᭛᭤

 

19 Lampahan Bathara Brama Krama 01
= 01 / 04 =


 

1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtådéwå Bathårå Indrå miyós siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå, Bathårå Citråråtå, Bathårå Citråsénå, Bathårå Harjuwinångå inggíh Bathårå Harjunåwångså, lan pêpak pårå Déwå.
Ngrêmbag gårå-gårå ing Kahyangan, margi sakíng Bathårå Bråmå sampún dangu anggènipún tåpåbråtå wóntên ing Kahyangan
Hargådåhånå, rêdi latu ingkang murúb mangalad-alad bótên kéngíng
ing pêjah, sapêrlu nyuwún jodho ingkang pinasthi, dadós
sêsêmbahanipún pårå janmi.
Sartå ugi ing wêkdal punika wóntên råjå raksåså ing pråjå Gilíngåyå,
jêjulúk Prabu Kålå Iråmbå, kapati brangtå nyuwún jodho widadari
Dèwi Supråbå.
Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, ngêmban dhawúh
timbalanipún sang Hyang Jagad Guru, kapuríh ambangsulakên
panyuwunipún Prabu Kålå Iråmbå.
Margi miturút wawatón, bangså raksåså punikå jodhonipún rasêksi,
Déwa Dèwi, hapsårå hapsari, satriyå lan putri, tuwín sapiturutipún.
Bathårå Indrå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh.
Bathårå Narådå wangsúl dhatêng Kahyanganipún.
Bibaran paséwakan.
2. Ing Karangkawidådarèn Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan pårå widådari
sami mêthúk konduripún sang Nåtåddéwå Bathårå Indrå.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, nuntên sami pangandikan
kawóntênaníng paséwakan.
Lajêng bibaran, Bathårå Indrå miyós ing njawi.
3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathara Citråråtå, Bathårå Citråsénå,
Bathårå Harjunåwångså lan pårå Déwa tuwín wadyå dorandårå.
Mranåtå siyågå gêlaríng prang, sasampunipún samaptå sadåyå, lajêng
bidhal, sami nitíh têtumpakanipún piyambak piyambak.
Prampógan Déwa ngråtå margi nyingkirakên pêpêdhút.

bathara_harjuwinanga
Bathårå Harjuwinångå


 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker инвестицииказан на треногеполигон ооо одесса

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

1049723
  Hari ini     :  Hari ini :1191
  Kemarin     :  Kemarin :2308
  Minggu ini   :  Minggu ini :2952
  Bulan ini   :  Bulan ini :47133
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 20

Kontak Admin.

email-kidemang