55. Tuladha Rerepen Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan Sekar Sinom
|
1. Mijil kang pindha narendra Den garubyuk para cethi Mancorong ponang wadana Pindha Komajaya Ratih Rinengga - rengga peni Gawok ngungun kang handulu Sinung prabawa. maya Hangadhang mulya sejati Jroning driya asung pamuji Hyang Suksma
2. Pamujine mengku brata Meminta sihing Hyang Widhi Satindak lan tandukira Mugyantuk berkahing Gusti Uga muna lan muni Tinebihna salah dudu Tinuntun buditama Pantes tinulad pra janmi Pindha nata gya salin agem satriya
3. Hageman satriya tama Pindhane sang gunungsari Iku kang temanten priya Kang putri lir ragil kuning Prasetya trus nyawiji Mrih lestari runtut - atut Ngesthi mengkoni putra Tali tresna jaman mangkin Dwi kang putra wus cukup rengganing krama
4. Tindake sang sinatriya Kairing puji hastuti Wiraga mengku prabawa Mrabawani kang mriksani Hamemayu sesami Mahambeg satriya tuhu Yeku trah Pancasila Ngudi mulya lahir bàtin Tansah eling waspada bakti mring praja.
5. Widada manggih yuwana Sari kang pindha narpati Rineksa pra wredha mudha Sumunar lir dewa - dewi Kongsi kaki lan nini Paminta kapranan kalbu Amrih bisa sembada Ing akhir manggih swarga di Wiji mulya kinarya ngrengga nagara.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sang subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken wonten sasana adi, sang suba manggala sumawana para kadang wandawa bingar jroning wardaya karana wus bangkit hangentasi karya nulya wangsul mring papanira sowang - sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga, nun nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |