|
18 Lahiripun Bathara Gana - 05 = 05 / 05 =
11. Madêg ing Kahyangan Surålåyå, Bathårå Indrå, Bathårå Bråmå, Bathårå Sambo, Bathårå Bayu lan pêpak pårå Déwå, nampi rawuhipún Bathårå Narådå, ngandikå, bilíh ing sapunika Dèwi Umå Parwati sampún anggarbini. Miturút wangsitipún Hyang Måhå Kawåså, bilíh Prabu Kålå Nilårudråkå sawådyå, mêngsahipún pårå Déwå ingkang sakalangkúng sakti måndrågunå auggêgirisi bótên badhé sagêd dipún kawónakên déning síntên kémawón. Nanging badhé sirnå tumpês lêbúr ing bénjíng, mêngsah kaliyan putranipun Dèwi Umå Parwati, ingkang rupi raksåså muståkå dwipånggå. Sagêdipún kalampahan kadós makatên, kanthi sarånå Bathårå Indrå kadhawuhan damêl gårågodhå, nitíh kalangênanipún dwipånggå Héråwånå, ngajrih-ajrihi Dèwi Umå Parwati. Bathårå Indrå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh, lajêng bidhal. 12. Ing Kahyangan Tinjomåyå Junggríngsalåkå, Bathari Umå (Têmbúng Uma punika asal sakíng båså Sanskritå, sêsêbutaning panêmbah AUM, Agni, Udaya lan Marutå, Gêni, Banyu lan Angín. Manawi kêmpal kaliyan Bumi, lajêng dadós adón adón blêgêríng manungså. Têmbúng Aum asríng dadós Óm utawi Hóng) nuju lênggah piyambakan, katungkå dhatêngipún Bathårå Indrå nitíh dwipånggå Hérawånå, nyuwantên sorå anggêgirisi binarúng gêbrugíng lampah lan pangêmprètíng gajah. Dèwi Umå sakalangkúng kagèt lan sangêt ajríh. Lumajêng ngrungkêbi pangkónipún Bathårå Guru, kadadak miyósipún jabang bayi, sarirå raksåså muståkå dwipånggå, dipún adusi toyå gégé têmah déwåså, kanamakakên Bathårå Gånå (Bathårå Gånå utawi Bathårå Ganéså punika dadós lambangíng Kawicaksanan). inggíh Bathårå Ganéså. Katungkå sowanipún Bathårå Narådå lan pårå Déwå, ngaturakên sadåyå kawóntênan. Sartå matúr bilíh putrå pún Bathårå Gånå punikå ingkang kawêcå badhé sagêd nyirnakakên Prabu Kålå Nilårudråkå sawadyanipún ingkang damêl pêpêtêngíng Kahyangan Surålåyå. Bathåra Guru marêngakên ingkang putrå pún Bathårå Gånå kamêngsahakên kaliyan Prabu Kålå Nilårudråkå sawadyå balanipún. Sasampunipún samaptå sadayanipún, Bathårå Gånå lan pårå Déwa sadåyå lajêng sami bidhal dhatêng pakuwónipún mêngsah. 13. Madêg pakuwóníng mêngsah ing Sénåpurå. Prabu Kålå Nilårudråkå, Patíh Sénarudråkå lan pårå wadyåbålå yakså pêpak. Ngrêmbag sampún dangu sangêt anggènipún ngrabåså ngêpang kahyangan Surålåyå, dèrèng wóntên kawusananipún. Putusaníng pambudi, sapunika nêdyå dipún rosani, ngêtóg sadåyå kêkiyatan anggêmpúr anjêból Kahyangan. Sadåyå sampún sami samaptå. Bótên watawís dangu katungkå dhatêngipún pårå Déwå sawadyanipún, dadós campúh prang ramé. Wêkasan Prabu Kålå Nilårudråkå pêjah déníng Bathårå Gånå, sarta ugi Patíh Sénårudråkå pêjah diníng Bathårå Gånå. Wadyåbålå yakså dhadhal mawút sírnå lêbúr gusís tapís. Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan. 14. Madêg ing kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru, Bathårå Narådå lan pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå sukå kalís ing bêbåyå.
Tancêp Kayón.

Bathårå Gånå
|