Pranåtå Cårå - ᭙

10. Hamedhar Pangandikan Wonten
Sangajenging Pemudha Lan Pelajar

edhar pangandikan wonten sangajenging pelajar ugi wonten tata kramanipun utawi sopan santunipun piyambak katandhingaken kaliyan medhar pangandikan wonten sangajengipun umum, kita kedah nglenggana bilih pemudha lan pelajar punika sawenehing pakempalaning piyantun ingkang intelektual.
Piyamibakipun anggadhahi wawasan sarta pengalaman ingkang wiyar, pramila punika wonten salebeting ngaturaken materi utawi isi wedharing pangandikan kedah kajumbuhaken kaliyan piyambakipun.
Prayogi kataliti punapa ingkang dipun kajengaken.
Basa ingkang kaginakaken prayogi ngginakaken basa Indonesia / Jawi, langkung sae malih manawi dipun selingi kaliyan tembung - tembung ilmiah utawi tembung - tembung manca.
Pokokipun ingkang gampil katampi dening pamyarsa.
Saged dipun selani guyonan ingkang asipat remaja, utawi guyonan seks (nanging sampun ngantos lekoh sanget).
Bab punika badhe nggiyataken supados piyambakipun nggatosaken wedharing pangandikan kita.
Prayogi dipun singkiri pangandikan ingkang asipat mojokaken piyambakipun.
Enget, umumipun pemudha utawi pelajar punika anggadhahi watak ingkang gampil kacocok raosipun engga kebrongot kanepsonipun.
Kosok wangsulipun kita maringi pujian / pangalembana lan daya greged sahengga piyambakipun nggatosaken lan kasengsem ingkang kita wedharaken.
Prayogi kabudidayá isi wedharing pangandikan ingkang kita andharaken mboten nyulayani pamanggihing piyambakipun utawi mrosotaken pribadinipun.


Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

вулкан игровые автоматы играть бесплатно без регистрациилучшие сковороды с антипригарным покрытиемкернес никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105551
  Hari ini     :  Hari ini :1641
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3861
  Bulan ini   :  Bulan ini :57796
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 59

Kontak Admin.

email-kidemang