Puspåwarnå - ᭙

31. Dinå Kêmís - Båså Jåwå

Dèrèng wóntên kalíh minggu sasampunipún Kongrès Båså Jåwå (KBJ) paripúrnå, Gubêrnúr Jawa Têngah nggarisakên kawicaksanan bilíh ing dintên Kêmís sadåyå Pêgawai Nêgêri Sipil (PNS) tataran Provinsi supadós ngginakakên båså Jawi.
Satunggalíng putusan ingkang trêp kaliyan kaanan sasampunipún kongrès båså Jawi dipún adani.
Gubêrnúr Mardiyantó milíh dintên Kêmís amargi ing dintên mênikå sadåyå PNS ngagêm busånå bathík utawi lurík.
Busånå khas ingkang dipún damêl déning pårå pêngrajin ing tlatah Wónógiri, Surakarta, Sêmarang, Pêkalóngan, Pêmalang, Jêpårå, Lasêm lan sanès-sanèsipún. Kawicaksanan ingkang makatên dhampakipún saé.
Mbótên namúng ing babagan båså, namúng inggíh ing babagan kêmajêngan industri rumah tangga.
Próduk industri ingkang ngasilakên bathík utawi lurík lajêng tambah.
Dhampak salajêngipún, pårå pêngrajin lajêng mindhak pênghasilanipún.
Kawicaksanan ngginakakên busånå bathík utawi lurík ing dintên kêmís lajêng nyurúng ékonomi masyarakat ing babagan pangupå jiwå utawi lapangan kêrja.
Ing babagan ékonomi mikro manfaatipún saé tumrap pårå pêngrajin ingkang kålå sêmantên kaananipún mrihatósakên.
Kajawi mênika motif bathík lajêng tambah ngrêmbåkå. Motif bathík mbótên namúng populèr motif Wónógiri, Surakarta, Pêkalóngan, namung lajêng nggigah motif Sêmarangan, Lasêm lan sanès-sanèsipún.
Mbótên namúng bathík, produksi lurík Pêmalang tuwín Tråså (Jêpårå) ingkang têbanipún dumugi pulo Bali lajêng mindhak.
Kóntraksi ékonomi ing Kabupatèn utawi kitha tlatah Jawa Têngah lajêng kagigah lan kadayan déníng kawicaksanan kålå wau.
Kawicaksanan ing dintên Kêmís ngginakakên båså Jawi inggíh trêp kaliyan kaanan samangké.
Nyatanipún mbótên namúng laré-laré kémawón ingkang angèl ngginakakên båså Jawi.
Malah kathah pêjabat ingkang gróthal-grathúl ngginakakên båså Jawi.
Båså Jawinipún lajêng gadho-gadho campúr kaliyan båså Indonesia.
Cak-cakanipún båså Jawi ingkang makatên pinanggih wóntên ing kithå-kithå ingkang bèntên manawi katandhingakên kaliyan ing padhusunan.
Kathah Pak Camat utawi Pak Lurah ingkang lancar ngginakakên båså Jawi.
Inggíh amargi asríng dipún ginakakên, båså Jawinipún lajêng saé lan lancar.
Babagan praktèk ngginakakên båså Jawi jumbúh kaliyan paribasan 'witíng biså jalaran såkå kulinå'.
Manawi kulinå ngginakakên båså Jawi inggih lajêng trampíl lan lancar.
Kawicaksanan dintên Kêmís ngginakakên båså Jawi ing kantór-kantór dipún tanggapi saé déníng masyarakat.
Malah wóntên ingkang usúl supadós ing sêkolahan-sêkolahan inggíh ngginakakên båså Jawi.
Wóntên malíh usulan arupi pamrayogi supadós wóntên ing swasana mbótên rêsmi ngginakakên båså Jawi.
Mbótên namúng kantór-kantór pamarintah, ing sêkolahan-sêkolahan, kantór-kantór swasta, utawi pêrusahaan inggíh prêlu dipún usulakên.
Manawi wóntên kawicaksanan bilíh ing swåsånå mbótên rêsmi ngginakakên båså Jawi dhampakipún agêng sangêt tumrap båså Jawi.
Kawóntênan makatên kêdadósan ing tlatah Pasundhan ingkang ngginakakên båså Sundha ing swåsånå mbótên rêsmi.
Malah mbótên namúng mênikå, ing hotèl-hotèl utawi rèstóran kapirêng têmbang têmbang Sundhå ingkang mratah ing sabên tlatah.
Lumantar kasèt utawi CD, kathah gêndhíng-gêndhíng pasundhan, upaminipún dêgúng, kêthúk thilu, cianjuran, angklúng, rampak kêndhang, lan sanès-sanèsipún ingkang dipún sêtèl.
Dhampakipún saé mbótên namúng indhaking prodúksi kasèt namúng inggíh ing babagan kréatifitas sêni.
Kajawi mênikå swåsånå ingkang khas sundha lajêng karaósakên sabên dintênipún.
Swasånå ingkang makatên sagêd ngiyatakên jatidhiri ingkang khas pasundhan ingkang bèntên kaliyan tlatah-tlatah sanèsipún.
Ing babagan båså mênåpå déné sêni budåyå, Jawa Têngah prayogi 'niru' ing bumi pasundhan.
Upaminipun ing babagan pêraturan pêrundang-undangan, Pamarintah Provinsi Jawa Barat sampún gadhah Pêraturan Daérah ingkang cacahipún tiga, inggíh mênikå:
(1) Pêrda Nómór 5 Tahun 2003 têntang Pêmêliharaan Bahasa, Sastra dan
      Aksara Daérah;
(2) Pêrda Nómór 6 Tahun 2003 têntang Pêmêliharaan Kêsênian;
(3) Pêrda Nómór 7 Tahun 2003 têntang Pêngêlolaan Kêpurbakalaan,
      Kêsêjarahan, Nilai Tradisional dan Muséum.
Déwan Pêrwakilan Rakyat Provinsi Jawa Têngah tuwín Badan/Dinas/Kantór ingkang kawógan prêlu maós tigang Pêraturan Daérah kasêbat.
Mbótên wóntên awónipún manawi ngawóntênakên studi bandíng kagêm nyusún Rancangan Pêraturan Daérah nêgêngingi båså Jawi.
Trêp utawi jumbúh kaliyan putusan KBJ IV taún 2006 ingkang nandhêsakên prêlunipun payúng hukúm arupi PERDA ingkang ngatúr ayahan ndayakakên båså Jawi.
Manawi Pêrda sampún dipún susún tuwín dipún kukúhakên ayahan ndayakakên båså Jawi langkúng kiyat.


Déning: Ki Sutadi

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет семьявок шоплобановский александр дети

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9936317
  Hari ini     :  Hari ini :56
  Kemarin     :  Kemarin :1686
  Minggu ini   :  Minggu ini :5816
  Bulan ini   :  Bulan ini :35942
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang