|
16 Lahiripun Bathara Gana - 03 = 03 / 05 =
7. Madêg ing Kahyangan Cakråkêmbang, Bathårå Kåmåjåyå sakaliyan garwå Bathari Ratih, manggihi Kyai Bådråmåyå. Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Indrå, mundhút tulúng Bathårå Kåmåjåyå supadós ambadharakên Bathårå Guru anggènipun tåpåbråtå. Bathårå Kåmåjåya matúr sandikå. Bathårå Indrå pamít wangsúl. Bathårå Kåmåjåyå pamít dhatêng garwå, bidhal badhé ngayahi tutulúng karibêtaníng pårå Déwå. Bathari Ratih anggondêli paprènèsan. Wêkasan Bathårå Kåmåjåyå lajêng bidhal, kadhèrèkakên Kyai Bådråmåyå minångkå dadós pånåkåwån, têgêsipún, kawan utawi mitrå ingkang sampún pånå mangrêtós sayêktós ing sadayanipún. Ing sabidhalipún Bathårå Kåmåjåyå, Bathari Ratíh rumaós bótên sagêd pisah kaliyan kakúng, milå lajêng nusúl bidhal nututi ingkang kakúng, kadhrèkakên parékan. 8. Madêg pucakíng wukír Mru, Bathårå Guru kapati mêsu tåpåbråtå, margi sakíng anggènipún sampún kapêdhótan trêsnå kaliyan garwå, sartå anggènipún nglêngganani ing kalêpatan-kalêpatanipún. Bótên watawís dangu Bathårå Kåmåjåyå sowan, ngaturi supadós mudhar anggènipún tåpåbråtå, sartå ngaturi uningå manawi Kahyangan kancikan mêngsah råjå dênåwå ingkang sampún ngêpang Kahyangan Surålåyå. Nangíng Bathårå Guru namúng kèndêl kémawón. Bathårå Kåmåjåyå lajêng namakakên sanjatanipún rupi sawarnining sêkar sêkar ingkang nuju ambabar gåndå amrík arúm angambar, inggíh punika ingkang dipún wastani sanjåtå Cåkråkêmbang, ngundhúng-undhúng kadós gunúng, ngurugi hangganipún Bathårå Guru, têmåh lajêng saré. Ing salêbêtipún saré, Bathara Guru supênå kapanggíh putri sakalangkúng ayu sangêt, nåmå Dèwi Parwati, putrinipún Bathårå Giri ing Kahyangan Girimåyå. Kacuwan dèrèng kalêgan, amargi lajêng wungu saré. Satêmah duka bramåntyå dadós rasêkså nétranipún tigå, bêbisík sang Hyang Rudrapati. Nétranipún ingkang têngah sakalangkúng bêntèr sangêt, nyórót Bathårå Kåmåjåyå, têmah kóbóng dadós awu. Bathårå Rudrapati lajêng jumangkah nêdyå ngupadósi dunungipún Dèwi Parwati.

Kyai Sarahita
|