78 Ipat Ipat Setu Paing (2)
|
ALIKA Rara Sukartiyah teturon marga kesel nggagas nasibing urip, utusan saka Pajang kang dipandhegani dening Tumenggung Surapati mlebu ing pendhapa kadipaten Wirasaba. Adipati Wirasaba kang wektu semono lagi lenggahan ing pendhapa sinambi ngrungokake ocehing manuk kang abur-aburan ing pang mbagekake kanthi gupuh.
“Mangga-mangga teras kemawon mlebet ing pendhapa. Lho iki kaya adhimas Tumenggung Surapati,” aloke kanjeng Adipati karo ngrangkul tamune kang pancen wis diwanuhi nalika isih dadi prajurit ing Demak Bintara. “Iya kakang adipati, aku sing pancen dipercaya minangka dutaning ratu dening njeng sultan supaya mlaku-mlaku menyang Kadipaten Wirasaba kene”, Tumenggung Surapati genti nyalami Adipati Wirasaba. Sawise tuntas kringete utusan saka Pajang lan wis disugata ngunjuk karo dhahar, Kanjeng Adipati Wirasaba Wargahutama pengin ngerti apa maksude para utusan saka Pajang rawuh ing Kadipaten Wirasaba. “Adi Surapati,wis suwe aku ora ketemu sliramu. Paling ora saploke kaprajan pindhah saka Demak Bintara menyang Pajang. Amarga nalika iku, aku ketemu karo sliramu nalika sowan Sultan Trenggana ing Demak Bintara. Lha saiki apa darurane sliramu kang nggawa prajurit pengawal mlaku-mlaku menyang tlatah Wirasaba”, takone Adipati Wargahutama. “Aja kurang ing pamengku kakang adipati, sepisan aku diutus kanjeng Sultan Hadiwijaya kon nliti wilayah Pajang sisih kulon. Kaping pindho, aku dadi dutaning nata supaya sacepete kakang adipati sowan menyang Pajang, yen bisa bebarengan karo rombonganku. Kaping telu, kanjeng sultan uga prentah, menawa kakang adipati sowan Pajang supaya nggawa bocah wedok saka Wirasaba kang isih suci, supaya gelem dilatih tari bedhaya srimpi ing kasultanan Pajang,” Tumenggung Surapati njlentrehake apa keperluane teka menyang Kadipaten Wirasaba. “Entenana sedhela ya dhi, aku tak rembugan dhisit karo anak-anak lan bojoku, apa bisa aku mangkat awan iki uga”, ujare Adipati Wirasaba. Awan iku uga, adipati Wirasaba rerembugan karo nyai adipati, Rara Sukartiyah dalasan para putra lan mantu.Parakulawarga kadipaten Wirasaba sarujuk yen Adipati Wirasaba arep tindak menyang Kasultanan Pajang. Uga setuju yen Rara Sukartiyah melu menyang Pajang disuwitakake menyang Sultan Pajang minangka penari bedhaya. Nanging nurut rembuge kulawarga ora dina iki, sebab Setu Paing pas dina pasaran Wirasaba.Para kaum tani, pedagang lan warga kadipaten yen sore isih akeh sing sowan ngepasi dina pasaran. Menawa para warga Wirasaba arep sowan njur sapa sing bakal nemoni yen adipatine tindak. “Kados kirang prayogi, menawi kakang adipati badhe tindak samenika. Menapa malih samenika dinten pasaran Setu Paing, biasanipun kathah warga ingkang seba dhateng kadipaten”, ujare nyai Adipati. Saliyane kuwi, nyai adipati uga kurang sarujuk yen kanjeng Adipati arep tindak menyang Pajang nitih jaran ules bang dhawuk, merga turangga kuwi kahanane saiki lagi kurang becik, salah siji sikile pincang.
Heee mbakyu, Rara Sukartiyah iku tesih resmi dadi bojone Mangun senajan tesih suci ning durung dadi randha, ateges yen ana gawe parigawe kudu nganggo idine Mangun Nanging Rara Sukartiyah kang pancen wis ora betah neng omah malah meksa nyuwun mangkat dina iki uga, senajan ana alangan apa bae bakal didhadhagi. Apamaneh mangkate menyang Kasultanan Pajang dikanthi dening prajurit Pajang kang dimanggalani dening Tumenggung Surapati kang wis diwanuhi becik dening Adipati Wirasaba. “Dinten menika kirang prayogi kakang Adipati”, ature nyai adipati ngambali. “Ora nyai, gandheng iki dhawuhe Sultan, aku arep ngestokake. Apa maneh aku dipapag dening Tumenggung Surapati sing pancen tak akoni kekendelane”, adipati Wirasaba tetep ngotot arep mangkat. “Menawi makaten mangga panjenengan kakang. Ning sinten ingkang dipun pinercaya nggantosi panjenengan ing kadipaten Wirasaba mriki ?” nyai Adipati isih takon. “Anakmu Jaka Kahiman wis bisa dipercaya theg kliwere Wirasaba, mula aku wis kongkon karo Kahiman. Dene adhi-adhine kon mbiyantu.” Wis ora bisa dicandhet maneh, dina iku uga pas dina Setu Paing, Adipati Wirasaba mangkat sowan Sultan Pajang ngejak putra wuragile Rara Sukartiyah, didherekake dening Prajurit Pajang kang dipandhegani dening Tumenggung Surapati, sarta prajurit saka Kadipaten Wirasaba. *** Bubar pasaran Setu Paing, pancen akeh warga kang marak sowan menyang kadipaten Wirasaba. Kabeh warga tinampa kanthi becik dening Raden Jaka Kahiman, putra mantune Adipati Wirasaba kang dibantu dening adhi-adhi ipene. Nanging ngarepake srengenge mudhun saka pucuking janur, rayi dalem Adipati Wirasaba ya Demang Toyareka rawuh ing ndalem Kadipaten dikanthi putrane Mangun. “Njanur gunung paman, rawuh panjenengan ing ndalem kadipaten. Menapa wonten wigatos ingkang saged kula biyantu paman”, ujare Raden Jaka Kahiman. “Ora ngger, aku mung kepengin ketemu kakang adipati, menyang ngendi kok sepi? Uga aku kepengin ketemu karo putriku Rara Sukartiyah, apa ana ing kamare?” takone Demang Toyareka. “Kanjeng rama tindak Pajang nembe kemawon, menapa prayogi kaliyan kanjeng ibu, mangke dalem susul dhateng wingking”, ujare Jaka Kahiman. “Mengkono iya prayoga”, Demang Toyareka mangsuli. Ora kudu diprentah kaping pindho, Jaka Kahiman banjur mlebu ing gandhok mburi, nemoni kanjeng ibu mara sepuh iya nyai Wargahutama. Weruh tekane adhi ipe ya Demang Toyareka, atine nyai adipati rada nratab. Merga nyai Adipati wis paham watak wantune adipati kang galak lan kasar. Nanging bareng emut yen ing kono ana Jaka Kahiman, mantune kang duwe prebawa alus lan tegas, atine rada ayem. “Adi Toyareka,wis suwe tekamu dhi? Apa ana sing perlu dirembug rawuh ing ndalem kadipaten?” takone nyai Adipati Wirasaba. “Nembe wae mbakyu, malah iki mau karo Mangun. Waleh apa mbakyu, aku teka mrene bareng karo Mangun merga aku ditangisi karo anakmu Mangun. Wis sawetara dina iki Rara Sukartiyah ora balik menyang Wirasaba, jare emoh dadi bojone Mangun. Lha saiki kakang adipati karo Rara Sukartiyah ana ngendi mbakyu?” takone Demang Toyareka. “Adhiku dhi, kangmasmu lan putrimu Sukartiyah, nembe sawetara wektu iki nitih turangga kyai dhawuk bang tindak menyang Pajang. Sepisan, ditimbali kanjeng Sultan Hadiwijaya supaya ngadhep. Kaping pindho, kangmasmu adipati dikon ngaturake putrimu Rara Sukartiyah menyang Pajang, jare arep diajar tari bondan. Malah iki mau bareng karo utusan Sultan Pajang Tumenggung Surapati”, nyai Adipati terus terang marang Demang Toyareka. Krungu ature nyai Adipati, Demang Toyareka raine mrabak abang. Dhasar wonge pancen cugetan, ilang subasitane marang mbakyune, kanepsone diutahake ing kono uga tanpa rasa saru siku. “Heee mbakyu, Rara Sukartiyah iku tesih resmi dadi bojone Mangun. Senajan tesih suci, ning durung dadi randha. Iku ateges yen ana gawe parigawe, kudu nganggo idine Mangun. Dadi adipati ora ngerti aturan, sak kepenake dhewe, ora idhep isin, anake diedol. Yoh titenana, arep tak susul Bagus Suwarga menyang Pajang, arep tak wirang-wirangake Wargahutama,” kandhane Demang Toyareka kanthi nesu kang keladuk. Saka tutuke kawetu omongane kang kasar kang ora samesthine dietokake dening Demang Toyareka, apamaneh sing diuman-uman iku kangmase dhewe tunggal rama bi-yung. Karo nggandheng anake ya si Mangun, Demang Toyareka metu saka ndalem kadipaten. Mbokmenawa yen nyai adipati Wirasaba ora dikancani dening Raden Jaka Kahiman, Demang Toyareka bisa ngamuk ing kadipaten. Nanging Demang Toyareka rada ering menyang Jaka Kahiman. Jaka Suwarga ngerti lan paham, sapa Jaka Kahiman, putrane angkat Ki Ageng Kejawar turunan saka Brawijaya lan Siliwangi kang lantip lan digdaya sekti mandraguna. Jaka Kahiman dudu tandhinge Demang Toyareka kang gedhe ing omong nanging cethek ing ulah jaya kawijayan. Kanthi nggawa ati kang kobong kebrongot dening kanepson, Jaka Suwarga utawa Demang Toyareka dikantheni dening putrane Si Mangun, nyusul kangmase Adipati Wirasaba menyang Kasultanan Pajang mlaku dharat. Ora nganggo mampir omahe ing Kademangan Toyareka. Krenteging ati, Demang Toyareka lan Mangun arep mirang-mirangake kangmase ing ngarsane Sultan Pajang. *** Rombongan Adipati Wirasaba kang didherekake dening para prajurit Kasultanan Pajang mlaku dharat ngurut ilining kali Serayu. Putri Kadipaten Rara Sukartiyah, ditumpakake jaran dhawuk bang kang sikile rada pincang. Senajan mlaku, nanging gandheng lakuning prajurit, mula rampak lan banter. Dalan saka Wirasaba menyang Pajang pancen adoh lan rumpil. Saliyane ngliwati kali kang tanpa kreteg, uga ngliwati gunung lan jurang. Nanging gandheng rombongan mau nggawa lambanging negara, mula kademangan utawa kadipaten kang diliwati tansah paring kawigaten kang mirunggan. Kejaba entuk pasugatan unjukan apa dhedhaharan kang murwat, kademangan kang diinepi uga paring hiburan marang rombongan. Upamane kudu nginep ing satengahing alas, para prajurit kangwisdilatih ing samubaranging gawe, tansah siyaga ora nguciwani. Mula senajan laku dharat kang adoh, rombongan prajurit Pajang kang dipandhegani dening senapatining negara Tumenggung Surapati, bisa gancar tekan ing kutharaja Pajang. Sepuluh dina mlaku saka Wirasaba menyang Pajang, dina kang kasewelas, rombongan Adipati Wargahutama tekan ing kutharaja Pajang. Tekane rombongan disugata kanthi mirunggan dening Sultan Hadiwijaya. Merga adipati Wargahutama dadi adipati paling adoh kang kapisan rawuh ing Pajang saploke Jaka Tingkir winisudha dadi Sultan Pajang.Paranayakaning ratu padha guyub lan rukun mapag tekane sang adipati ing tengahing alun-alun kutharaja. Sawise ngaso sauntara, ngunjuk lan dhahar, bengine Kanjeng Sultan Hadiwijaya nganakake pasugatan mligi kagem nyugata rawuhe Adipati Wirasaba. Saliyane kuwi ana ing pasugatan mau, kanjeng Adipati Wirasaba ngaturake rasa tundhuk lan tuhu menyang kasultanan sing tembe lair iku. Ora lali masrahake putrine ragil kang banget diasihi menyang kanjeng Sultan Hadiwijaya.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on August 16, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |