17 Lahiripun Bathara Gana - 04 = 04 / 05 =
9. Madêg ing Kahyangan Girimåyå, sang Hyang Giri kaliyan putranipún putri, Dèwi Parwati. Katungkå rawuhipún sang Hyang Rudrapati, nêdyå mundhút garwå Dèwi Parwati. Sang Hyang Giri matúr manuhårå ngrêrêpå lan sumånggå ing karså. Satêmah sang Hyang Rudrapati lilíh dukanipún, babar dadós sajatinipún Bathårå Guru. Bótên watawís dangu katungkå dhatêngipun Bathari Durgå kaliyan lêmbu Nandini, kairíng wadyå bajobarat. Bathari Durgå matúr, sanadyan kålå rumiyín sampún narimah dumadósíng papasthèn, pisah kahiyan Bathårå Guru, nangíng ing wêkdal punikå lêmbu Nandini ingkang bótên narimahakên, déné gusti mómónganipún rumiyín manggíh siyå. Sulåyå ing rêmbag, lajêng dadós pancåkåra, Bathårå Guru mêngsah lêmbu Nandini, wêkasan lêmbu Nandini kasór yudanipún, dipún titihi déníng Bathårå Guru, lan lajêng ngandika dhatêng sang Bathari Durgå inggíh sang Bathari Umå Umaran ing sapunika kawadhaganipún pisah kaliyan Bathårå Guru, nangíng sajatósipún jiwanipún têtêp manunggil dadós garwanipún, lan sajiwå kaliyan Déwi Parwati. Awít sakíng punikå Dèwi Parwati ugi lajêng dipún sêbút Bathari Uma. Sasampunipún sadåya sami narimah, Bathårå Guru lan garwå Dèwi Uma Parwati pamít dhatêng sang Hyang Giri, nêdyå wangsúl dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå. Bathari Durga lan pårå pandhèrèkipún ugi pamit wangsúl datêng Kahyanganipún. Sang Hyang Giri nyumanggakakên. Sadåyå lajêng sami bidhal. 10. Kocap Bathari Ratíh lampahipún sampún dumugi ing wukír Mêru, sumêrêp kakungipún dadós awu, dipún rungkêbi dipún tangisi. Katungkå rawuhipún Bathårå Guru lan garwå nitíh lêmbu Nandini. Bathari Ratíh matúr kalårå lårå nêdyå bélå pêjah kaliyan kakungipún. Bathårå Guru trênyúh ing panggalíh, nglênggånå dumadósíng lêlampahanipún. Awunipún Bathårå Kåmåjåyå lajêng dipún tètèsi toyå Amrêtå, têmah waluyå gêsang malíh, lajêng pêpasihan kaliyan garwå. Bathårå Guru ugi inggíh lajêng pêpasihan langên asmårå kaliyan garwå, satêmah Dèwi Umå Parwati anggarbini.
 Bathårå Kåmåjåyå
|