08 Lampahan Lahiripun Bathara Kala - 03 = 03 / 04 =
8. Madêg ing Kahyangan Tinjomåyå, Bathårå Guru sakaliyan garwå Bathari Umå, ngrêmbag warni-warniníng lalampahan wóntên ing jagad gumêlar. Sasampunipún punikå, Bathara Guru lajêng tindak sakaliyan garwå, lêlånå mriksani kawóntênaníng jagad gumêlar. Nalikå punika Bathara Guru sakaliyan garwå anggènipún lêlånå ngambah wóntên sanginggilíng samodra ingkang toyanipún biru wêníng kinclóng måyå måyå. Nuju wanci sêrapíng suryå ambabar candhikålå, (Candhikålå, asal saking têmbúng Candhi, têgêspún dipún pêpêtri, dipún pèngêti.) Déné Kålå, têgêsipún waktu, kadadósan, pêristiwa. Dadós têmbúng Candhikålå, têgêsipún Pêristiwa utawi kadadósan ingkang dipún candhi, dipún pêpêtri, dipún èngêti. Mêkaring båså, lajêng dadós Candhik-ålå utawi Candhík-ayu) cahya abrít manékawarnå sumunar kadós sosotyå binabar, såyå méwahi asri éndahing kawóntênan. Bathari Umå såyå sakalangkúng sangêt sulistyaníng warni. Bathårå Guru sakålå kadadak kasmaranipun, nêdyå nandukakên asmårå wóntên ingriku. Bathari Umå bótên nglanggati, margi taksíh wóntên ing purúg. Satêmah Bathårå Guru kadadak miyós kamanipún, dhawah wóntên salumahíng samodra. Bathårå Guru sangêt cuwå lan lajêng sakalangkúng dukå tanpå riringa kadós rasêkså, mêdal siyungipun, astanipún dadós sêkawan. Anjambak rikmanipún ingkang garwå, nguntír astanipún ingkang tansah anduwå ing karså, sarta napúk pasuryanipún ingkang tansah jêrít-jêrít. Satêmah Bathari Umå salah warni dadós rasêksi, ríkmå gimbal, astå sêmu céko, pasuryan rasêksi, karunå jêrít-jêrít. Bótên watawís dangu Bathårå Guru radi lilíh dukanipún, nglênggånå kalêpatanipún, mupús dumadósíng papêsthèn. Namúng dumugi samantên anggènipún atut runtút rèntèngan. Bathari Umå kasantunan nåmå Bathari Dúrgå, kadhawuhan manggèn wóntên ing Kahyangan Krêndhawåhånå inggíh Kahyangan Sélå Mangumpêng. Sadåyå sarmi mupús dumadósíng papêsthèn, lajêng sami tindak sowang - sowang. Bathårå Guru kondur dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå.
 Bathari Durga
|