79 Ipat Ipat Setu Paing (3)
|
AKANG Adipati Wirasaba, sepisan ingsun matur nuwun dene kakang kersa nggamblok engga tansaya muwuhi sentosane Kasultanan Pajang. Kaping pindho, matur nuwun dene kakang adipati kersa nyowanake Rara Sukartiyah, putra putrine kakang adipati amrih ajar beksa ing kasultanan kene. Saka keparengingsun, Rara Sukartiyah arep tak pundhut minangka garwa selir.
Nanging sadurunge sun pundhut mlebu, putranira bakal digulawenthah ing bab subasitaning bebrayan ana kraton supaya tindak tanduke ora nguciwani. Rehning dadi warganing kasultanan, putrinira arep disinaoni beksa kang luwih apik. Kepriye Rara Sukartiyah, apa sliramu gelem?” Rara Sukartiyah kang dhasare wis ora krasan manggon ana Wirasaba marga dijodhokake karo Jaka Mangun, mung manthuk karo nglirik kanjeng ramane. “Kawula matur gunging panuwun dhateng Kanjeng Sultan Hadiwijaya dene kersa nampi anak kula. Saha matur nuwun dene Kanjeng Sultan kersa maringi pasinaon dhateng anak kula,” ature Adipati Wargahutama. Bengine, sakdurunge Adipati Wargahutama pamit kondur menyang Wirasaba, diadani pagelaran lan gladhen joged.Para putri kraton dalah Rara Sukartiyah diwenehi kalodhangan kanggo melu beksa. Rara Sukartiyah kang nate diwulang wuruk njoged dening rama-ibune banjur mbeksa gaya Banyumasan. Yaiku joged renggong lan lengger Banyumasan. Sultan Hadiwijaya kapranan bareng pirsa yen Rara Sukartiyah bisa njoged kanthi alus tur trapsila. “Ora nguciwani saupama Rara Sukartiyah tak pundhut dadi garwa, senajan mung garwa selir,” batine Sinuwun Hadiwijaya. Esuke, Adipati Wargahutama sida pamit kundur. Sultan Pajang kang wis kepilut dening lelewa lan kasulistyane Rara Sukartiyah nguntabake baline Adipati Wirasaba nganti gapuraning alun-alun. Dene Rara Sukartiyah sing ditinggal ing Pajang digandheng astane dening Hadiwijaya kakanthi mlebu kedhaton. *** Ing alun-alun Pajang, manuk-manuk cilik oyak-oyakan ing wit ringin kurung sakembaran. Para warga kutharaja merlokake ngenggar-enggar ati menyang lapangan bawera ing ngarepe kasultanan merga ya ing lapangan kang jembar iku saben ndina bisa weruh sesawangan kang endah lan nengsemake ati. Klebu nonton gladhen bedhaya ana pendhapaning kasultanan. Yen bengi warga uga seneng jejagongan, mlaku-mlaku lan dedolanan ing lapangan. Marga saben bengi alun-alun mau dipasangi oncor lenga jarak ing saben poncod lan pinggire lapangan. Mula senajan bengi alun-alun Pajang katon padhang kaya rina. Wanci awan panase sumelet. Ana pawongan loro menganggo busana sarwa putih kang pepe ana sangisore wit ringin kurung ngarep kasultanan. Iku pratandha menawa ana warga kang kepengin njaluk keadilan marang Sultan Pajang. Marga ya mung sultan kang bisa mutus lan maringi keadilan marang wargane. Weruh ana pawongan pepe, gandhek kang njaga alun-alun banjur sowan lan matur marang sultan yen ana wargane kang lagi nyuwun keadilan. “Timbalana kawula mau kon ngadhep ing ngarsaku saiki uga”, prentahe Sultan Hadiwijaya. “He kisanak, ana apa kok kowe pepe ana ngisoring ringin kurung alun-alun kasultanan”, takone Sultan Hadiwijaya bareng pawongan mau wis disowanake dening gandhek. “Apa aku kurang adil marang kawulaku? Njur perangan endi sing kok anggep ora adil? Coba matura sing terwaca ora usah wedi.” “Kanjeng Sultan ingkang tuhu wicaksana, nyuwun gunging samodra pangaksama menawi kula kapenggalih lancang. Kawula menika demang ing Toyareka wewengkon Wirasaba. Dene menika yoga kula pun Jaka Mangun, mantunipun Adipati Wargahutama.” “Lha njur karepmu kepriye, keadilan apa sing kok jaluk?” “Sepindhah malih kawula nyuwun gunging aksama menawi kula lepat Kanjeng Sultan. Kawula badhe matur saleresipun bilih Rara Sukartiyah menika yektosipun mantu kula, bojonipun yoga kula pun Mangun ingkang sakmenika wonten sisih kula menika”, kandhane Demang Toyareka. “Demang Toyareka, apa kowe ora goroh? Rara Sukartiyah putrane Adipati Wargahutama kuwi isih suci, isih prawan. Lha kok kowe ngaku-aku dadi maratuwane iki piye Demange?” Kanjeng Sultan Hadiwijaya kebranang, awit rumangsa kacenthok pangrasane. Nanging gandheng Demang Toyareka wis golong gilig arep gawe isin kadang tuwane mula senajan Kanjeng Sultan Hadiwijaya muntap kanepsone, dheweke malah sangsaya tambah olehe nguman-uman Adipati Wirasaba ana sangarepe ratu gustine. Kebeneran sultan Pajang dadi nesu. “Kanjeng Sultan sampun dipun cidrani dening Adipati Wargahutama, sebab Rara Sukartiyah sampun dados semahipun yoga kula. Kawula nyuwun pengadilan Kanjeng Sultan.” Midhanget ature demang Toyareka kang runtut, Sultan Pajang kang pancen nduweni watak cengkiling gampang nesu, ora nganggo dipikir dawa banjur prentah gandhek kinen nututi Adipati Wargahutama kang wis metu saka kutharaja. “Heh gandhek, tututana Adipati Wirasaba lan patenana pisan!” ujare Sultan Hadiwijaya sereng. Banjur, “Demang Toyareka, kowe saiki bisa bali menyang kademanganmu merga aku wis nibakake pidana pati marang kakangmu ya Adipati Wirasaba”, sabdane Sultan Hadiwijaya sadurunge jengkar saka palungguhane. Sapungkure kanjeng sultan, Demang Toyareka malah dadi bingung merga ngelingi dhawuh kang wis ditibakake dening Kanjeng Sultan, yaiku pidana mati marang Adipati Wirasaba. Kamangka tujuwan sing utama yaiku bisaa ngajak mulih Rara Sukartiyah lan mirang-mirangake Adipati Wirasaba. Nanging jebule mleset, bojone Jaka Mangun ora gelem bali, malah Adipati Wirasaba dipidana pati. Atine Demang Toyareka dadi semplah, mantune ilang, kangmase dipidana pati. ***
Sawise nibakake pidana pati marang Adipati Wirasaba, atine Sultan Pajang dadi getun. Kanjeng Sultan menggalih, Adipati Wargahutama kang kabiji sumuyud marang Pajang saiki malah wani ngapusi ratu gustine. “Kenangapa Kakang Wirasaba nganti wani ngapusi aku? Apa iya?,” ngono pangudarasane Kanjeng Sultan Hadiwijaya. Ora sranta, kanjeng sultan banjur mlebu ing patunggone Rara Sukartiyah sing bakal dadi bojone. Weruh salirane Rara Sukartiyah kang pancen sulistya ing warna, dukane Sultan Pajang dadi lilih. Kanthi sareh Hadiwijaya ndangu Rara Sukartiyah ngenani Demang Toyareka lan Mangun. Kanthi gamblang Rara Sukartiyah nerangake sajujure marang Sultan Hadiwijaya. “Rara Sukartiyah, apa bener sliramu wis dijodhokake karo putrane Demang Toyareka kang aran Mangun”, takone Sultan Hadiwijaya. “Nun inggih leres sinuwun. Nanging jejodhowan kula taksih winastan kawin gantung. Sabab kawula dipun jodhokaken kalihan Jaka Mangun nalika kula kekalih taksih sami-sami alit. Sareng diwasa kula lajeng mopo awit Jaka Mangun menika teksih tunggal dharah kaliyan kawula. Paman demang Toyareka menika adi tunggal bapa-biyung kaliyan kanjeng rama adipati. Pramila kula saestu mboten gadhah krenteg kalihan Mangun. Lan ngantos sepriki kula dereng dipun jamah sinuwun”, ature Rara Sukartiyah. “Apa bener sing kok aturake kuwi wong ayu ?” “Kasinggihan Kanjeng. Menawi kula kaanggep sampun mboten suci malih, dinten menika ugi kawula pasrah dhateng ngarsa dalem. Mangga sinuwun kula aturi mbuktekaken. Menanwi nyata-nyata taksih suci, kawula nyuwun kanjeng sinuwun paring aksama dhateng kanjeng rama Wargahutama,” ature Sukartiyah karo nyembah. “Yen ngono ayo nini, bareng-bareng awake dhewe mbuktekake kasucianmu. Mara age bareng manunggal nyawiji klawan ingsun bengi iki uga.” Wengi kang endah, rembulan moblong-moblong padhang ing langit biru tanpa aling-aling. Cecak ing tembok padha oyak-oyakan seneng merga weruh ana klebate lemut lan laron. Nanging bareng ketemu cecak lanang lan wadon, banjur padha akaronsih. Padha karo kang lagi ditindakake Sultan Hadiwijaya karo Rara Sukartiyah. Hadiwijaya kepengin mbuktekake menawa Sukartiyah pancen durung nate kagepok senggol karo dening priya. Sultan Hadiwijaya pancen kawentar thukmis utawa bathuk klimis. Nanging bareng ngerti kasulistyane lan solahe Rara Sukartiyah jroning ulah asmara sarta mangerteni menawa wanita kuwi isih suci, Kanjeng Sultan keduwung wis nibakake pidana pati marang Adipati Wargahutama. Sakwise rampung saresmi karo Rara Sukartiyah, Sultan Hadiwijaya gegancangan metu saka kamar lan ngundang gandhek kang bisa dipercaya lan bisa nunggang jaran kanthi trampil lan cepet. “He gandhek, susulen gandhek kang tak utus merjaya Adipati Wargahutama. Aku njabel keputusanku midana pati. Enggal budhala, aja nganti gandhek kang mangkat dhisik mau bisa nututi lakune Adipati Wirasaba”, kandane Sultan Hadiwijaya. “Sendika dhawuh kanjeng Sultan,” ucape gandhek karo age-age nunggang jaran nyusul gandhek kawitan. *** Lebar sowan Sultan Hadiwijaya, Adipati Wirasaba metu saka kutha raja Pajang. Niyate kondur Wirasaba karo ngenggar-enggar ati. Mulane kondure menyang Wirasaba ora metu dalan kang diliwati nalika tindak Pajang nanging lewat dalan liya. Sadalan-dalan kang diliwati adipati Wirasaba mampir ing kademangan-kademangan bawahane saperlu silaturahmi. Ora lali adipati Wirasaba mampir omahe Demang Bener ing Panjer. Demang Bener iku isih tunggal sapaguron karo Bagus Suwarga. Mula nalika Demang Bener ngerti yen kang teka dulur tunggal guru, senenge ora jamak. Adipati Wirasaba disugata kanthi becik dening Demang Bener. “Kakang Demang omahmu kok malang ngene, apa yen udan ora tampu merga antarane omah ngarep lan mburi ora ana aling-alinge,” takone Adipati Wargahutama marang Demang Bener nalika ngerti yen bale kang dienggo sapatemon antarane omah ngarep lan mburi ora bisa gandheng. “Pancene ya salah kawitane. Ning bareng wis kebacut ya diterusake. Mengko nek wis ana rejeki didandani supaya balene ora malang”, Demang Bener nyauri. “Nurut panemuku, bale sing ngarep diputer supaya bisa tangkep antarane omah mburi lan ngarep. Tengahe diwenehi talang. Dadi yen udan, banyu saka omah mburi karo bale bisa ngumpul ing talang”, penemune Adipati Wirasaba. “Sliramu bener dhi, aku ya wis sedhiya kayu, pring lan atep kanggo nggeser bale ngarep. Mbokmenawa yen wis panen nembe bisa ndandani omah iki. Matur nuwun panemumu adhi Bagus Suwarga”, ujare Demang Bener. Rampung anggone kangen-kangenan, Adipati Wirasaba kasugata dhaharan komplit ditambah nganggo masakan pindhang banyak karemane Adipati Bagus Suwarga. Gandheng masakan kang disuguhake pancen mranani ing ati, dhahare Adipati Wirasaba dhokoh saengga ora ngerti yen jaran dhawuk bang kang dicancang ing wit tangkil mbeker-mbeker. Pambekere turangga kaya dene firasat merga ing wektu iku gandhek utusane Sultan Pajang kang entuk dhawuh mrajaya Adipati Wirasaba wis kasil nututi. Ning gandheng gandhek mau rada mesakake kanjeng adipati kang lagi dhahar niyate mateni disumenekake, diantu sawetara nganti anggone dhahar sang adipati rampung. Ora ngertiya yen ing mburine uga ana gandhek kaloro sing diutus dening Sultan Pajang supaya murungake sedyane gandhek kang kapisan. Kanthi swara kang seru, gandhek mburi nyaruwe gandhek ngarep supaya murungake kekarepane. Nanging bengok-bengoke gandhek mburi ditampa salah dening gandhek ngarep. Ora nganggo nunggu adipati rampung dhahar, gandhek ngarep njojohake keris pusakaning negara kang diparingake dening Sultan Pajang menyang padharane Adipati Wirasaba. Ora nganti dijojos kaping pindho, adipati Wirasaba tiba nggeblag. “Hai gandhek, apa salahku?” pitakone Adipati Wirasaba karo nekem tatune. “Nyuwun gunging pangapunten kanjeng adipati, kawula pikantuk tugas saking Njeng Sultan supados nyirnakaken paduka mawi pusakaning negari menika.”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on August 22, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |