1. LAÍRIPUN RÅMÅ SASÊDÈRÈK.
|
Íng nagari Ngayodyå wóntên íngkang jumênêng Ratu, ajêjulúk Dåsåråtå, sudibyå såhå mungkúl dhatêng íng agami, putús dhatêng íng sastrå, tuwín dhatêng sawarniníng kawrúh, asíh dhatêng pårå abdinipun, íngkang tan pêgat asríng kaganjar.Wóndéníng íngkang kagalíh amúng isarat, íngkang kéngíng andadósakên karaharjaníng nagarinipún. Sang nåtå kagungan garwå têtigå, anåmå Dèwi Ragu utawi Sukåsaiyå, kalíh Dèwi Sumitrå, tigå Dèwi Kékayi. Prabu Dåsåråtå bótên kagungan putrå, såhå sangêt kapénginipún apêputra kakúng, íngkang katitisan íng batårå Wísnu. Lajêng animbali pandhitå satunggal, anåmå bagawan Wasiså, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaníng puji sagêdipún apêputrå kakúng. Pamrayoginipun bagawan Wasistå sang nåtå asidhêkaha dhumatêng pårå déwa, inggíh punikå íngkang minångkå isarat kadugèníng karsanipún sang Prabu. Pirêmbagipún bagawan Wasiså makatên wau lajêng linampahan. Lami lami garwå têtigå wau sami ambóbót. Íngkang ambabar rumiyin Dèwi Sukåsaiyå, miyós kakúng, kaparingan nåmå Råmå. Anuntên Dèwi Kékayi ambabar kakúng, kaparingan nåmå Bråtå. Lajêng Dèwi Sumitrå apêputra kakúng, kaparingan nåmå Laksmånå. Bótên antawís lami Dèwi Sumitra wau ambabar malíh kakúng, kaparingan nåmå Satrugnå. Råjåputrå sakawan wau sasampuníng diwåså, lajêng kapasrahakên dumatêng bagawan Wasiså, supadós kawulangå íng sawarniníng kawrúh, såhå kadigdayan tuwín lampah lampahíng pêrang. Sarêng sampún sami putús dhatêng ngèlmi íngkang winulangakên sadåyå, lajêng kabêktå kondúr dhumatêng kadatónipún íngkang råmå. Wóntên íng ngriku putrå sakawan komúk íng kawígnyan såhå kadígdayanipún.
|