09. Tatacara Medhar Pangandikan Wonten Sangajenging Para Pejabat Lan Piyantun Ingkang Nggadhahi Palungguhan
iyantun ingkang anggadhahi palungguhan lan pejabat beda sanget kaliyan tiyang awam ingkang taksih andhap pangertosanipun. Pramila menawi kita medhar pangandikan wonten ing sangajenging para pejabat kedah kita bentenaken kaliyan tata krama medhar pangandikan wonten sangajengipun tiyang awam (ingkang taksih andhap pangertosan pendhidhikanipun). Bab-bab ingkang kedah kita gatosaken menawi medhar pangandikan wonten sangajenging para pejabat utawi piyantun ingkang nggadhahi palenggahan kedah nggatosaken dhumateng: 1. Kita utamekaken ngagem busana ingkang sopan, sampun ngantos ngagem busana ingkang sakwontenipun. Enget kita kedah angurmati dhumateng pribadi kita piyambak lan angurmati dhumateng para pamyarsa para pejabat utawi ingkang nggadhahi palenggahan, sanget angaosi pepanggihan ingkang sipatipun resmi. Semanten ugi busana inggih kedah ingkang resmi lan sopan. 2. Basa (Bahasa) ingkang kita ginakaken prayogi angginakaken Basa Indonesia / Jawi ingkang sae lan leres. Pangandikan ingkang sopan lan urut runtut. Prayogi kita selingi kaliyan tembung tembung ilmiah, crita-crita ngengingi pangertosan manca negari lan sanesipun. Enget sampun ngaturaken guyonan ingkang kirang bobotipun. Nanging wedharing pangandikan kathah ngaturaken pesen lan saran. Guyonan ingkang wonten bobotipun lan sampun ngantos kekathahen. 3. Isining pangandikan utawi bahan ingkang kita aturaken salebeting medhar pangandikan leres - leres dipun samektakaken kanthi sae. Isining pangandikan kedah kita jumbuhaken kaliyan palenggahan kita ing wekdal maraga wonten ing tata adicara sanesipun. Upaminipun tata adicara pembikaan Rapat ing Kecamatan lan kita ingkang kapatah minangka Panatacara (MC). Jumeneng wonten sangajenging podium utawi mimbar kanthi sopan. Sampun ngantos kekathahen slaga, satemah badhe dipun gegujeng dening para pamyarsa, menawi kita (over akting).
Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi, Karakit dening : Purwadi