Puspåwarnå - ᭙

28. Sosialisasi Asilipún Kongrès Båså Jåwå - KBJ IV
ing Sêmarang

Kongrès Båså Jåwi (KBJ) IV sampún dipún lêksanakakên tanggal 10 dumugi tanggal 14 Sèptèmbêr 2006.
Kongrès mutusakên bab-bab ingkang prêlu dipún ayahi déníng Badan/Dinas/Kantór ingkang tugas pokókipun sêsambêtan kaliyan båså Jåwi.
Kajawi mênikå ugi mutúsakên bab-bab tuwin ayahan-ayahan wóntên ing pêndidikan formal, pêndidikan nónfórmal lan infórmal, kêarifan lokal tuwín pêmbêrdayaan båså lan sastrå jåwå.
Wóntên ing ranah kawicaksanan umúm, dipún tandhêsakên bilíh båså Jåwi prêlu dipundayakakên kanthi landhêsan hukúm ingkang kiyat.
Adhêdhasar UUD 1945 amandêmèn pasal 32, prêlu dipún susún Undang-undang ingkang ngatúr babagan båså.
Båså-båså Daérah, prêlu dipún papanakên kanthi trêp kaliyan båså Indonesia tuwín båså Asíng.
Wóntên ing tataran Provinsi utawi Kabupatèn/Kota prêlu payúng hukúm arupi Pêraturan Daérah.
Sêsambêtan kaliyan bab-bab kasêbat wóntên bab ingkang wigatós inggíh mênikå draft ‘Rancangan Undang Undang (RUU) têntang Bahasa'.
Départêmèn Pêndidikan Nasional (Dèpdiknas) sampún ngawóntênakên parêpatan ingkang ngrêmbag RUU kasêbat.
Pramila, RUU ingkang dipún susún prêlu dipún taliti mênåpå sampún trêp kaliyan kaanan båså lan sastrå Jawi wêkdal mênikå. Pasal-pasal ingkang wóntên ing RUU prêlu dipún jingglêngi.
Upaminipún, kadós pundi pamaréntah ngatúr båså-båså Daérah wóntên satêngahíng masyarakat ingkang ngginakakên båså Indonesia tuwín båså Asíng?
Dunúngipún båså Daérah mênåpå (sampún) jumbúh kaliyan aspirasi masyarakat ingkang wóntên?.
Kajawi mênika, RUU ngéngingi Båså prêlu dipún biwarakakên dumugi tataran Kabupatèn/Kota.
Sosialisasi ngéngingi RUU Båså prêlu dipún wóntênakên supadós sagêd nampúng aspirasi wóntên ing tataran ngandhap (grassroot).
Salajêngipún putusan utawi rékomèndasi KBJ IV ingkang nandhêsakên prêlunipun Pêrda ngéngingi Båså lan Sastrå Jawi prayogi dipún rêmbag.
Pêrda båså Jawi mênåpå (cêkap) wóntên tataran Provinsi mênåpå dumugi Kabupatèn/ Kota.
Manawi Pêrda tataran Provinsi sampún nyakúp kawóntênan utawa varian-varian båså ingkang wóntên, inggíh mbótên prêlu Pêrda tataran Kabupatèn/Kota.
Pêrda ingkang ngatúr båså lan sastrå Jåwi saèstu wigatós supadós sadåyå ayahan ingkang sambêt kaliyan båså lan sastrå Jawi nggadhahi landhêsan hukúm ingkang kiyat. Kawicaksanan ngéngingi otonomi daérah njurúng supadós Pamaréntah Daérah ngayahi urusan ingkang sambêt kaliyan båså Jawi.
Sosialisasi ngéngingi putusan tuwín rékomèndasi kongrès prêlu dipún wóntênakên supadós asilipun kongrès dipún mangêrtósi déníng sadåyå élêmèn ingkang sêsambêtan kaliyan båså Jawi.
Sosialisasi asíl kongrès tumrap Guru ing tataran SD, SMP, SMA/SMK/MA prêlu dipún wóntênakên.
Guru minångkå parågå wóntên ing pêndidikan formal prêlu dipún prioritasakên amargi pêntíng wóntên ing prosès pêmbêlajaran.
Kathah bab-bab ingkang prêlu dipún mangêrtósi déníng pårå guru.
Upaminipún, guru prêlu ngginakakên tèknologi informasi lan prêlunipun ayahan ingkang inovatif lan kréatif wóntên ing prosès pêmbêlajaran.
Kajawi mênikå, bahan ajar utawi buku tèks båså Jawi prêlu dipún sêmpurnakakên. Jumbúh kaliyan asíl kongrès, unggah-ungguh båså kanggé nåtå lan ngécakakên pêndidikan budi pakarti prêlu dipún tambah wóntên ing pamulangan.
Budi pakarti ingkang samangké karaósakên mblêrêt prêlu dipún tambah wóntên ing pamulangan.
Kualitas utawi profèsionalitas guru pêntíng wóntên ing pamulangan SD dumugi SMA/SMK/MA.
Kanthi mênika guru båså Jawi prêlu dipún tatar supadós langkúng mumpuni utawi mulang båså Jawi.
Kathah sangêt putusan utawi rékomèndasi kongrès wóntên ing ranah pêndidikan fórmal, ingkang prêlu dipún mangêrtósi déning pårå guru.
Sosialisasi asíl kongrès supadós ndayakakên Musyawarah Guru Mata Pêlajaran (MGMP) båså Jawi ingkang sampún wóntên.
Sosialisasi asíl kongrès wóntên ing ranah pêndidikan nónfórmal tuwin infórmal inggih prêlu dipún laksanakakên.
Sadåyå pahêman, paguyuban, sanggar-sanggar, komité båså Jawi, pårå pranåtåcårå, pårå pênggilut båså lan sastrå Jawi prêlu mangêrtós asil-asilipún kongrès.
Kathah putusan lan rékomèndasi kongrès ingkang prêlu dipún mangêrtósi dumugi lingkungan kulåwargå.
Wóntên ing lingkungan kulåwargå dipún prayogèkakên ngginakakên båså Jawi sabên dintênipún.
Wóntên ing parêpatan RT utawi RW dipún ajak supadós ngginakakên båså Jawi.
Kajawi mênika, pårå pênyiar TV, RRI tuwin radio swasta ugi prêlu ndhèrèk sosialisasi supadós asil-asilipun kongrès dipún mangêrtósi.
Gêgandhèngan kaliyan pêntingipún båså Jawi wóntên ing TV, RRI tuwín Radio Swasta, kúrsús utawi diklat ingkang mligi kagêm pênyiar prêlu dipún wóntêni.
Rubrik-rubrik båså lan sastrå Jawi wóntên ing TV prêlu dipún tambah.
Sadayanipún supadós ayahan ingkang sambêt kaliyan båså Jawi wóntên pêndidikan nónfórmal lan infórmal sagêd mrambah lan lumampah sêsarêngan kaliyan wóntên ing pêndidikan fórmal.
Minångkå kêsimpulan utawi dudutan, sosialisasi asilipún kongrès prêlu énggal dipun laksanakakên supadós båså Jawi dipún uri-uri, lêstari lan murakabi tumrap bêbrayan Jawi.


Déníng: Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker бинарные опционычугунная блинная сковородаотзыв никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105533
  Hari ini     :  Hari ini :1464
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3684
  Bulan ini   :  Bulan ini :57619
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 65

Kontak Admin.

email-kidemang