Rajapati ing Pereng Wilis (01)
|

ANCINE nyedhaki surup srengenge nalika nom-noman lanang wadon kuwi gegandhengan tangan tumuju plataran. Sing lanang nganggo bathik corak barong lengen cendhak, clana soklat tuwa lan selopan ireng. Pawakane atletis. Dedege sedhengan, dhuwur ora endhek banget ya ora. Pakulitane nguning langsep. Rambute dijungkati klimis. Brengose sing njlirit tansaya muwuhi bagusing rupa. Sing wadon nganggo rok terusan biru wates dhengkul, rambute dawa sabau. Praupane mung dipulas manda-manda, ewadene ora nyuda kasulistyane kang alami. Ing akasa mendhunge tansaya nggameng sineling gumlegering gludhug. Angine midid, swarane keprungu gumrubug. Tekan sacedhake Yamaha Jupiter Z sing diparkir ana sangisore wit pelem, priya enom aran Darpita iku mandheg. Tangane ngrangkul pundhake wanita ayu Sekarniti banjur diinger madhep dheweke. Darpita ngangkat janggut nyathis iku nganggo driji penudinge amrih praupane si kenya luwih tumenga. “Dhik, ora suwe maneh rama dalah ibuku bakal sowan mrene saperlu nglamar sliramu. Rak ya wis siyap ta upama sliramu dadi jatukramaku, dadi nyonyah Darpita Wisnungkara?” Sing ditakoni ora age wangsulan. Tumungkul sedhela uwik karo benike klambi, banjur tumenga maneh. Ujare lirih, “Yen kersane Mas Darpita kaya ngono, aku mung manut.” Darpita ketara marem. Bathuke Sekarniti diaras alon. Wanodya kuwi ora suwala. Pangrangkule Darpita diculake. Dheweke banjur marani kendharaane sing dijagang. Sadurunge nguripi sepedhah motore, Darpita kober clilengan. Rumangsane kaya ana mripat sapasang sing tansah nguwasi saparipolahe. Nanging ana ngendi pernahe mripat kasebut, Darpita ora bisa ngira-ira panggonane. Sawise nganggo helm, alon-alon Darpita nglakokake sepedhah motore. Sekarniti nguntabake lungane nganti satengahe latar. Metu saka plataran bawera dalane terus njojrog mudhun. Dalan kuwi isih makadaman, kiwa tengene rupa perengan sing thinukulan gegrumbulan ketel. Omahe Sekarniti, ya pacangane Darpita, pancen manggon ana pethite gang. Diarani gang sebab saka omahe Sekarniti tumuju dalan aspal isih udakara telungatus meter. Kejaba omahe Sekarniti, ora ana omah maneh ing sadawane lurung cilik makadaman sing njojrog iku. Apes. Lagi wae Darpita ngurubake lampu colok dalan, kaselak udane ceblok. Swarane banyu udan sing nampes gegodhongan keprungu kumlethok, saya suwe saya deres kemrosog. Darpita agahan midak rem. Kuncine dijabut kanggo mbukak jok. Jok diangkat tangan kiwa, tangan tengene njupuk jas udan kang kasimpen ana cluwegan sangisore sadhel. Helm-e dicopot lan digandhulake spion. Clanane diwingkis tekan dhengkul. Selope dicopot lan dilebokake jok tilas wadhahe jas udan. Darpita trima nyeker, eman yen selop kulit sing larang regane iku nganti teles jalaran bisa njalari cepet rusak. Jas udan cepet-cepet dikrukupake awak. Krana anggone ngrudhungake rada gupuh, perangan rai kuwalik ana mburi. Darpita bekah-bekuh merga mripate ketutupan mantel. Dheweke ngempet ambegan. Jas udan diputer-puter dipernahake nggon bolongan rai. Darpita lagi ambegan lega sawise raine krasa blong. Dheweke banjur ngelekake mripat. Darpita njondhil. Ora weruh saka ngendi asale, dumadakan ana regemenge wewujudan ngaglah ana ngarepe. Krana udane deres banget sarta kawimbuhan swasane wis remeng-remeng, penyawange Darpita dadi ora pati premana. Lap…laap!! Saka kumilate thathit Darpita kober nyumurupi tangane ayang-ayang ireng kuwi nyekel barang gilig rada dawa, embuh ganco embuh linggis. Gegaman kuwi digegem kenceng tangan loro, malang ana sangarepe dhadha. “Sam…peyan sinten?” swarane Darpita groyok karo nyoba nyetitekake raine bleger ing ngarepe kuwi. Ora ana wangsulan. Regemenge ayang-ayang kuwi maju sejangkah lan kanthi kebat mbabitake gegamane. Kumrosake udan lan jumedhere bledheg nyilep jerit dawa ngeres-eresi. Udane saya deres pindha disuntak saka langit binarung keclaping thathit ambal-ambalan. Regemenge ayang-ayang kuwi maju sejangkah lan mbabitake gamane
Saka plataran omahe, Sekarniti isih kober nyumurupi Darpita ngurubake lampune sepedhah motor. Titikane, lampune sing mburi murub abang. Nanging Sekarniti age-age cengkelak mlayu menyang emper merga udane wiwit ceblok pating tlethok. Saka teras kono Sekarniti merlokake noleh maneh. Nanging urube lampu sepedhah motore Darpita wis ora katon. Sekarniti mesthekake yen priya sing sedhela maneh dadi bojone kuwi wis mudhun tekan ngisor saengga lampune sepedhah motor ora bisa sinawang. Ana saselane kumrosoke udan lan jumedhere bledheg, lamat-lamat kupinge Sekarniti krungu pambengoke uwong. Dheweke mandheg sedhela ana lambene lawang, niling-nilingake asale swara mau. Nanging wekasane wong ayu kuwi jumangkah mlebu ngomah. Jangkahe angle nyabrang ruwang tamu kang amba ngoblah-oblah. Swasana kamar tamu kuwi surem merga sulake lampu kang cemanthel ana tengahe ora keconggah njamah sajembaring ruwangan. Ruwang tamune uga krasa suwung jalaran mung diiseni kursi kayu cacah lima ngupengi meja ukiran. Ketara yen bekakas kuna. Sekarniti bablas menyang ruwang tengah. Antarane ruwang tamu lan ruwang tengah winatesan tembok. Gawangane tanpa lawang, mung dialing-alingi klambu werna biru. Dibadhingake ruwang tamu, ruwangan tengah kuwi luwih bawera maneh. Kaya swasana ing kamar tamu mau, urube lampu ing ruwang tengah kuwi uga ora keconggah madhangi saisine ruwangan. Ana kamar cacah papat ing ruwang tengah kono, loro ing sisih kiwa lan sisane maneh ana sisih tengen. Tumapake Sekarniti menyang ruwang tengah meh bareng karo mlebune Palindriya, bapake, saka lawang iring kiwa. Mlebune sajak nyengka. Sandhang penganggone Palindriya klebus dening banyu udan. Palindriya pawongan sing wis umur. Rambute nyambel wijen. “Wis mulih pa Darpita?” pitakone Palindriya karo ngulapi praupane. “Uwis, ngarep mburi karo cebloke udan mau. Lha Bapak iki maeng mentas tindak saka ngendi wong arep dipamiti Mas Darpita kok malah ora ana?” “Saka mburi kana, nutupi blumbang. Nek ora ditutupi jeneh lelene padha ucul yen nganti banyune amber, tarah udane kaya disok ngene. Ora Ndhuk, kowe ki ya wis manteb tenan pa karo Darpita?” pitakone Palindriya karo nguculi klambine sing klebus lan kari kaosan singlet. Klambi lan clanane Palindriya kombor sarwa ireng! Sawise dicoplok, klambi modhel busanane warok Ponorogo iku banjur dijereng ana sendhenan kursi. Sekarniti ambegan dawa. “Embuh Pak, jane atiku durung pati nyanthol. Ning piye maneh, kahananku wis kaya ngene. Aku ora kepengin Bapak tansah dadi poyokane uwong merga aku,” ucape Sekarniti karo kluntrung-kluntrung mlebu kamar paturon banjur nutup lawange. Kamar nomer loro ing iring tengen. Palindriya nggresah. Tangane kumlawe ngranggeh rokok kretek merek Cempaka kang gumlethak ana ndhuwur meja. Nglolos saeler nuli disulet. Bokonge dibrukake menyang kursi penjalin. Senadayan wis ngematake rokok kretek klangenane, ewadene pikirane Palindriya ketara durung jenjem. Nyedhote rokok jero-jero, mertandhani yen atine wong lanang umur seketan lima taun iku lagi goreh semu was-was.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |