Pranåtå Cårå - ᭙

08. Hamedhar Pangandikan Wonten Sangajenging Kaum Awam

aum awam dumados saking tiyang-tiyang ingkang dereng nate ngenyam pendidikan wonten ing bangkuning pasinaon, bebrayan padhusunan among tani lan tiyang ingkang taksih andhap pangertosanipun.
Menawi kita hamedhar pangandikan wonten ng sangajenging tiyang - tiyang ingkang kados mekaten kawontenanipun, prayogi kita kedah mangertosi ingkang kita aturaken lan ngginakaken basa ingkang kados pundi supados wedharing pangandikan kita gampil dipun tampi.
Lan kita kedah nggatosaken dhumateng bab-bab kados ing ngandhap punika:
1. Kita kedah nggatosaken dhumateng basa. Basa ingkang kita ginakaken
inggih punika basa ingkang biasa kemawon.
Saged ngginakaken basa Indonesia nanging kedah dipun campur
kalian basa dhaerah.
Sampun ngantos pisan-pisan angginakaken basa ingkang ilmiah lan
leluwihan.
2. Materi utawi bahan ingkang kita aturaken kedah biasa sampun ngantos
inggil bobotipun lan kanthi mbulat - mbulet anggenipun ngandharaken.
Langkung prayogi menawi wedharing pangandikan ingkang sipatipun
hanuwuhaken raos gotong - royong sesamining warga lan murih
majengipun kampung.
Crita ingkang kita andharaken kedah ngengingi ing sakubenging
panggesanganipun para pamyarsa.
Sampun crita ngengingi bab politik, lan kawontenan ingkang dumados
wonten ing manca negari lan sanesipun.
Andharan lan isining crita, ingkang biasa badhe kasil hamilut para
pamyarsa.
Panjenengan kedah ngaturaken selingan ingkang asipat banyolan
(guyonan).
Para pamyarsa sanget suka dhumateng banyolan-banyolan.
3. Ngutamekaken medhar pangandikan ingkang urut lan runtut.
Sampun ngantos medhar pangandikan ingkang mubeng - mubeng
sahengga ngandhar - andhar tundhonipun andadosaken bingunging
ingkang midhangetaken.
Sampun ngantos ngaturaken janji - janji ingkang mboten nyata.
Masyarakat awam gampil pitados dhumateng pangandikan nanging
sampun ngantos dipun apusi.


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Дьявольское удовольствиенабор профессиональных кистей для макияжаланч никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105533
  Hari ini     :  Hari ini :1463
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3683
  Bulan ini   :  Bulan ini :57618
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 60

Kontak Admin.

email-kidemang