Rajapati ing Pereng Wilis (18) - (Cuthel)
|

ENG daleme Pak Palindriya aku njaluk dipapanake ana gubug sing dumunung ing mburi omah. Najan satemene Pak Palin wis nyepaki kamar ana njero loji, nanging aku ngrumangsani kahananku sing sarwa ora lumrah iki. Ora samesthine rereged kaya aku turu ana senthong sing resik. Aku emoh daleme Pak Palindriya dadi jember gara-gara aku turu dadi saomah. Gubug sing dakpanggoni iku satemene gudhang kanggo nyimpen maneka warna abragan, kaya dene pacul, arit, gledhegan kanggo ngusungi lemah, timba, rabuk, slang, sentrat pakan iwak lan sapanunggalane. Anehe aku malah krasan manggon amor barang-barang kuwi. Kebeneran neng njero gudhang kono ana lincake saengga mung kari nuroni. Pakaryanku sing utama ngreksa omah, sebab saben dina Pak Palindriya tindak menyang tokone neng Pasar Wage. Sekarniti kerep diajak. Kundure jam telu utawa jam papat sore. Terkadhang malah nganti Magrib barang. Wondene Yu Tonah, rewange Pak Palindriya, uger wis rampung olah-olah, reresik jogan lan nyapu latar banjur bali menyang omahe dhewe. Dadi yen awan omah loji samono gedhene kuwi kerep suwung gambrung. Marang Yu Tonah aku kober takon, menyang ngendi Bu Ajeng Kamaratih kok sasuwene aku ana kono ora nate katon. Apa gerah? Jebul manut Yu Tonah, Bu Ajeng wis seda watara telung sasi kepungkur. Satus dinane nembe dislameti rong minggu sadurunge aku ngenger. Sedane merga gerah sesege kambuh. Dening Yu Tonah aku dibisiki yen gerahe Bu Ajeng mau mbok menawa krana ngrasakake anake wadon sing tetep wangkal ora gelem dijodhokake karo Kampana. Mangka kulawargane Kampana dalah kulawarga Widarakandhang wis nyingseti rembug. Ora cetha apa pawadane Sekarniti wangkot diomah-omahake entuk Kampana. Ning yen jarene Yu Tonah, Sekarniti tau kawetu ucape menawa dheweke durung bisa nglalekake kekasihe sing wis tiwas merga kacilakan. Aku angluh. Oh Sekarniti, semono gedhening rasa tresnamu marang aku. Apa kowe ora krasa yen sing manggon ana gubung saemper pandhelikane ula dumung iki sejatine Risang Ragutama? Sajake Sekarniti wis ora tepung maneh kalawan aku. Aku maklum. Aku ngrumangsani dudu Risang sing biyen. Aku saiki dadi wong tanpa guna sing njagakake sih kawelasane liyan, ora beda kaya dene kirik gudhigen sing dientasake saka peceren, diingu lan dipakani dening bendarane. Nuju sawijining dina mbeneri omah suwung, aku manek-manekake mlebu menyang kamare Sekarniti. Kepara aku kober ngebrukake awakku menyang dhipan sing kasure empuk mendut-mendut kuwi. Karo lumah-lumah pikiranku ngentha-entha, saiba mulyane uripku upama kelakon bisa sesandhingan karo Sekarniti ana kamar iki. Marem lumah-lumah aku njenggelek lan ganti nliti piranti ngadi sarirane Sekarniti, klebu sandhangane ing njero lemari gantung. Ya wektu mbukak lemarine Sekarniti mau kanthi ora njarag aku nemu koran sing wis rada lungset. Sekawit dakanggep koran lumrah. Ning bareng dakgatekake temenan aku kaget. Jebul koran kuwi macak prastawa kacilakan sing dakalami ing Selareja. Korane wis ora wutuh maneh. Ketoke Sekarniti mung nyimpen perangan sing dianggep wigati wae. Isining pawarta gage dakjingglengi. Disebutake menawa adhedhasar temonane pulisi, kacilakan pick-up ing Selareja mau krana kampase rim entek. Saliyane kuwi minyake rim uga kothong. Aku terus mikir-mikir, apa ana sing sengaja ngowahi rime mobilku? Sebab saelingku kampase rim isih kandel. Apamaneh mobil kuwi mentas dakservis. Upama ana sing ngganti kampas utawa sengaja mbocorake minyake rim, terus sapa pawongane? Nyut, aku banjur kelingan. Rikala diajak Kampana ngubengi kebon apele, mobilku rak daktinggal. Kampana menging aku melu nggunggah-unggahake apel menyang bake pick-up. Dheweke mrentah karyawane supaya nindakake pegaweyan iku. Aku didohake saka mobil. Kanthi mengkono ora mokal yen tanpa daksumurupi Kampana ngongkon andhahane supaya ngganti kampase rim, mbocorake minyake sarta ngendhoni baute. Mbokmenawa dheweke wis ngetung-etung yen sulayaning rimku mbarengi lakuku tekan medhan mbebayani ing wewengkon Selareja. Nek ngono apa Kampana sing ngrancang kabeh lelakon iki? Ngundang aku menyang Batu saperlu dipaeka kanthi cara nyabotase mobilku? Uh keparat! Aku getem-getem. Pirang-pirang ndina dhadhaku kobong dening kesumat. Ora ngira yen tilas kancaku sabangku kuwi mentala ngarah patiku merga dianggep dadi pepalang anggone arep ngrabi Sekarniti. Lan ya merga tumindake Kampana sing tanpa duwe rasa kamanungsa kuwi saiki kahananku dadi rusak kaya ngene. Aku ndedonga muga-muga ing sawijining dina mengko ana kalodhangan kanggo malesake pangigit-igiting atiku iki. Nanging prahara durung sirna. Let sawatara sasi aku krungu kabar yen Sekarniti arep diomah-omahake entuk Darpita, pegawe pajeg. Tepunge nalika Darpita ngeterake ibune blanja menyang tokone Pak Palindriya. Atiku ajur, pikiranku kuwur. Aku sok nangis ndrenginging ijenan ana njero gubug, nggetuni lelakonku sing apes. Kadhangkala wanci tengah wengi aku pindhah menyang gedhong bongkor tilase pabrik teh. Ana kono aku bisa nyuntak sesanggan kang ngentebi dhadhaku kanthi nangis utawa njerit sakayangku tanpa sumelang ana sing krungu. Upamoa ana sing krungu paling panjeritku mau dianggep swarane memedi. Sore kuwi, mbarengi mendhung angendanu nutupi langit, embuh sing kaping pira Darpita mara menyang Widarakandhang. Dheweke kandha yen ora suwe maneh bakal nglamar Sekarniti. Atiku beka. Aku ora pengin wanita gegantilaning ati kuwi diduweni wong liya. Mripatku blereng, kaya petenge mendhung ing langit sore kuwi. Ndidalah aku weruh ganco gumlethak ana pawon. Kuwi gancone Sarni sing keri. Tanpa mikir dawa ganco daksaut. Aku gegancangan ndhisiki laku menyang dalan njojrog nunggu liwate Darpita.
Sapari polahe Darpita ora luput saka pengawasanku. Dheweke kober clilengan sajak krasa yen lagi dakawasi. Manjing wanci Maghrib Darpita pamit. Mulihe mbarengi tumurune udan. Nalika dheweke ibut ngrukubake jas udan, aku jumangkah nyaket. Dheweke kaget. Mbuh iblis saka ngendi sing wis manjing menyang anggaku, tanpa duwe rasa welas sirahe Darpita gage dakbabit nganggo ganco. Sirah pecah, isen-isene moncrot. Pecating nyawane Darpita binarung jumedhere bledheg kang nyigar akasa. Bubar mateni Darpita awakku gemeter. Pikiranku linglung. Yagene aku saiki dadi wengis kaya ngene? Utegku kaco. Bengine aku ndhuwel ana gudhang. Ora bisa turu. Swasanane saya kekes merga udane ngrecih nganti parak esuk. Awane aku krungu ngarep omah geger. Pulisi-pulisi padha mara menyang dalan njojrog saperlu nitipriksa kunarpane Darpita. Malah kabare komandhane pulisi kecamatan nyraya dhetektip saka Kediri kanggo miyak wewadining rajapati. Nganti esuk kuwi ora ana sing nyujanani aku. Malah Pak Palindriya isih ngajak aku supaya ngancani tindak menyang toko jalaran Sekarniti lagi dijaluki keterangan dening dhetektipe. Bengine aku bali klisikan. Pikiranku saya kuwur. Aku banjur munggah menyang gedhong bongkor. Wancine rembulan purnamasidi. Ana njero gedhong aku ungkep-ungkep. Kejaba nangisi lelakonku sing apes, aku uga tansah dioyak-oyak dening rasa salah jalaran wis merjaya pawongan kang tanpa dosa. Dumadakan ana wewayangan nyedhak. Aku kaget banget. Sapa sing wani mlebu gedhong bongkor wayah tengah wengi kaya ngene? Mengko gek pulisi sing lagi nggoleki aku? Utawa bisa uga malah dhetektip srayan mau. Pepunthonku, sadurunge dicekel aku kudu cekat-ceket oncat saka gedhong lan bali maneh menyang gubug. Eh tanpa kanyana-nyana esuke Kampana teka menyang Widarakandhang. Tekane Kampana njalari watak wengisku mungkat. Apa maneh dheweke arep kurang ajar marang Sekarniti. Kanggo nyuntak seriking atiku, Kampana dakpilara sakatogku. Rampung milara Kampana atiku krasa marem. Dongaku rina wengi kabul, aku bisa males ukum. Bubar munasika Kampana aku pasrah marang lelakon. Lan ora let suwe pulisi nggrudug gubugku. Aku dirangket. *** Setyawan nutup BAP-ne. Sawatara suwe dheweke ketara mikir-mikir. Ujare marang Komisaris Amongdenta, “Mas, apa guwa sing dicritakake Risang jroning BAP iki wis nate digoleki?” “Uwis. Pulisi kana wis ngubres kiwa tengene papan kacilakan kanggo nggoleki guwa kuwi. Pulisi uga nlusuri kali nganggo prau karet. Ditlusuri wiwit saka panggonan sing dhuwur engga tekan sungapane. Ning guwa sing dicritakake Risang mau ora ditemokake. Saengga aku nduweni dudutan menawa keterangane Risang ngenani piyayi sepuh sing wis tetulung marang dheweke kuwi ora tinemu nalar. Manut pandugaku, Risang mung halusinasi.” Setyawan bali mikir-mikir. Kala-kala bathuke njengkerut. “Mas Among nate mireng tembung kaum Pasurajan?” “Apa kuwi Dhik? Aku kok lagi krungu saiki.” “Kaum Pasurajan kuwi golonganing uwong sing seneng tetulung. Ana sing nyebutake, upama sarasilahe diurut-urut mendhuwur, kaum Pasurajan iki isih turas turune raja-raja Majapahit. Ujaring kandha, nalika Kraton Majapahit ngalami sandya kala merga wiwit kalah perbawa dening Demak Bintara, krabat kraton sing emoh nggilut Islam mau padha lunga menyang gunung-gunung. Neng kana banjur nak kumanak nganti gemrayah. Kaum Pasurajan iki misterius banget, sebab pancen ora tau srawung karo liyan. Uripe neng guwa- guwa sakiwa tengene Batu, kaya dene Gunung Arjuna, Anjasmara lan Kawi. Kaum Pasurajan diyakini isih ana nadyan dinuga cacahe wis kari sethithik banget.” “Kandhamu kuwi kok malah kaya dedongengan wae ta, Dhik. Aku ora percaya karo sing ngono-ngono iku. Pulisi kuwi nyambutgawene adhedhasar bukti sing ilmiah. Tanpa bukti ilmiah pulisi ora wani ngomong. Karodene ing jaman sing sarwa modern kaya ngene mosok iya isih ana wong-wong misterius ngono kuwi?” Rehne wis ora ana maneh sing dirembug, Setyawan banjur pamitan. Diuntabake Amongdenta nganti tekan terase markas. Sadurunge Setyawan nyengklak sepedhah motore, Amongdenta kober celathu bisik-bisik. “Dhik, apa bener nek Pak Palindriya iku sok nyolong-nyolong sesambungan peteng karo Tonah?” Setyawan mesem. Wangsulane, “Arepa dhudha ning Pak Palindriya iku wong lanang normal, Mas. Pancadriyane isih genep. Ing sisih liya Tonah uga butuh dhuwit kanggo nutugake mbangun omah. Merga Sarni kuwi, kejaba wis loyo, uga ora duwe pegaweyan sing maton. Dadi ya bebasan tumbu oleh tutup.” Srengenge wis ancik-ancik pucuking langit nalika Setyawan ninggalake markase Amongdenta. Prapatan lurung kecamatan ing sangarepe kantor pulisi kuwi wiwit reja dening bocah-bocah kang mulih sekolah. Setyawan ora pati kesusu, lakune kendharaane nguler kambang. Nanging dumadakan….. “Thiit….thiit….thiiit!” Setyawan agahan minggir. Ngerim sepedhah motore lan mandheg ana sangisore wit trembesi. Tangane nglolos handphone saka sake jaket. Sms sing mentas mlebu diwaca. Pengirime Satrugna, wartawan Warta Bawana. Surasane: “Mas, sesuk iku sejatine Risang Ragutama wancine ngadhepi vonise hakim atas kadurjanan sing nate ditindakake ing Widarakandhang patang sasi kepungkur. Ning dina iki dheweke tinemu mati nganyut tuwuh neng tahanan. Mati kendhat.” Setyawan njegreg. (Cuthel)
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |