing gedhe dilairne dhisik kudu bisa ngayomi momong sing cilik…..” Mak dheg! Krasa kena slenthik tenan aku! Wih, alon ning jero! Iku jelas basa alus kebak sanepan sing wose supaya aku kudu bisa ngemong Erro, adhikku lanang sing usil kuwi! Dhek wingi aku pancen kober rame karo Erro gara-gara tangane nggladhig ngacak-acak isining laptopku kanthi program sing pating clekunik nyebeli. Saking gregetenku, meh wae Erro taksadhuk gundhule! Tujune ibu cepet-cepet nyapih sing lagi padha bengkerengan. Nanging sajake ibu banjur wadul marang bapak. Mulane aku terus dijewer nganggo basa alus kebak sanepan, metodologi pendidikan versi suwargi Mbah Kakungku kuwi!….. Kanggo nginggati rasa goreh sing ujug-ujug ngaru-biru ati, aku sengaja nyawang kolam minimalis neng pojok taman. Ing pinggir kolam iku diwenehi lampu hias lan air mancur sing muncrat saka sela-selaning koral granit banjur banyune ndledek mengisor liwat lengkeh-lengkehing kontur alam mini watu-watu andesit sing ditata apik sarwa nyeni. Ing kolam iku diingoni iwak koi, bulus sajodho lan welut loreng-loreng kaya ula sing duwe kuping jenenge sugili alias “moa” oleh-olehe bapak saka Pulau Doi, Maluku Utara, sawetara wektu kepungkur. Tak akoni, taman sing rancang bangune diarsiteki bapak pribadi iku pancen oke banget. Nyambung karo konstruksi lisplang lan pilar-pilar teras omah sarta komposisi warnane. “Drajade menungsa iku kajaba bisa diukur saka ilmu lan bekakase uga bisa disawang saka ekspresi taman omahe, Rum…” grenenge bapak mbuyarake lamunanku. “Wong sing uripe isih prasaja banget, apa maneh sing isih primitif, mesthi ora nate mikir pethetan. Latar omahe bayan, kamituwa, lurah, pethetane mesthi beda-beda. Kantor kecamatan beda maneh, pethetane wis ditata rapi neng pot-pot sing luwih apik edi peni. Apa maneh taman ing kiwa-tengene pendhapa kabupaten, gubernuran, istana presiden, keraton, kajaba pot-pote wis diukir-ukir sarwa endah, kembangane uga dipilih sing istimewa nggambarake kahanan alam batine sing lagi kuwasa neng kono…” ngendikane bapak maneh satus persen bener! Aku jane wiwit biyen ya wis ngerti, ning kok ora nate mikir adoh tekan semono, ya? Kaya adate, sore iku kondur saka kantor durung ganti ageman luwih dhisik bapak wis klipang-klipeng neng taman ngajengan nglaras mirsani pethetane. Biyasane didhampingi ibu karo ngglenik wae embuh crita apa. Mumpung ibu nembe arisan, aku sengaja nyrindhit bapak. Tak sawang kembang sakura abang katon pating prentul katiup angin sore….. “Rum, nyawang pethetan ngene iki bakal katon luwih endah nek dilambari ati seneng kebak rasa tresna. Kosok-baline, wong nek ora seneng nyawang apa wae mesthi katon elek sarwa nyebeli. Lha, thukule rasa tresna iku merga kulina nggatekne. Iya, apa ora?…..” “Nggih, Pak. Leres…….” “Mesthi leres. Terus, iki sing paling penting: uwong iku nek wis seneng, tresna, mesthi gemati tansah kepengin ngrumat lan nguri-uri. Iya, apa ora?….” “Eng…eng, enggih, Pak…..” wangsulanku rada gelagepan merga rumangsa kethuthuk maneh. Laras ngendikane bapak iku jelas klebu senggakan gendhing “basa alus kebak sanepan” sing ngemu surasa supaya aku gelem melu kemrembyah mbantu karepotane ibu. Ora mung internetan terus rina-wengi. Sebab, sasuwene iki aku pancen cuwek bebek ora perduli karo pethetan, apa maneh gelem melu ngopeni. Saben sore sing sregep nyirami taman mesthi ibu lan Erro, adhikku lanang sing kelas telu SMP jago nge-band ning mbedhagal sok rajin iku. Kala-kala malah bapak piyambak sing nyalirani nyirami. Bibi ora diparengake melu cawe-cawe ngopeni pethetan. Sebab, ambak-ambak mung nyirami kembang, kudu nganggo irama lan “prosedur tetap” alias protap sing bener. Ora kaya bibi dhek anu kae, wis bola-bali dikandhani, saben nyirami kembang waton srat-srot nyemprotne kran tanpa irama, pethetane malah dadi morat-marit alum kabeh! Kojur. Ibu sing kepeksa mbingungi golek alesan…. “Kok ndomblong wae. Mikir Ezza cah Blok A kuwi, ya?!…..” godhane bapak jahat! “Ih, Bapak! No way, no Blok A!…..” Aku langsung klepat ora kuwat! Wah, gawat! Bapak kok pirsa link rahasia iku, ya? Mesthi konspirasi ibu lan Erro sing adu-adu! He, awas,…. ya! Pendhak sorene, sakdurunge ibu lan Erro nggarap proyek nyirami taman, aku sengaja ndhisiki cancut taliwanda. Kran neng pucuk selang tak setel iwir-iwir mirip banyu udan, wiwit nyiram taman. Bibi sajak gumun melu repot kenthi-wiri pengin ngrewangi. Ning tak penging. Aku sanggup nandangi dhewe kok. Durung rampung olehku siram-siram dumadakan krasa mak serrr ana “penampakan” nyucrup embun-embunanku saka mburi. Aku njenggirat kaget noleh mburi pengin nyemprot anasir jail iku. Nanging o-o, jebul bapak lagi nyayang aku, anake wedok sing ndableg and so aleman iki…. “Wah, kejutan tenan. Iku mesthi pengaruh cah Blok A” godhane bapak marahi aku jenthat-jenthit klincutan. Kamikisinen. Apa maneh ujug-ujug ibu, Erro, lan Ezza uga wis pating jredhul saka mburi karo tepuk tangan. Embuh apane sing dikeploki! Sing cetha, sore iku beda karo adate: krasa luwih endah nyenengake. Ora mung merga pengaruh Ezza, ning luwih karana spirit Mbah Kakungisme, basa alus kebak sanepan sing wiwit ngrengga taman olah rasa ing atiku dadi papan dununge ndhedher mekare panggraita kang gampang tanggap ing saliring sasmita.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on March 30, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |