06 Lampahan Lahiripun Bathara Kala - 01 = 01 / 04 =

- Jêjêr ing Kahyangan Jonggríngsalåkå, Bathårå Guru miyós siniwåkå wóntên palênggahan Marcukundhamaník balé Paparyåwarnå, dipún adhêp pårå putrå Déwå, Bathårå Indrå, Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå pêpak. Nalikå punika Bathårå Guru sampún ngawóntênakên kawah Candradimukå, êndhút Blêgdåbå, wót Ogal-agíl lan sapanunggalanipún. Nalikå punika ing Kahyangan Jonggríngsalåkå kataman gårå - gårå agêng, margi wóntên titahíng Hyang Måhå Kawåså bêbisík sang Kanékåputrå, wayahipún sang Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå, anggêntúr tåpå wóntên têlêníng samodrå, sarwi anggêgêm musthikå Rêtnå Dumilah, paringipún sang Hyang Nurrådå ingkang kalís têlêsing toyå lan sasaminipún. Anggènipún tåpå bråtå wau gadhah sêdyå ngungkuli panguwaósanipún Bathårå Guru. Bathårå Guru ngutús pårå putrå lan pårå Déwå sadåyå, kapuríh ambadharakên tapanipún sang Kanékåputrå. Pårå Déwå matúr sandikå, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan.
- Madêg ing Dhatulåyå Kahyangan Tinjomåyå, Dèwi Umå lan pårå widådari sami mêthúk konduripun Bathårå Guru. Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami imbal pangandikå kawóntêtaning paséwakan. Sasampunipún punikå, lajêng bibaran.
- Ing paséban jawi Rêpat Kapanasan, Bathårå Indrå mranåtå pårå Déwå. Sasampunipún sami siyågå, lajêng sami bidhal.
Prampógan Déwå ngråtå margi.
- Madêg têlêngíng samodrå. Sang Kanékåputrå anggêntúr tåpå sarwi anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah. Katungka dhatêngipun pårå Déwå, anjugarakên tåpå bratanipún sang Kanékåputrå. Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé. Nangíng pårå Déwa sami kasór sadåyå, lajêng gêgancangan sami wangsúl dhatêng Kahyangan. Bathårå Guru kapêkså tindak piyambak, manggihi sang Kanékåputrå. Lajêng sami bantah gayêng bab kasampurnaníng dumadi, bótên wóntên ingkang kawón. Lajêng dadós båndåyudå langkúng ramé abên kasêktèn lan kanuragan, nuwúhakên sangsåyå agêngíng gårå-gårå. Wêkasan sang Hyang Nurrådå pribadi rawúh anêdhaki, nyapíh ingkang sami båndåyudå. Andunúng dunúngakên, sanadyan sang Kanékåputrå punikå kalêrês wayahipún, nangíng jalaran nguwaósi musthikå Rêtna Dumilah, lajêng sampún dadós loro - loroníng atunggal kaliyan sang Hyang Nurrådå. Sang Kanékåputrå inggíh sang Hyang Nurrådå, sang Hyang Nurrådå inggíh sang Kanékåputrå. Mila Bathårå Guru kapuríh ngakèn kadang sêpúh dhatêng sang Kanékåputrå.
Kadadósnå sêsêpuhíng pårå Déwå wóntên ing Kahyangan Jonggríng Salåkå, ngêmbani sang Hyang Guru lan pårå Déwa sadåyå, apangkat Rêsi inggíh Batharaníng Kahyangan. Bathåra Guru lan pårå Déwa sami ngèstókakên dhawúh. Hyang Nurrådå inggíh sang Hyang Ismåyå lajêng ical wangsúl dhatêng Kahyanganipún, jiwanipún manunggal kaliyan sang Kanékåputrå. Ing sakonduripun sang Hyang Ismåyå, Bathårå Guru wiwít maspaósakên dhatêng sang Kanékåputrå anggèníng astanipún anggêgêm musthikå Rêtna Dumilah, badhé dipún pundhút, nangíng bótên dipún sukakakên, malah lajêng dipún bucal dhawah ing bantålå. Pårå Déwa sadåyå sami rêbatan nêdyå mêndhêt musthikå.
 Bathari Uma
|