80 Ipat Ipat Setu Paing (4)
|
EKANE gandhek kaloro kang entuk dhawuh saka Sultan Pajang supaya njabel keputusan kang wis kadhawuhake marang gadhek kapisan kasep. Adipati Wargahutama wis ngemasi. Nanging sakdurunge tumekaning pati Adipati Wirasaba aweh piweling marang para pawongan kang padha ngrubung. Sepisan, anak turune lan warga Wirasaba ora kena lelungan ing dina Setu Paing. Nomer loro, ora kena lelungan numpak jaran ules dhawuk bang. Katelu, ora kena manggon ing omah bale malang. Wondene sing pungkasan, aja seneng dhahar pindhang banyak.
Kademangan Bener kang dadi panggonaning musibah dadi rame. Demang Bener, gandhek sakeloron dalah warga kademangan bebarengan ngrukti kurnarpane Adipati Wirasaba. Wiwit ngedusi, ngafani ditandangi kanthi ekhlasing ati. Gandhek siji lan gandhek loro ora diluputake merga kabeh mundhi dhawuhe Kanjeng Sultan Hadiwijaya. Kunarpane Adipati Wirasaba banjur digotong rame-rame tumuju Kadipaten Wirasaba. Sadawaning dalan iring-iringan kang nggawa jisime Adipati Wirasaba entuk pakurmatan kang murwat saka warga. Merga tiwase Adipati Wargahutama kang ditresnani dening rakyate ora krana luput marang ratu nanging jalaran dipitenah. Adhedhasar musyawarah kulawarga lan paramparaning kadipaten, Adipati Wirasaba banjur kapetak ing Dhukuh Pekiringan, Kademangan Klampok, isih kebawah Kadipaten Wirasaba. Mendhung tipis nglimputi langit Kadipaten Wirasaba, kaya-kaya alam melu asung belasungkawa. Pasar sing biyasane tumawon dadi sepi. Para among dagang nutup bango lan lapake merga kepengin takziah ing dalem kadipaten. Senajan awane wis menek ana pucuking cemara nanging srengengene isih kinemulan mega. Ing ndalem kadipaten, nyai adipati terus muwun, kaya durung rila tininggal seda garwane kang banget ditresnani. Kamangka sadurunge tindak Pajang, sang adipati isih kober ngaras pipi lan bathuke nyai adipati. Mula nalika sang adipati wis seda, rasa asih kuwi isih nabet ing telenging ati. “Dhuh Gusti paringana kekiyatan supados kawula saged momong anak lan putu kawula mlampah ing alam bebrayan menika”, pisambate nyai adipati nggrantes. Para putra Kadipaten Wirasaba satilare kanjeng ramane ora ana kang wani nglungsur dhampar kadipaten awit sumelang yen Sultan Pajang ora karenan ing galih. Kanggo mbacutake lumakuning peprentahan, kanggo sauntara pepatih kadipaten kang ngembat pusaraning praja. Dene Demang Toyareka milih lengser saka kademangan. Dheweke sing maune kepengin ngisin-isin kakange dadi rumangsa keduwung. Batine terus ngrasa salah, amarga kakang sing ditresnani dipatrapi ukuman mati karana pitenahe. “Kakang Bagus Suwarga, aku njaluk ngapura sing gedhe kakang”, batine Demang Toyareka angluh karo ngusapi luhe kang tumetes saka pojoking netra. “Kabeh iki aku sing salah, Kakang”. Sultan Pajang Hadiwijaya uga ngrasa luput gedhe merga wis aweh prentah nibakake ukuman mati marang Adipati Wirasaba senajan wis dijabel. Nanging kanyatane gandhek siji wis kebacut namakake pusaka kraton marang Adipati Wirasaba. Kamangka tumrap Sultan Pajang, Adipati Wirasaba mono salah sijine adipati kang dheku-dheku marang ratu gustine. Ning merga kena pitenahe liyan, Kanjeng Sultan salah nibakake paukuman. “Gandhek sakeloron, kowe kabeh ora salah. Sing salah aku, kena ngapa nibakake paukuman ora nganggo mikir dawa”, sabdane Sultan Hadiwijaya marang gandhek sing kamiweden. Ndhadha marang kaluputane merga dadi jalaran patine Adipati Wargahutama, Sultan Hadiwijaya tumuli utusan Tumenggung Tambakbaya supaya enggal mangkat menyang Wirasaba. Saliyane nyuwunake pangapura marga kesalahane, Sultan Pajang uga nyuwun salah siji putra kakunge Adipati Wirasaba sowan menyang Pajang. “Kakang Tumenggung Tambakbaya, tindaka menyang Wirasaba dadi dutaku. Sepisan, aku minta pangaksama marang kulawargane Adipati Wargahutama. Nomer loro, ajaken salah sijining putra Adipati Wirasaba kinen sowan ing Pajang”, ngendikane Sultan Pajang. “Sendika dhawuh sinuwun, siyang menika ugi abdi dalem nyuwun pamit dhateng Wirasaba,” ature Tumenggung Tambakbaya mundur pasilan. *** Wis meh ndungkap satus dina sasedane Adipati Wargahutama ya Bagus Suwarga, nanging sureming kadipaten isih durung ilang. Panguripaning kawula Wirasaba pancen wis pulih kaya wingi uni. Nanging kawula Wirasaba isih durung bisa nglalekake sang adipati kang wicaksana sarta banget momong marang wargane. Nyandhak wektu satus dina, Tumenggung Tambakbaya kang dadi dutaning Sultan Pajang rawuh. Kanthi ulat kang manis Tumenggung Tambakbaya kandha yen dinuta dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya “Nyai Adipati Wirasaba dalah para putra mantu saha kerabat Kadipaten Wirasaba, rawuh kula menika awit dinuta dening Sultan Hadiwijaya. Sepindhah, ngaturake belasungkawa dhateng sedanipun Kanjeng Adipati Wargahutama lan nyuwunaken gunging aksama menawi wonten lepatipun Sinuwun Sultan Hadiwijaya. Kaping kalih, kawula dinuta supados methuk salah satunggaling putra kakungipun kanjeng Adipati Wargahutama supados sowan dhateng Pajang sesarengan kaliyan kawula”, ature Tumenggung Tambakbaya kang rawuh ing Wirasaba nganthi para prajurit pengiring.
Para putrane adipati Wirasaba ora ana kang wani ndengengekake sirahe nyawang Tumenggung Tambakbaya merga yen gelem sowan menyang Pajang kuwatir nemoni alangan kaya kang dialami dening kanjeng ramane. Nganti suwe Tumenggung Tambakbaya ngrimuk atine para putra kadipaten, nanging siji bae saka putra telu ora ana kang wani. Sidane Tumenggung Tambakbaya nari Jaka Kahiman, putra mantune Adipati Wirasaba. “Menawi para putra mboten wonten ingkang kersa sowan dhateng Pajang, dinten menika ugi kawula nyuwun kanthi sanget sageda adhimas Jaka Kahiman makili kulawarga Wirasaba kersaa sesarengan sowan dhateng Pajang”, ujare Tumenggung Tambakbaya. Para putra dalah nyai adipati mung padha pandeng-pandengan krungu ature Tumenggung Tambakbaya. Nanging bareng ditari terus-terusan lan entuk idin saka nyai adipati, sidane Jaka Kahiman saguh melu Tumenggung Tambakbaya sowan menyang Pajang. “Kawula nyuwun idi pangestu dhateng kanjeng Ibu saha para sedherek kakung ingkang sowan. Menawi wonten dukanipun Kanjeng Sultan, kula ingkang nanggel. Namung menawi wonten karahayon, mangga karahayon menika mangke kita bagi sareng-sareng”, ature Jaka Kahiman. “Ati-ati ya kakang Jaka Kahiman”, ature Rara Mukatimah, garwane Raden Jaka Kahiman karo ngusapi luh ing pojoking netrane. Dene nyai adipati mung bisa mrebes mili, kelingan marang kakunge kang ditresnani, bareng sowan menyang Pajang malah nemu cilaka. *** Ora kacrita lakune Raden Jaka Kahiman lan Tumenggung Tambakbaya. Tekan kutharaja Pajang, Raden Jaka Kahiman kinurmatan lan disubya-subya dening Sultan Hadiwijaya. Pasamuwan iki mengku karep kanggo ngilangake rasa cubriya sing digembol dening Jaka Kahiman kawit budhal saka Wanasaba. Merga senajan kaya ngapa, tatuning kawula Wirasaba kalebu Jaka Kahiman marang Sultan Pajang isih durung garing. Apamaneh Jaka Kahiman minangka mantu kang nglakokake theg kliwering keprajan nalika Kanjeng Adipati Wirasaba sowan menyang Pajang sadurunge seda. “Jaka Kahiman, aja dadi atimu ya dhi yen kanjeng ramamu tekaning pati amarga salah pengertenku. Mula saka iku adhi, ing kalodhangan iki ingsun nyuwun aksama marang kulawarga Wirasaba kang wis kelangan wong tuwa lan adipati. Sejatine aku ngantu-antu tekane salah siji putra kakunge Adipati Wirasaba. Nanging gandheng sing teka sliramu, aku tetep nganggep yen sliramu dadi wakile kulawarga Wirasaba. Apa sliramu ngerti kenangapa ingsun utusan Tumenggung Tambakbaya supaya mapag salah siji putrane Kakang Adipati Wirasaba?” pitakone Sultan Hadiwijaya. “Sagluguting kolang-kaling kawula mboten mangertos kersa paduka Kanjeng Sultan.” “Wruhanira ya adhi, kejaba ingsun kepengin nyuwun pangapura, sejatine ingsun kepengin netepake salah siji putrane Adipati Wirasaba minangka gantine Kakang Wargahutama dadi Adipati ing Wirasaba. Nanging gandheng sing teka sliramu, mula wiwit dina iki uga sira dak sengkakake dadi Adipati Wirasaba.” Njegreg Jaka Kahiman bareng ngerti apa sing dikarepake dening Sultan Hadiwijaya. Ora nyana yen dheweke bakal diwisudha dadi Adipati ing Wirasaba ngganti kalungguhane maratuwane. “Sewu nembah nuwun Kanjeng Sultan Hadiwijaya”, mung kuwi sing bisa kaucap dening Jaka Kahiman Sawise diwisudha minangka adipati ing Wirasaba kanthi asma nunggak semi klawan maratuwane, yaiku Wargahutama II, Jaka Kahiman kaparingan layang kekancingan. Layang kekancingan mau kanggo tandha lan bukti supaya ora dadi pasulayan karo para sedulure ipe lanang. Sawise paripurna kawisudha, Jaka Kahiman pamit mulih menyang Wirasaba. Tekan Wirasaba kaya ngapa bungah lan senenge para sanak kadang. Sebab Raden Jaka Kahiman ora dipidana nanging malah diwisuda dadi adipati. Kanggo njaga atine para sedulur ipene, Jaka Kahiman banjur mara Kadipaten Wirasaba kang pancen amba wilayahe dadi patang kadipaten. Jaka Kahiman dhewe minangka wedana bupati kang nglungguhi dadi Adipati Banyumas manggon ing Kejawar. Sedulur lanang ipe kang paling gedhe Ngabehi Wargawijaya disengkakake dadi Adipati ing Wirasaba. Putra lanang nomor loro, Ngabehi Wirakusuma, jinunjung dadi adipati ing wilayah Merden utawa Klampok. Wondene sing paling enom yaiku Ngabehi Wirayuda dadi adipati ing Banjarpetambakan. Merga mbage wilayah Wirasaba dadi patang kabupaten, Jaka Kahiman banjur katelah Adipati Mrapat (tegese mara kadipaten Wirasaba dadi papat). Emane, Jaka Kahiman ora suwe anggone mukti mengku kadipaten Banyumas marga gerah. Kalenggahane dilungsurake marang ingkang putra. Nanging telung kabupaten liya kang dipandhegani sedulur-sedulure lanang ipe ing Merden, Banjarpetambakan lan Wirasaba malah ora kacrita.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Posted by admin on September 7, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |