Rajapati ing Pereng Wilis (03)
|

ETYAWAN ngguyu. Ucape, “Dheweke wartawan Mas, apamaneh wartawan mligi kasus kriminal. Kerjane meh kaya dhetektip. Informasi bisa teka saka ngendi wae.” “Njur aku kudu komentar piye, Dhik?” “Ya didhawuhake wae apa anane. Ning sing magepokan klawan proses penylidhikane kasus iki becike aja diudhal dhisik menyang media massa kareben ora ngganggu kerjane andhahan penjenengan sing nedhenge golek sisik melik. Awit durjanane rak durung kecekel ta?” Wartawan-wartawan kuwi jebul ora langsung mawancarai Amondenta, nanging malah ibut njupuk gambare kurban. Ana sing nyuting nganggo handycam, ana uga sing jeprat-jepret motreti saka sadhengah sudhut. Wondene wartawan radio mung ngulat-ulati saka kadohan sinambi ngenteni kanca-kancane saka media cetak lan televisi rampung njupuk gambar, banjur wawancara bebarengan karo Komisaris Pulisi Amongdenta. Tumrap jurnalis radio, sing baku dudu gambar nanging voice utawa swarane nara sumber. Amongdenta ora bisa menggak nadyan cara kerjane wartawan sing kaya ngono kuwi kalamangsane sok ngrerendheti nyambut gawene pulisi. Nanging arepa dikayangapa masyarakat tetep nduweni hak oleh informasi sing bener lan akurat. Jamane wis tinarbuka utawa transparan, beda karo era Orde Baru biyen. Aparat jejeging adil, kalebu pulisi, saiki ora kena maneh nyengker sawijining kasus. Apa maneh yen kasus mau lagi dadi sorotane masyarakat. “Mas-mas wartawan tivi lan koran, tulung mengko nek arep ditayangake perangan sirahe kurban sing remuk iku rada diburengake ya! Ben ora katon sadhis. Iki ora kok ateges aku nyampuri urusane pers, ning ora nayangake gambare kurban rajapati kanthi mlaha ngono kuwi uga kanggo kepentingane masyarakat. Jalaran nek saben dina disuguhi tontonan tatu lan getih, suwe-suwe masyarakate bakal melu bringas. Sithik-sithik nesu, sithik-sithik padu,” kandhane Amongdenta. “Siyap, Ndhan,” wangsulane salah sijine reporter televisi sing menganggo sragam biru tuwa sleret putih. Para wartawan kang liputane ing babagan kriminal pancen sok ngundang “ndhan” marang komandhane pulisi nadyan juru warta mau dudu andhahane. Amongdenta dhewe ora kabotan diundang “ndhan” dening wartawan, sebab bisa njalari saya kumraketing pasrawungan. Sajrone Amongdenta ngladeni wartawan, Setyawan nylingker ngadoh. Dheweke ngulatake omah gedhe magrong-magrong sing ngedhangkrang ana ndhuwur punthuk pethite dalan njojrog iki. Omah loji cakrik kuna, omahe Palindriya Harjamingkalpa. Omah kuwi njenggarang, nanging katon sintru. Temboke kusem, embuh wis pirang puluh taun ora kambon cet. Godhonge wit pelem gadhung sing thukul ana tengahing plataran ngrembuyung, muwuhi swasanane dadi tansaya singup. Omahe Palindriya mencil, adoh karo tangga teparo. Rada dhuwur saka omahe Palindriya, ana wewangunan kang luwih gedhe lan luwih dawa. Saemper gudhang utawa pabrik. Nanging katon banget yen bangunan lawas kuwi wis suwe ora kopen. Kacihna temboke nglumut lan payone wis padha thethel. Yen sinawang saka papan sing rada ngisor, bangunan bongkor iku kaya-kaya mangku omahe Palindriya. Atine Setyawan notol-notol selak kepengin nakokake wewangunan bongkor kuwi marang Amongdenta. Nanging sarehne kepala pulisi kecamatan iku isih diwawancarai wartawan, kekarepane disumenekake luwih dhisik. Nalika Setyawan pinuju ngulat-ngulati wewangunan loro ing sandhuwure gumuk mau, ambulan saka rumah sakit umum sing tinanggenah njupuk jisim teka. Kunarpane Darpita nuli diwadhahi kanthong mayit werna kuning banjur digotong mlebu ambulan. Wartawan tivi lan fotografer rebutan njupuk gambar. Sawise ambulan lunga, para jurnalis iku uga banjur pamitan marang Amongdenta. Marang salah sijine anggota reserse sing melu olah TKP, Amongdenta prentah supaya sepedhah motore kurban digawa menyang markas kanggo barang bukti. “Mas, wewangunan gedhe neng ndhuwur daleme Pak Palindriya kae bangunan apa ta?” pitakone Setyawan karo tuding-tuding. “Dhek jaman Landa biyen, bangunan kae kanggo panggonan ngolah teh. Awit nalika semana lengkehing Wilis sisih kidul wetan kene iki rak didadekake punjering kebon teh dening Hindia Belanda jalaran struktur lemahe dianggep cocog. Sawise diolah dadi teh kemasan siyap com, teh-teh mau banjur dikirim menyang Kediri, Tulungagung lan Blitar. Malah kabare nganti tekan Surabaya lan Semarang barang. Ujaring kandha, daleme Pak Palindriya kuwi biyen penginepane para pegawe perkebunan, mligine sing nduweni jabatan staf mendhuwur. Ning kepriye larah-larahe kok saiki omah loji kae dienggoni Palindriya sakulawargane, aku durung mudheng.” Amongdena mandheg sedhela anggone crita. Banjur, “Kosik, kowe kok takon perkara tilase pabrik teh barang kae ki enek apa ta, Dhik? Apa manut petungmu ana gandheng cenenge karo perkara rajapati iki?” “Aku durung bisa mesthekake, Mas. Ning saora-orane aku kudu paham karo kahanan sakiwa tengene lokasi rajapati kanthi komplit, kareben anggonku sabiyantu golek sisik melik cepet entuk titikan.”
“O ngono. Nek ngono dakbacutake critaku. Sawise Landa oncad saka wewengkon Tulungagung merga kalindhih dening Jepang, pabrik teh kae ditinggal prung. Jepang sajake ora ketarik nerusake usahane Landa ing babagan perkebunan. Satemah kebon teh sing maune subur ndemenakake kuwi malih ora kopen. Buruh pethik sing biyene disewa Landa banjur padha golek pegaweyan liya. Watara sepuluh taun sawise Indonesia mardika, pabrik teh kuwi klebu sing dinasionalisasi dening Bung Karno. Pamarentah banjur nyoba nguripake maneh tilas usahane Landa kasebut. Ning sajake kurang ngrembaka awit kalah saingan karo teh-teh kemasan sing luwih modern. Usaha kuwi rugi terus. Wekasane ing awaling taun pitungpuluhan perusahaan iku ditutup. Aset-asete pabrik sing arupa mesin rajang teh sarta mesin pag wis padha diusungi mudhun. Pabrike ditogake mangkrag, wekasane bongkor kaya ngana kae.” “Ateges tilase pabrik kae saiki suwung?” “Iya, puluhan taun ditogake kothong. Nanging….” Amongdenta ora tumuli nutugake rembuge. Lathine kedher, mripate pendirangan. Dheweke nyedhakake lambene menyang kupinge Setyawan. Ujare setengah klesik-klesik, kaya-kaya samar yen nganti keprungu liyan. “Saiki gedhong kae angker, dadi susuhe dhemit.” Setyawan mlengak. “Oh, iya? Kok Mas Amongdenta pirsa nek gedhong lawas kae saiki dadi susuhing dhemit?” “Ana sawatara warga desa kene sing tau lapuran menyang kantorku. Jarene pendhak tengah wengi, utamane nedhenge rembulan purnamasidi, sok keprungu swara tangis layung-layung saka njero gedhong kae. Kalamangsa uga keprungu bengok sesambat. Ujaring kandha, sing nangis lan jerit-jerit mau kumarane Rebeca Naurin.” “Sik mas, Rebeca Naurin kuwi sapa?” “Rebeca Naurin kuwi anak wadone Hubert Van Vossen, Landa sing biyen nyekel pabrik teh ana kene. Critane rak ngene, sawise wilayah kene dijegi dening mungsuh, pabrik iku banjur digropyok dening tentara Jepang. Hubert dalah Naurin ditangkep ana pabrik kono banjur dijagal. Nanging sadurunge diprajaya, Naurin dirudapeksa luwih dhisik dening saradhadhu Jepang sing nggropyok mau. Anggone ngrudapeksa wayah bengi, ngepasi mbulane purnamasidi.” “Yagene bab kumarane Naurin mau lagi dilapurake menyang kantor pulisi kalane Mas Amongdenta ngasta ana kene? Tegese rak durung suwe ta? Apa sadurunge penjenengan dadi Kapolsek uga wis tau ana lapuran ngenani kumarane Rebeca Naurin kuwi?” “Wah embuh ya, aku durung ngecek lapurane masyarakat marang kapolsek-kapolsek sadurunge aku. Eh Dhik, wis ah kowe aja tokan-takon perkara kuwi. Githokku mengkirig. Lan ngertiya, purnamasidi kuwi tiba mengko bengi,” Amongdenta nyigeg pirembugan karo gidhig-gidhig. Setyawan mesem. Ambak dedege pidegsa sarta wis nyandhang pangkat komisaris pulisi, nanging Amondenta tetep jirih yen ngrembug perkara lelembut. Setyawan ngerti, Amongdenta jago gelut. Ngelmu bela dhirine lumayan, malah sithik-akeh uga diwarisi pethingan kanuragan dening simbah buyute, Ki Singa Gunaseca. Sawise dadi pulisi, Amongdenta jago mikut durjana. Nanging yen diajak rembugan babagan alam alus, Amongdenta mesthi kipa-kipa ora gelem. “Saiki ngene wae Dhik, ayo nakoni seksi-seksine rajapati iki. Sing dakdadekake seksi kanggo sauntara ana wong papat, yakuwi Pak Palindriya, anake wadon sing aran Sekarniti sarta Pak lan Mbok Markani. Pak Markani sabojone iki pawongan sing sepisanan nemokake kunarpane kurban. Saiki kabeh isih dakkon nunggu neng daleme Pak Palindriya kana. Ayo diparani!” “Ayo tak dherekne, Mas.”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |