22 Lampahan Bathara Brama Krama - 04 = 04 / 04 =
10. Madêg ingpråjå Gilíngåyå, Prabu Kålå Iråmbå, patíh lan pêpak pårå wadyå, ngajêng ajêng utusan. Bótên watawís dangu Kyai Téjåmantri lan Såråwitå sowan dumrójóg tanpå tinimbalan. Atúr uningå, bilíh wadyå punggåwå utusan sami pêjah sadåyå mêngsah Bathårå Wisnu. Prabu Kålå Iråmbå sakalangkúng dukanipún, ngêrigakên wadyåbålå sikêp sangkêp sagagamaning prang, lajêng bidhal nglurúg dhatêng Kahyangan. 11. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru dipún sowani Bathårå, Narådå lan sadayå pårå Déwå, ngaturakên kawóntênaníng lêlampahan. Katungkå sowanipún Bathårå Gånå dipún iríd Bathårå Citråråtå lan sadayanipún. Bathårå Gånå matúr dhatêng Bathårå Guru, nyuwún dipún ruwat rupi bagus kadós pårå putrå Déwå sanèsipún. Bathårå Guru trênyúh ing panggalíh, nglênggånå lêlampahan ingkang sampún kalampahan. Lajêng marêngakên panuwunipún ingkang putrå Bathårå Gånå. Nuntên dhawúh dhatêng Bathårå Bråmå, kapuríh dadós lêlantaran ngruwat ingkang rayi dadós rupi bagús kadós pårå sadhèrèk sadhrèkipún. Bathårå Bråmå matúr sandikå, lajêng bidhal kaliyan Bathårå Gånå. Pårå Déwa sami andombani tut wingkíng. 12. Madêg pakuwónipún påråyåka. Prabu Kålå Iråmbå nuju wóntên salêbêtipún pakuwón, kadhatêngan Bathårå Bråmå lan Bathårå Gånå. Bathårå Brama ngandika, manawi sanyatå Prabu Kålå Iråmbå kapéngín rabi widådari, kêdah bêkti dhatêng Bathårå Guru lan pårå Déwå, sarta purún kurban, ambucal kawadhaganipún, supadós jiwanipún manunggal kaliyan Bathårå Gånå. Prabu Kålå Iråmbå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh kanthi madhêp mantêp ing manah. Prabu Kålå Iråmbå mapan, lajêng dipún sórót nétranipún Bathårå Bråmå ingkang têngah, ingkang bêntèr sangêt, ngantós dumugi pêjah, kuwandå sirnå lêbúr. Yitmanipún kapanjingakên dhatêng hangganipún Bathårå Gånå, déné Bathårå Gånå kapuja dadós kawadhagan rupi bagús. Nuntên késah sakíng ngriku, sarwi sêsumbar dhatêng wadyå yakså, manawi ratu gustinipún sampún pêjah. Manawi bótên narimahakên, kapuríh nututi lampahipún. Patíh Kålå Wisudhåyakså sangêt ing dukanipún, ngêrigakên wadyåbålå, têrús nututi palajêngipún Bathårå Bråmå lan Bathårå Gånå bagús. 13. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp Bathårå Narådå lan pårå Déwå, nampi sowanipún Bathårå Bråmå, kawadhagan lan jiwanipún Bathårå Gånå, lan ngaturakên sadayå lêlampahanipún. Bathårå Guru paríng sabdå, bilíh kawadhaganipún Bathårå Gana ingkang sampún sajiwå kaliyan Prabu Kålå Iråmbå, rupi bagús, têtêp dipún anggêp putrå, kaparingan jêjibahan ngimpún kapustakanipún pårå Déwå, ing bénjíng wênang rabi widadari, kaparingan nåmå Bathara Måhådéwå. Sartå Kahyanganipún Bathårå Bråmå kaparingan nåmå Kahyangan Swargåwahånå inggíh Kahyangan Swargå dúksinå. Katungkå sowanipún Bathårå Citråsénå, atúr uningå, manawi wadyå yakså sóróh amúk wóntên ing Rêpatkapanasan. Pårå Déwa énggal bidhal mapagakên mêngsah. Ing payudan, pêrangipún wadyå yakså mêngsah wadyå dênåwå, wêkasan Patíh Kålå Wisudhåyakså pêjah déníng Bathårå Bråmå, wadyåbålå yakså dhadhal mawút sírnå lêbúr tumpês tapís dipún amúk pårå Déwa ingkang dipún manggalani Bathårå Bayu. Tayungan. 14. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru, Bathårå Narådå lan pêpak pårå Déwa, sami sukå sukå déné sampún kalís ing bêbåyå.
Tancêp Kayón.
 Bathara Mahadewa |