07 Lampahan Lahiripun Bathara Kala - 02 = 02 / 04 =
5. Madêg ing Kahyangan Ékåpratålå Bathari Pratiwi nuju lênggah sêmadi, kadhawahan Rêtnå Dumilah ing pangkónipún. Badhé dipún pêndhêt, nangíng lunyu, mrucút, dhawah têrús amblês ing bumi. Katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu kaliyan Bathårå Cåndrå inggíh sang Bådråmåyå lan pårå Déwå. Mundhút prikså dhawahing musthikå. Bathari Pratiwi matúr manawi musthika dhawah amblês ing bumi. Bathårå Wisnu kapranan dhatêng Bathari Pratiwi, nanging rèhníng nuju nglampahi wajíb, milå lajêng énggal bidhal nututi dhawahíng musthikå. 6. Madêg ing Kahyangan Saptåpråtåla. Sang Hyang Antabogå dipún adhêp pårå Déwaníng bumi. Katungkå dhawahíng musthika, lajêng têrús dipún untal diníng sang Hyang Åntåbogå. Bótên watawís dangu Bathårå Wisnu lan pårå Déwa dhatêng, nakèkakên Rêtnå Dumilah. Bathårå Åntåbogå ngandikå bótên mangêrtós. Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå ramé, Bathårå Wisnu lan pårå Déwa mêngsah Bathårå Åntåbogå lan pårå Déwaníng bumi. Bathårå Åntåbogå ingkang malíh dadós någå agêng, dipún cêpêng déníng pårå Déwå tansah mrucút lan lajêng ical musnå. Pårå Déwa kabingungan anggènipún madósi, kapêkså lajêng sami wangsúl. 7. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalaka, Bathårå Guru dipún sowani pårå Déwå sadåyå, matúr manawi bótên sagêd manggihakên musthikå Rêtnå Dumilah. Bótên watawís dangu katungka sowanipún Bathara Åntåbogå, matúr sadåyå lêlampahanipún, sartå lajêng ngaturakên musthikå Rêtnå Dumilah. Dèrèng ngantós dipún tampèni Bathårå Guru, nangíng lajêng dipún anggé rêbatan pårå Déwa, têmah musthika Rêtnå Dumilah kabantíng ing sélå swargå, wadhahipún rêmúk dadós sawalang walang, dadós sosotyå manékå warnå, ing bénjíng lajêng kanggé rêrênggan ing balé Småråkåtå, papan palênggahanipún Bathårå Indra ingkang mranåtå pårå Déwå. Déné isinipún rupi musthikå langkung èdi indah, kapujå dadós Widådåri tigå, 1. Dèwi Widåwati inggíh Dèwi Tisnawati, 2. Dèwi Sri, lan 3. Dèwi Lokati inggíh Dèwi Rumingrat. Nangíng sadåyå punika namúng jiwå satunggal abadan tigå, mila ugi lajêng sinêbút Hapsari Triwati, Tri têgêsipún tigå, déné Wati têgêsipún wanita musthikaníng bawånå. Kawêcå ing bénjíng badhé dadós baku undêran lêlampahaníng gêsang, wóntên ing jaman nagari Lokåpålå, Mahíspati, Ayodyå, Hastinå lan salajêngipún. Sasampunipún punikå, Bathårå Åntåbogå lajêng nyuwún pamit wangsúl dhatêng Kahyanganipún. Hapsari Triwati piningid wóntên Kahyangan Junggríng Salåkå.
Bibaran paséwakan.
 Bathara Antaboga Bathari Durga
|