Rajapati ing Pereng Wilis (17)
|

ELEK byar aku tolah-toleh. Bingung. Kahanan sakiwa tengenku peteng nadyan ora dhipet banget-banget. Ora katon soroting cahya. Rasane kaya tinarungku ana njero rong. Ning jebul aku ora ijenan, sebab dumadakan wae ana paraga tuwa kang mencungul saka walike pepeteng. Pasuryane pawongan kang kebak dening garitan umur kuwi banjur dicedhakake menyang raiku, kaya-kaya kepengin mesthekake. Weruh mripatku wis kelop-kelop, piyayi sepuh kang menganggo sandhangan sarwa wulung iku mesem bungah. “Gusti Kang Maha Amisesa. Gusti kang paring panguripan marang sadhengah titahe. Sukur dene kisanak wis eling,” paraga sepuh iku kumecap lirih. Tak sawang pasuryan tuwa kuwi ketara edhum. Atiku ayem, ateges dheweke dudu pawongan sing duwe karep ala. Nanging ana ngendi aku iki kok mara-mara njur lumah-lumah ana papan sing peteng kaya ngene? Apa aku wis dipendhem terus paraga tuwa kuwi malaekat Mungkar utawa Nakir sing arep aweh pitakon kubur? Sejatine aku pengin caturan klawan penjenengane. Nanging lambeku krasa abot kanggo ngucap. Uwangku rasane kaku. Sing kawetu mung swara ak uk, ak uk kaya wong bisu. “Kisanak manggon ana papan dunungku. Neng kene kisanak aman. Ngertiya kisanak, wis meh telung sasi kowe ora eling,” ujare paraga tuwa iku kaya bisa maca isining atiku. Aku kaget. Telung sasi? Apa aku mentas semaput suwe utawa istilahe koma ngana kae? Sejatine aku kepengin takon luwih akeh ngenani kahananku iki marang panjenengane. Nanging bubar ngendika saklimah, paraga tuwa iku terus lunga embuh menyang ngendi parane. Jebul kahananku lagi lumah-lumah ana sandhuwuring watu kumlasa kang linemekan gegodhongan saengga boyokku ora krasa atos banget-banget. Hm, apa kaki-kaki tuwa kuwi mau sing wis aweh pitulungan sarta mrenata paturonku iki? Sapa satemene panjenengane kuwi? Sawise kesadharanku pulih lagi krasa yen saranduning badanku njarem kabeh. Sewu lara prasasat dadi siji. Obah wae ngrekasa. Raiku perih. Mula bisaku ya mung lumah-lumah tanpa daya, kaya urip ing sajroning mati. Embuh wis pirang sasi suwene anggonku ngathang-athang ana panggonan sing aneh iki. Aku ora bisa niteni gumantine wektu jalaran angel mbedakake wanci awan lan bengi, sebab swasana ing kene padha dene petenge. Sing keprungu mung kumricike banyu, embuh ana sisih ngendi pernahe. Ing wektu-wektu tinamtu paraga tuwa sing ora dakweruhi asmane iku rawuh nyangking panganan lan omben-omben. Panganan sing digawa asring arupa tela bakar utawa tela godhog, suweg lan gembili. Kadhangkala uga nggawa sujenan iwak bethik lan badher sing wis dibakar. Paraga tuwa iku ora akeh guneme. Bubar ndokok panganan lan omben-omben ing cedhakku dheweke ajeg kandha, “Iki sarapane,” lan sawise kuwi banjur lunga maneh. Mengkono bola-bali. Kanthi tembung, “Iki sarapane,” mau aku dadi duwe dudutan yen rawuhe paraga sepuh mau mesthi pendhak wanci esuk utawa saora-orane rada awan sithik. Kejaba ngeterake panganan, piyayi sing becik bebudene iku uga ora wigah-wigih ngganti penganggoku, ngresiki kotoranku, nyewoki lan ngganti “kasur godhong” sing wis garing nganggo godhong sing anyar. Sok-sok anggaku uga dipijeti, dipluruti lan diblonyohi nganggo ramuwan sing nyegrak ambune. Suwe-suwe kuwarasanku pulih. Aku wiwit bisa lungguh. Sawise tegen lungguh banjur ajar mlaku trantanan kanthi rerambatan tembok watu. Nanging sikilku sing kiwa ora bisa diobahake merga apus. Lakuku dadi dhingklang kecincugan. Tangaku kiwa uga mati rasa, sajake keple. Mripatku wuta sesisih. Pikiranku uga durung sawutuhe normal. Aku ora bisa ngeling-eling apa sing mentas nemahi awakku lan yagene ujug-ujug aku tinarungku ana papan kang sarwa peteng iki. Nalika awakku wis saya entheng, paraga tuwa iku mara. Ngendikane, “Kisanak, wis titi wancine kowe weruh padhange hawa. Ayo saiki meluwa aku!” Setengah dilawani dening penjenengane, aku diajak menyang alam padhang. Aku lagi mudheng, pranyata sasuwene iki manggon ana njero guwa. Swara kumricike banyu sing saben wektu dakrungu iku jebul asale saka plangitane guwa. Plangitan iku ngembes lan banyune mancur kumricik menyang watu. Guwa iki mapan ana sapinggire kali gedhe. Cangkeming guwa ketutup rayutan sarta kaling-kalingan gegrumbulan ketel saengga ora katon saka njaba. Metu saka guwa aku terus dituntun menyang pinggir bengawan. Nitik swasanane, guwa iki mapan ana lengkehing gunung. “Nem sasi kepungkur kowe daktemu temangsang ana watu tengah kali kae. Sajake kowe mentas ngalami lelakon kang ngeres-eresi ing ndhuwur kana. Anggamu kentir lan kecanthol watu ngepasi tekan sangarepe cangkem guwa kene. Tatumu arang kranjang, awakmu rusak. Kowe banjur dakgawa menyang njero guwa, dakupakara sabisa-bisaku. Lan Gusti sajake isih ngersakake kowe urip. Nah, saiki sawangen rupamu, kowe kudu bisa nampa kanyatan iki kanthi tatag,” kandhane kaki-kaki mau. Alon-alon raiku dakpepetake lumahe banyu kali sing bening kuwi. Kagetku tanpa kinira. Wewujudanku wis owah, nganti aku dhewe ora tepung karo rupaku sing saiki. Praupanku malih nggegilani, persis dhapure monster ing film-film horor sing tau daktonton ana televisi ngana kae. Kejaba rai lan kulitku rusak, swaraku uga ilang. Swara sing kawetu keprungu bindheng. Sakala aku lemes. Aku shock lan angel nampa kanyatan. Yagene Gusti ora mbanjut nyawaku wae? Pacoban iki abot banget kanggoku. Banjur apa gunane urip yen kahananku kaya ngene? Mbaka sethithik kesadharanku katut pulih. Aku wiwit bisa ngeling-eling kedadeyan sing njalari aku kaya ngene lan cumondhok ana njero guwa sajroning setaun iki. Kacilakan! Ya, kacilakan nggegirisi ing Selareja. Awakku kobong lan ora sengaja kejegur kali engga wekasane aku semaput. Jebul kedadeyan kuwi wis mungkur setaun. Lan sing nggawokake, nyawaku isih bisa ditulungi dening kaki-kaki nyalawadi kuwi nadyan tanpa bantuwan medhis. “Kisanak, saiki kowe dak tundhung lunga saka papan kene awit pakaryanmu neng njaba kana durung rampung. Kanggo mbiyantu lakumu, kowe dakgawani iki,” ngendikane paraga sepuh mau karo ngulungaku kruk kayu sing sajake mentas digawekake mligi kanggo aku. Ketitik kruk iku isih anyar. Aku banjur ninggalake guwa, kaya laron kang mentas netes banjur mabur golek hawa padhang.
Sing daktuju dhisik omahku ing Karangtanjung. Rehne ora nyekel dhuwit kanggo nenumpak, lakuku ya mung satitahe. Kalamangsa yen ana sopir trek sing welas ndulu kahananku, aku banjur dibarengi nadyan mung trima ditumpakake ing bak mburi campur karo momotan. Yen treke menggok menyang dalan sing ora sak jurusan, aku mudhun lan mbacutake lakuku kanthi laku dharat. Tekan Karangtanjung aku cuwa. Tangga kanan keringku wis ora ana sing tepung maneh karo aku. Aku dikira pawongan sing ngaku-aku. Manut ujare wong-wong mau, Risang Ragutama wis dikubur meh setaun kepungkur. Dheweke tiwas merga kacilakan ing Selareja. Jisimku, sing satemene jisime Pak Salamun, tinemu pereng ana njerone ragangan pick-up sing ringseg lan gosong. Ora let suwe sawise “jisimku” dikubur, simbokku gerah lan wekasane nututi tinggal donya. Krungu yen simbok wis tinggal donya sakala aku nangis ngguguk. Nanging malah disuraki dening bocah-bocah cilik sing ngrubung. Aku dianggep wong ora waras. Aku disawati krikil lan digurak ngalih. Kanthi ati sing kelara-lara aku banjur lunga ninggalake Karangtanjung, ninggalake desa sing wis nggedhekake aku. Aku ora bisa ngyakinake wong-wong mau yen satemene Risang durung mati. Kejaba cangkem iki rekasa kanggo caturan, aku uga ora duwe bukti sing kuwat merga idhentitasku sing arupa KTP, STNK lan SIM ora dakcekel. Lakuku klambrangan saparan-paran, kecincug-kecincug nurut obahe sikil. Yen panas kepanasen yen udan ya kudanan. Uger ngaso ana gerdhu utawa ngisore uwit, aku ajeg diguraki dening warga. Jarene akeh bocah cilik sing wedi ndulu wewujudanku. Mbuh wis pirang ndina anggonku kedharang-dharang, sing cetha wanci sore kuwi lakuku wis manyak tekan kutha, trepe ing trotoar sangarepe Pasar Wage. Nedhenge aku golek panggonan kanggo leren, ora njarag mripatku sumurup piyayi setengah tuwa lagi ditodhong glathi dening nom-noman brandhalan loro ing parkiran sangarepe toko sandhangan. Piyayi separo umur iku ngempit tas cilik lan ditodhong ngepasi arep mlebu mobil. Bareng dak waspadakake kanthi premati aku kaget. Jebul piyayi kuwi Pak Palindriya, ramane Sekarniti. Aku banjur mindhik-mindhik nyedhaki nom-noman loro iku saka arah mburi. Pak Palindriya dakkodhe supaya meneng. Bareng wis cedhak krukku banjur dak babitake kanggo nggebug lempenge salah sijine pemudha brandhalan iku. Bocah enom iku njerit. Dheweke tumoleh lan ganti arep ngrangsang aku. Nanging kanthi cepet banjur dak sodhog dhadhane. Nom-noman tanggung iku ambruk nekem dhadhane karo sambat ngaruara. Rowange nedya sabela. Karo nganggar glathi dheweke nggemprang nedya nrajang. Nanging Pak Palindriya prayitna. Sikile bocah mau dijegal engga tiba krungkeb. Pak Palindriya bengok-bengok njaluk tulung. Sakala wong sapasar ngebyuk lan ngroyok pemudha brandhalan loro iku. Tujune durung nganti kekarone tiwas dienggo rencakan massa, kaselak ana pulisi teka. Bocah loro sing raine wis bengep kabeh iku banjur diangkut lunga nganggo mobil patroli. Sok mengkonowa isih ana siji loro massa sing kober mbogem bocah urakan sing wis ditumpakake Kijang bukakan mau. Pak Palindriya ngucapake panuwun marang aku. Panjenengane mbukak dhompet banjur ngulungi dhuwit seketan ewon rong lembar marang aku. Nanging aku gedheg. Pak Palin, sing ora tepung maneh yen satemene aku Risang, banjur tawa-tawa apa aku gelem saupama dipundhut dadi abdine. Jarene, kejaba kepengin males kabecikanku panjenengane uga welas ndulu kahananku. Sekawit aku gojag-gajeg. Ning yen dakpikir-pikir tinimbang saben ndina kluyuran turut dalan sarta ora tau kambon sega, rak luwih becik ngenger uwong wae kareben luwih kopen. Karomeneh kanthi ndherek Pak Palindriya, aku duwe pangarep-arep bisa ketemu maneh klawan Sekarniti, najan aku ora yakin dheweke isih bisa niteni rupaku sing saiki. Sawise daklelimbang wusanane aku manggut. Marang Pak Palin aku ngaku aran Jana, wong kleyang kabur kanginan.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |