11 Lampahan Murwa Kala - 02 = 02 / 04 =
AJAWI punikå taksíh kathah panunggilanipún ingkang kalêbêt aradan dadós têdhanipún Bathårå Kålå, ingkang tuwúh sakíng pandamêlipún piyambak. Nangíng bótên kêdah karuwat mawi upåcåra agêng. Cêkap namúng caós sêsaji lan puji donga (nglêbúr doså) élíng waspådå. Margi gêsang punika têmtu nandhang kalêpatan, antawisipún inggíh punikå: 01. Tiyang damêl griyå énggal mawi kajêng bang bangan lungsúran. 02. Tiyang damêl bagéyaníng griyå mawi tilas sanggar utawi cungkúp. 03. Tiyang ngadêgakên griyå månggåséså, inggíh punikå antawisipún, êmpyak sasisíh sampún kaêtrapakên, ingkang sasisíh dangu bótên dipún rampungakên. 04. Tiyang damêl griya tanpå tutúp kéyóng. 05. Tiyang damêl griyå utawi dandósan mawi dêlíng wóng wang. 06. Kontên lan candhélaníng griyå sadalu natas bótên dipún tutúp, mångkå bótên kanggé kapêrluan. 07. Ngadêg dangu wóntên satêngahíng kóntên. 08. Dangu gandhulan kóntên lan lêndhêtan gêdhègíng griyå. 09. Nugêlakên gandhík utawi pipisan. 10. Ambucal uwúh wóntên lóngan utawi wóntên salêbêtíng griyå. 11. Damêl pawuhan cakêt kaliyan griyå. 12. Damêl sumúr énggal wóntên sangajêngíng griyå lêrês, utawi wóntên salêbêtíng griyå. 13. Nanêm lung lungan lan sasaminipún wóntên sangajêngíng griyå lêrês. 14. Bótên ngopéni lan siyå dhatêng kapal, maéså, lêmbu lan sasaminipún. 15. Bótên mraduli dhatêng pantún, pålåwijå lan sasaminipún. 16. Nêdhå nilar kókóh kathah, rêmên damêl sêkúl wadhang lan sasaminipún. 17. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng båpå babu lan lêluhuripún. 18. Bótên ngajèni mêmundhi dhatêng candhi candhi patilasaning lêluhuripún. 19. Kunarpå lumampah, kêkésahan têbíh piyambakan ing wanci têngah dalu utawi têngah siyang. 20. Bathang ucap ucap, tiyang kalíh kêkésahan têbíh tilar kaprayitnan. 21. Gótóng-mayít, tiyang tigå kêkésahan têbih tilar kaprayitnan.
Lan taksíh kathah malíh panunggilanipún. Bathårå Kålå sasampunipún kaparingan pêprincèníng têdhå, lajêng nyuwún pamít, nuntên bidhal. Ing sakésahipún Bathårå Kålå, Bathårå Narådå lan pårå Déwå sami munjúk, manawi sangêt kaladúk anggènipún maringi pêprincèníng têdhå dhatêng Bathårå Kålå. Nangíng Bathårå Guru ngandika, bilíh sadåyå wau sampún kalêbêt lêlampahaníng dumadi. Sadåyå sami kabingungan. Sasampunipún karêmbag matêng, supadós budi dåyå énggal nyirêp lan ngalang-alangi kadadósaning dumadi ingkang bótên prayogi punika wau, sarånå dipún ruwat. Bathårå Guru lajêng dhawúh dhatêng Bathårå Narådå, kadhèrèkakên pårå Déwa, dhatêng Kahyangan Ngutåråsagårå, manggihi Bathårå Wisnu, mundhút tulúng kapuríh ngruwat mêmålå sukêrtaníng manungså, ingkang dadós mangsanipún Bathårå Kålå. Bathårå Narådå lan pårå Déwa matúr sandikå, nyuwún pamít, lajêng bidhal.
Bibaran paséwakan. Bathårå Guru ngadhatón ing Tinjomåyå.
 Bathara Narada |