23 Lampahan Bathara Wisnu Krama 01 = 01 / 04 =
1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtå Déwå Bathårå Indrå miyós siniwåkå, dipún adhêp Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå, Bathårå Bayu lan pårå Déwå. Ngrêmbag pêpêtêngíng marcåpådå, margi Bathari Pratiwi ing Kahyangan Ékåpråtålå nulak panglamaripún pårå nåtå måncåpråjå måncånagari, satêmah kathah ingkang lajêng sami nêdyå ngrodåpakså ngrabåså Kahyangan Ékåpråtålå. Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå, ngêmban dhawúh timbalanipún Bathårå Guru, Bathårå Indrå lan pårå Déwå kadhawuhan ambantu tutulúng karibêtaníng Kahyangan Ékåpratålå. Bathårå Indrå matúr sandikå. Bathårå Narådå wangsúl dhatêng Kahyanganipún. Bibaran paséwakan. 2. Ing Kaswargan Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan pårå widådari sami mêthúk konduripún sang Nåtå déwå. Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami wawan pangandikan bab kawóntênaníng paséwakan, sinambi mriksani lêlangên lénggótbåwå. Nuntên bibaran, Bathårå Indrå miyós ing jawi. 3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå sadayå, sami tåtå tåtå siyagå. Sasampunipún sami samapta sadåyå, lajêng sami bhidhal. Prampógan Déwå ngicali pêpêdhút ing awang-awang. 4. Madêg ing pråjå Garbåpitu, sang Nåtåyakså Prabu Wisnudéwå miyós siniwåkå, dipún adhêp Patíh Kålå Baudhêndhå, Tumênggúng yaksi Kalimantragsi, pårå punggåwå, lan nyandhíng kalangênanipún ingkang rupi singåbaróng kadadósan sakíng dhangkèlíng sêkar Wijåyåkusumå panggêsanganipún tiyang sabumi, nåmå Singåmurti. Sang Nåtåyakså gandrúng gandrúng Bathari Pratiwi, lajêng utusan punggåwå yakså Dityå Kålå Parangbaróng, ngaturakên sêrat panglamar dhatêng Ékåpratålå. Bibaran paséwakan. Ing pasébanipún wadyå yakså, Dityå Kålå Parangbaróng, Kålå Minåcuwiri, Kålå Galiyúk, Téjåmantri lan Såråhitå, tåtå tåtå siyagå ing damêl, lajêng bidhal. Wóntên ing margi kapapag kaliyan barisaning pårå Déwå. Sulayaníng rêmbag, dadós prang, nangíng lajêng sami simpangan margi.

Bathari Pratiwi
|