29. Ayahan Sasampunipún Kongrès Båså Jawi - KBJ (1)
|
Kóngrès Basa Jawa (KBJ) IV Taún 2006 ingkang lumampah tanggal 10 dumugi 14 Sèptèmbêr 2006 sampún paripurnå. Kathah pangandikan, panukartå, saran, tuwín komêntar ingkang kapirêng. Wóntên ingkang têmbúngipún sêkécå manawi dipún raósakên. Wóntên ingkang ngalêm lan nyalami. Lumantar ‘ès-èm-ès' kathah ingkang ngêndikakakên bilíh KBJ IV lumampah saé lan suksès. Mbótên sadåyå ngalêm namúng ugi wóntên kritik ingkang pêdhês lan nandhês. Kajawi mênika wóntên panyaruwé bilíh KBJ IV èlitis lan sipatipún ritual. Anggaranipún sêkawan sêprapat milyar. Mêsthinipún sagêd kagêm mbangún gêdhúng-gêdhúng SD ingkang risak. Sapérangan anggaran sagêt kagêm ngragati program réhabilitasi tuwin rékónstrúksi ing tlatah ingkang kêtrajang lindhu, lan sanès-sanèsipún. Sadåyå panyaruwé, saran, tuwín panukartå prêlu dipún tampi kagêm mawas dhiri utawi réfêrènsi. Wóntên ing alam donya panci mbótên wóntên ingkang sampurnå. Mênåpå malíh damêlanipún manungså. Sagêd dipún pêsthèkakên wóntên ingkang cicír, cèwêt, utawi wóntên ingkang kirang. Nanggapi bab-bab mênikå prayógi dipún lêrêmakên. Kathah hikmah ingkang sagêd dipún pêthík lan dipún dadósakên kåcå brênggålå. Sadåyå prêlu dipún wangsulakên dhatêng jatidhiri Jawi ingkang rêmên nêngênakên mawas dhiri. Mawas dhiri prêlu dadós piranti kanggé nanggapi kaanan lan prêkawís ingkang nêmah båså Jawi. Sasampunipún lampah mawas dhiri prayógi jumangkah ayahan salajêngipún. Pitakènanipún: paska kóngrès båså Jawi lajêng badhé mênåpå? Wós lan wóh-ipún kóngrès. Substansi wóntên ing KBJ sagêd dipún jingglêng malíh wóntên ing makalah ing komisi-komisi: Pêndidikan Fórmal, Pêndidikan Infórmal lan Nón-fórmal, Kêarifan Lokal, tuwín Pêmbêrdayaan Bahasa dan Sastra Daérah. Namúng ingkang wigati inggíh mênika wóh-ipún kóngrès ingkang rupi Putusan tuwín Rékomèndasi. Wêwatón putusan lan rékomèndasi kóngrès kathah ayahan ingkang prêlu dipún adani wóntên ing Jawa Timúr, DIY, Jawa Têngah, lan tlatah sanès-sanèsipún. Sêdåyå bêbadan ing tataran pusat inggih mênika départêmèn-départêmèn lan tataran daérah inggíh mênikå Dinas utawi Kantór ingkang tugasipún magêpókan kaliyan båså, sastrå lan kabudayan prêlu jumangkah ngayahi putusan tuwín rékomèndasi kóngrès. Kawicaksanan otonomi daérah sagêd dadós landhêsan tumrap sadåyå ayahan ngêngingi båså lan sastra daérah. Salajêngipún, ingkang rupi kawicaksanan ingkang sipat umúm inggíh mênikå.
Kapíng Sêpisan, panyuwúnan dhatêng Pêmêrintah Pusat prêlunipun Undang-undang (UU) ngéngingi Båså Daérah. UU ingkang dhasaripún amandêmèn pasal 32 UUD 1945 sakalangkúng pênting minångkå landhêsan hukúm ingkang ngatúr babagan båså nasional, båså daérah tuwin båså måncånagari.
Kaping kalíh, prêlunipún payúng hukúm arupi Pêraturan Daérah (Pêrda) ing tataran propinsi minångkå landhêsan hukúm sadåyå ayahan ndayakakên båså lan sastrå Jawi. Wêwatón Pêrda mênikå rêncana utawi program pêmbinaan pêlêstarian båså, sastrå, lan aksårå Jawi langkúng jêlas lan kiyat.
Kapíng tiga, ing tataran Propinsi prêlu dipún bêntúk Déwan Båså Jawi. Tugas pókók tuwin fungsi (tupóksi) Déwan Bahasa Jawi prêlu dipún rumusakên tuwin dipún kukuhakên supadós énggal jumangkah ngayahi tugas ingkang sêsambêtan kaliyan båså lan sastrå Jawi.
Kapíng sêkawan, prêlunipun rêncana lan stratêgi kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi wóntên ing tigang propinsi (Jawa Timúr, DIY lan Jawa Têngah) ingkang dipún kukúhakên mawi landhêsan Kêputusan Bêrsama Tiga Gubêrnúr.
Kapíng gangsal, sadåyå ayahan kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi prêlu sinèrgis antawisipún pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, Jawa Timúr, propinsi-propinsi sanèsipún, tuwín pêmêrintah Surinamê, New Caledonia, Malaysia lan sanès-sanèsipún. Kajawi mênika wóntên 4 (sêkawan) ayahan ingkang pêntíng wóntên ing ranah Pêndidikan Fórmal, inggíh mênika.
1. Piwucalan båså Jawi wóntên ing tataran SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA; 2. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, lan Jawa Têngah prêlu nyiapkan fórmasi lan ngangkat guru båså Jawi; 3. Sakêdhík mbåkå sakêdhík guru båså Jawi dipún tangani déníng lulusan pêndidikan fórmal båså lan sastrå Jawi; 4. Prêlu nyêdiyakakên buku ajar ingkang cêkap tuwín lólós sêlèksi déníng tim pênilai ingkang indêpèndên;
Salajêngipún wóntên 3 (tiga) rékomèndasi ing ranah Pêndidikan Infórmal lan Nónfórmal, inggíh mênika. 1. Ngrêmbakakakên sanggar-sanggar sastrå Jawi minångkå wadhah panggulå wênthah ing babagan baså lan sastrå Jawi; 2. Ayahan ndayakakên båså lan sastrå Jawi lumantar lomba, sarasèhan, tuwin kúrsús-kúrsús; 3. Bêbadan kêagamaan, kêmasyarakatan tuwin kabudayan prêlu nyêngkuyúng sadåyå ayahan ing babagan båså lan sastrå Jawi;
Ayahan ingkang dadós rékomèndasi kóngrès wóntên ing komisi Pêndidikan Fórmal, Infórmal, tuwín Nón fórmal mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan putusan kóngrès ingkang dadós pancadan, antawisipún inggíh mênikå.
Kapíng Sêpisan, pasinaón båså Jawi wajíb dipún wulangakên wóntên ing sêkolah-sêkolahan SD/MI, SMP/MTs, tuwin SMA/SMK/MA. Pasinaón wóntên ing sêkolahan kêdah kóntèkstual, prêlu ndayakakên tèknologi infórmasi, tuwín nêngênakên métodhê énggal ingkang kréatif. Kajawi mênikå pasinaón babagan unggah-ungguh tuwín budipakarti prêlu dipúncakakên;
Kapíng kalíh, sakêdhík mbåkå sakêdhík guru ingkang mulang båså Jawi prêlu nggadhahi pêndidikan fórmal båså lan sastrå Jawi. Kómpêtènsi guru båså Jawi prêlu dipún indhakakên tuwin dadós kawigatósan ingkang murwat;
Kapíng tigå, babagan buku ajar båså Jawi ingkang kêdah cêkap tuwín lulús sêlèksi déning tim ingkang indêpèndên. Sadåyå ubarampé wóntên ing pamulangan båså Jawi prêlu cêkap supadós nyurúng kêtrampilan ngginakakên båså Jawi;
Kapíng sêkawan, mrayogèkakên supadós sadåyå kulåwargå Jawi ngginakakên båså Jawi wóntên ing sêsrawungan sabên dintênipún. Kanggé njurúng ayahan mênikå, sanggar-sanggar utawi paguyuban-paguyuban båså lan sastrå Jawi prêlu dipún dayakakên tuwín dipún wóntênakên lomba-lomba, sarasèhan, lan kúrsús-kúrsús;
Kapíng gangsal, sadåyå bêbadan utawi lêmbaga kêagamaan, kêmasyarakatan, lan kabudayan prêlu nyêngkuyúng sadåyå ayahan kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi. Salajêngipún, rékómèndasi kóngrès wóntên ing komisi Kêarifan Lokal mrayógèkakên supadós kêarifan lokal minångkå asèt budåyå Jawi dipún invêntarisasi, dipún wujudakên, tuwín dipún aprésiasi wóntên ing lingkungan masyarakat, bångså lan nagari lêlandhêsan Bhineka Tunggal Ika. Rékómèndasi kóngrès wóntên ing komisi Pêmbêrdayaan Bahasa dan Sastra Jawa, inggih mênikå.
1. Prêlunipun rêncana stratêgis kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi wóntên ing Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah. 2. Dinas-dinas ingkang tugas pókókipun sêsambêtan kaliyan båså lan sastrå Jawi tigang propinsi prêlu sêsarêngan ndayakakên båså lan sastrå Jawi ingkang trêp kaliyan kaanan lêlandhêsan rêncana stratêgis; 3. Prêlu dipún dhapúk Déwan Båså Jawi wóntên ing tigang Propinsi tuwin énggal jumangkah sêsarêngan kaliyan unsúr pêrguruan tinggi, paguyuban, sanggar-sanggar, tuwín dinas-dinas ingkang tugas pókókipún sêsambêtan kaliyan babagan båså lan sastrå Jawi; 4. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah prêlu mbangún laman (wèb sitê) babagan båså, sastrå, lan budåyå Jawi. 5. Ganjaran utawi pisungsúng tumrap pårå nimpuna/panggilút båså lan sastrå Jawi ingkang sampún wóntên prêlu dipún tingkatakên malíh; 6. Nandhêsakên prêlunipun payúng hukúm arupi UU, Pêraturan Pêmêrintah, tuwín Pêraturan Daérah ngéngingi båså lan sastrå Jawi;
Kóngrès ugi nêtêpakên rékomèndasi bilíh Kóngrès Basa Jawi (KBJ) V Taún 2011 prêlu dipún wóntênakên ing Jawa Timúr. Sadèrèngipún Kóngrès Basa Jawi prêlu dipún dhapúk Badan Pêkêrja Kóngrès Basa Jawi. Kajawi mênikå, sadèrèngipún Kóngrès Båså Jawi prêlu dipún wóntênakên Kóngrès Budåyå Jawi. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwin Jawa Têngah supadós dadós pangarsa lan njångkå tumapakipun Kóngrès Budayå Jawi. Wóntên pérangan salajêngipún, putusan kóngrès ugi nandhêsakên prêlunipun ayahan tindak lanjút, inggih mênikå. 1. Sadåyå putusan tuwín rékomèndasi Kóngrès Basa Jawi IV Taún 2004 prêlu dipún cakakên wóntên ing Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah; 2. Déwan Bahasa Jawa tigang Propinsi prêlu ngawóntênakên ayahan sosialisasi lan évaluasi sadåyå putusan tuwín rékomèndasi kóngrès, ingkang dipún ragadi sakíng Anggaran Pêndapatan dan Bêlanja Daérah (APBD).
Njingglêng sadåyå putusan tuwin rékomèndasi kóngrès kasêbat, kathah sangêt ayahan ingkang prêlu dipún wóntêni. Déwan Båså Jawi, unsúr Pêrguruan Tinggi, sanggar sanggar, paguyuban-paguyuban, tuwín Badan/Dinas ingkang sêsambêtan kaliyan båså, sastrå lan budåyå Jawi prêlu ngawóntênakên parêpatan lan jumangkah ngayahi rékomèndasi kóngrès. Sadåyå prêlu saiyêg saéka pråyå tuwín sinèrgis ngayahi sadåyå putusan tuwín rékomèndasi kóngrès. Sêsanti ‘jêr basuki måwå béyå' prêlu dadós gujêngan tumapakíng ayahan wóntên ing taún anggaran 2007. Lêlandhêsan prinsip ‘ambêg paramartå', prêlu dipún susún ayahan ingkang prêlu dipún têngênakên tuwín dipún pacak wóntên ing taún anggaran 2007, taún 2008, taún 2009, tuwín taún-taún salajêngipún. Sadayanipún prêlu dadós kawigatósan supadós båså, sastra, lan budåyå Jawi sagêd dipún dayakakên tuwín murakabi tumrap bêbrayan, masyarakat bångså lan nagari.
Déning:Ki Sutadi
|