2. RÅMÅ KASARÅYÅ ÍNG PANDHITÅ, NGANTÓS DAUP KALIYAN DÈWI SINTA.
|
Kacariyós wóntên êmpuníng pårå panditå, anåmå bagawan Yógiswårå, akaliyan bagawan Mitrå. Sami sówan anyuwún pitulúng dhumatêng Prabu Dåsåråtå, amargi pratapanipún karêsahan íng danåwå, balanipún Prabu Dåsåmukå íng Ngalêngkå.Panyuwunipún pandhitå kêkalíh wau, putranipún sang nåtå íngkang nåmå Råmå kaparingnå, supadós anyírnaknå sawarniníng danåwå íngkang angrêsahi wau. Íng ngajêng sang nåtå bótên parêng, awít putranipún kagalíh taksíh katimurên, déréng kuwawi amêngsah danåwå. Anangíng sarêng pandhitå kêkalíh wau anyêrêpakên íng wajibíng ratu, amitulungi íng kasusahan, sang prabu lajêng parêng, putranipún íngkang nåmå Råmå kabêktakakên dhatêng pandhitå kêkalíh wau; Radèn Laksmånå tumút dhatêng íngkang råkå. Sadhatêngipún íng rêdi pratapanipún sang pandhitå kêkalíh wau, sakathahing pandhitå íngkang adhêdhépók wóntên íng ngriku sami sukå bingah, sartå amulang íng sawarniníng ngélmi dibyå dhumatêng Råmå akaliyan Laksmånå, punåpå déné sami anyaósi jêmparíng. Anuntên sakathahíng danåwå íngkang angrêsahi pratapan, sami katumpês déníng råjåputrå kêkalíh, namúng satunggíl anåmå Maricå íngkang bótên pêjah, katút kabêktå íng jêmparíng båjrå, dhawah wóntên pinggiríng sagantên. Íng samangké sampún sirnå rêribêdipún pårå pandhitå íngkang adhêdhépók wóntên íng rêdi wau, Sasirnanipún danåwå íngkang sami angrêsahi pratapan, pårå pandhitå amirêmbagi dhumatêng Råmå, kapuríh lumampahå dhumatêng nagari íng Mantili, íngkang dipún ratoni dhumatêng Prabu Janåkå. Punikå kagungan putra èstri satunggíl, ayu tanpå sisihan, anåmå Dèwi Sinta. Sampún kathah pårå ratu tuwín pårå satriyå íngkang sami nglamar, nangíng Dèwi Sinta anampík. Éwadêntên sang Dèwi karså ugi akråmå, manawi wóntên íngkang kuwawi amênthang gandhéwå wasiyat sakíng sanghyang Girinåtå, íngkang dumunúng wóntên íng kadhatónipún íngkang råmå. Inggíh ugi sampún kathah pårå ratu tuwín pårå satriyå, íngkang angayóni badhé amênthang gandhéwå wau, anangíng bótên wóntên íngkang kuwawi. Milå Råmå kapuríh dhumatêngå íng Mantili, awít kagalíh kuwawi amênthang gandhéwå wau, sartå badhé anggarwå Dèwi Sinta. Råmå angèstókakên pitêdhahipún pårå panditå, lajêng lumampah datêng nagari Mantili akaliyan íngkang rayi radén Laksmånå.
Satatêngipún íng Mantili, tumuntên kauningan íng sang Prabu Janåkå, yén wóntên tiyang kêkalíh dhatêng, badhé angayómi mênthang gandhéwå dibyå. Sarêng satriyå kêkalíh sampún sami kasowanakên íng ngarsanipún Prabu Janåkå, sang nåtå lajêng amaríngakên gandhéwå díbyå dhumatêng Råmå. Gandhéwå pinênthang dhumatêng Råmå lajêng tikêl, andadósakên gumunipún íngkang sami aningali sadåyå. Sasampúníng Prabu Janåkå sumêrêp, yèn Råmå akaliyan Laksmånå sami putranipún Prabu Dåsåråtå íng Ngayodyå, énggal anglampahakên utusan dhumatêng íng Ngayodyå, angaturi Prabu Dåsåråtå, supadós anjênêngånå pikramènipún Råmå angsal Dèwi Sinta. Prabu Dåsåråtå lajêng bidhal dhatêng Mantili. Sarêng Råmå sampún kadhaúpakên akaliyan Dèwi Sinta, Prabu Dåsåråtå pamít dhumatêng Prabu Janåkå, kondúr dumatêng íng Ngayodyå. Putrå sakaliyan såhå putrå mantu sami andhèrèk.
|