54. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Kirab angka II (Kasatriyan)
|
ara rawuh saha para lenggah wonten ganda sumerbak arum katiyubing samirana manda, sung sasmitaa bilih putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna keparenging sedya humarak sowan malih wonten ngarsa panjenengan sadaya, kladuking atur winastan kirab kasatriyan, hambok bilih sampun samekta ing gati sawega ing dhiri kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, kirabing putra temanten binarung ungeling ketawang Suba Kastawa, sumangga nun nuwun.
Keterangan: 1. Urutaning lampah kados kirab angka I 2. Kirabing temanten saget dipun rumpaka panyandra utawi rumpaka wedharan kados kirab ingkang angka I 3. Saget dipun sarengi rerepen
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |