12 Lampahan Murwa Kala - 03 = 03 / 04 =
2. Madêg ing Rêpat kapanasan. Bathårå Narådå, Bathårå Indrå, Bathårå Bråmå, Bathårå Sambo, Bathårå Payu lan sadåyå pårå Déwå. Samåptå ing damêl, lajêng bidhal, prampógan Déwå ngråtå margi. 3. Madêg ing dhukúh Babadan talatah Mêdhangkawít, råndhå Sêmbådå inggíh råndhå Sêmawít lênggah dipún adhêp anakipún jalêr ontang antíng, nåmå Jåkå Jatús, dipún pituturi ing rèh tåtåkramaning gêsang. Dipún dhawuhi adús dhatêng sêndhang Nirmålå ing talågå Madirdå, supadós sagêd suci kalís sakathahíng mêmålå lan bêbåyå. Jåkå Jatús ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng bidhal. Lampahipún Jåkå Jatús kalís ing rubda. Sarêng dumugi ing sêndhang Nirmålå, lajêng anggêbyúr adús kungkúm. Sigêg. 4. Madêg ing Kahyangan Sêlaman gumpêng inggíh ing Kahyangan Krêndhåwahånå, Bathari Dúrgå dipún adhêp Jurumåyå, Rinumåyå, Jåråmåyå, manggihi rawuhipún Bathårå Antågå. Wawartós bab badhé dumadósíng lêlampahan manékå warnå wóntên ing jagad paraméyan. Bótên watawís dangu Bathårå Kålå dhatêng. Wawartós manawi sampún dipún paringi pêprincèn têtêdhan kathah sangêt. Nyuwún pamít, nêdyå padós têtêdhan. Bathårå Antågå tumút andombani, manjíng dhatêng hangganipún Kyai Téjåmantri inggíh Kyai Tógóg. Nuntên bidhal. Ing samargi-margi Bathårå Kålå tansah nêdhå nadhah mêmångså pårå manungså ingkang sampún kalêbêt aradan. Andadósakên girís mirisipún bêbrayan gêsang nalikå samantên. Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Jåkå Jatús ingkang nuju mêntas adús sakíng sêndhang Nirmålå. Nêdyå dipún tadhah kålåmångså, nangíng Jåkå Jatús sanjang manawi badanipún sampún suci, sampún adús wóntên ing sêndhang Nirmålå. Bathårå Kålå bótên mraduli, awít Jåkå Jatús punikå laré ontang antíng. Lajêng dipún tubrúk, nangíng lêpat, têrús lumajêng, dipún oyak. Lampahipún Bathårå Kålå kapanggíh Bathårå Narådå lan pårå Déwå. Bathårå Narådå ngandikå, manawi Bathårå Kålå anggènipún nêdhå mêmangsanipún namúng kanthi lêlawaran gêsang gêsangan, awít sakíng dhawúhipún Bathårå Guru, sapunika kêdah sarånå dipún pêjahi langkúng rumiyín, dipún tamani bêdhåmå. Manawi sampún pêjah, sawêg kéngíng katadhah kålå mångså. Bathårå Kålå matúr sandikå, lajêng dipún paringi sanjåtå bêdhåmå. Bathårå Narådå lan pårå Déwå nuntên nglajêngakên lampah. Déné Bathårå Kålå ugi nglajêngakên padós mêmangsan. Sigêg. 5. Madêg ing Kahyangan Ngutåråsagårå, Bathårå Wisnu dipún adhêp Bathårå Bådråmåyå. Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå, ngandika ngêmban dhawúh timbalanipún sang Hyang Jagad Guru, dhawúh dhatêng Bathårå Wisnu supadós ngruwat rêrêtuníng jagad ginêlar ingkang awit sakíng pandamêlipún Bathårå Kålå. Bathårå Wisnu matúr sandikå. Lajêng damêl rékådåyå sarånå pagêlaran padhalangan wayang, Bathara Wisnu dadós dhalang, nåmå dhalang Kåndhåbuwånå, Bathårå Cåndrå Bådråmåyå dadós panjak pangêndhang, panggêndèr Bathårå Narådå, pangrêbab Bathårå Indrå, panylênthêm Bathårå Bråmå, pangênóng Bathårå Sambo, pangêgóng Bathårå Bayu. Déné ingkang nyarón imbal lan nyulíng Bathårå Patúk lan Bathårå Tamburu. Sadåyå sami santún busånå lan santún nåmå. Sasampunipún samaptå sadåyå dalah wayang sapirantósipún, lajêng sami bidhal ambarang. Lampahipún samargi margi kaliyan ngruwat pårå ingkang sami nandhang mêmålå sukêrtå. Kapanggíh Jåkå Jatús, dipún ayómi, kapuríh tumút ngêthúk. Nuntên sami nglajêngakên lampah. Kocap Bathårå Kålå anggènipún ngoyak-oyak Jåkå Jatús kabingungan bótên sagêd kapanggíh. Sakíng sayahipún, lajêng tilêm sêsênggóran wóntên sangadhapíng wít randhuwånå. Sigêg.
 Jaka Jatus
|