Rajapati ing Pereng Wilis (04)
|

ALINDRIYA menyat saka kursine nalika sumurup Amongdenta kledhang-kledhang mlebu plataran. Kumendhan pulisi kecamatan iku ditutwuri wong telu. Sing loro pawakan pidegsa, kulit nyawo mateng. Palindriya ora kasamaran, lelorone kuwi andhahane Komisaris Amongdenta. Sing nganggo rompi ireng aran Juari, kepala unit reserse kriminal. Pangkate ajun komisaris pulisi. Wondene sing dedege luwih jangkung lan kulite luwih peteng jenenge Loso Santosa. Pangkate brigadir satu. Dheweke anggota unit Sabara. Loso asring patroli munggah nganti tekan entek-entekane lurung aspalan ing Desa Widarakandhang kono. Merga kerep munggah, akeh wong Widarakandhang sing wis wanuh karo Loso. Dhasare Loso dhewe pinter nyrawungi masyarakat, ora mokal yen tepungane akeh. Sijine maneh priya isih enom. Pawakane kuru lan ora mitayani. Dedege sedhengan. Kulite resik kepara pucet. Rambute piyak pinggir. Nganggo clana jins mbulak, jakete werna ireng lan sepaton kets. Mbokmenawa umur-umurane lagi telung puluhan taun punjul sithik. Palindriya durung tau weruh karo priya sing siji kuwi. Weruh sing duwe omah ngadeg, pawongan lanang wadon tuwa sing sekawit lungguh ana sisihe Palindriya uga banjur nututi menyat. Mung Sekarniti sing ora melu ngadeg. Wanita ayu kuwi lungguh rada ngadoh. Praupane katon suntrut. Palindriya mbagekake sing katemben mara kanthi gupuh. “Mangga-mangga, Bapak Kapolsek. Nyuwun pangapunten lhe dene kawontenaipun griya kula semrawut kados ngaten.” “Ora dadi ngapa, Pak, wong tekaku mrene uga ora karep merdhayoh. Aku kepengin ketemu karo Pak lan Mbok Markani, pawongan sing nemokake jisime Darpita. Apa iki wonge?” pitakone Amongdenta, mripate nguwasi pawongan lanang wadon sing ngadeg ngapurancag. “Leres, Pak, nami kula Markani. Wondene niki semah kula, Mukini,” kandhane lanang tuwa nanging isih katon kiyeng iku anoraga. “Sakniki kula ajeng taken, mang jawab napa wontene. Pun cobi-cobi sulaya lho nggih, sebab sampeyan kekalih niki dados seksi penting keranten sing riyin piyambak nyumerapi kunarpane kurban. Nah amrih anggenipun rembagan sekeca, sakniki mangga sedaya lenggahan mawon,” Amongdenta basa nganggo krama andhap sebab sing diajak caturan kuwi umure luwih tuwa tur lagi wae kenal. Nadyan jejere minangka kepala pulisi kecamatan, nanging Amondenta tetep ngugemi unggah-ungguhe wong Jawa sing kebak tata krama lan suba sita. Palindriya, Markani dalah bojone lungguh maneh. Amongdenta lan Setyawan uga banjur melu mapan lungguh. Kursine digeret amrih bisa adhep-adhepan. Mung Juari lan Loso sing tetep ngadeg ngejejer nadyan ing teras mau isih ana kursi kothong. Kekarone tertib etika, ora arep lungguh yen kumendhane durung aweh prentah. Juari banjur ngetokake notes cilik saka kanthongan rompine siyap nyathet katrangane seksi. “Jam pinten sampeyan manggihaken kunarpane kurban?” pitakone Amongdenta sawise kabeh satata lungguhe. “Kula mboten mbekta jam, ning mbokmenawi watawis jam sekawan langkung sekedhik,” wangsulane wong lanang umur-umuran 70 taun iku lugu. “Kok saget nginten nek jam sekawan langkung sekedhik?” “Awit rikala kula dalah semah kula dumugi papan mriku, lamat-lamat kepireng swantenipun adzan Subuh.” “Mengke riyin, sampeyan kok nglangkungi papan ngriku niku ajenge kesah teng pundi?” “Dhateng peken kecamatan, sadeyan. Kula sadeyan kajeng bakar, wondene semah kula sadeyan godhong. Nggih godhong jati, nggih godhong pisang. Kajenge kula pikul, godhonge dipun indhit semah kula. Lha nika napa barang-barange kula salap teng latar nika,” ujare Markani sinambi nudingi pecelan-pecelan kayu sapikul dalah untingan godhong jati kang gumlethak ana platarane Palindriya. Sing andher ana teras kono meh bareng noleh menyang pernahe plataran, klebu nom-noman pucet sing ora liya dhetektip Setyawan. Pikulane Markani semendhe wit pelem. Pikulan kuwi saka kayu jati sing wis nggalih, wangune gilig dawa. Gedhene meh salengene wong diwasa. “Sampeyan griyane pundi? Napa panci asring nglangkungi margi mriku?” Amongdenta mbacutake takon. “Griya kula dhukuh Plumutan, pernahe radi teng nginggil ngrika. Pun meh setaun niki pendhak subuh kula kekalih nglangkungi margi mriku. Ning enjing niki wau sajake kula pas apes, sebab mboten nginten menawi wonten kunarpa ngathang-athang. Mangka terose mbah-mbah kula siyen, sok sintena ingkang manggihaken kunarpa, dagangane mboten ajenge ditumbas tiyang. Oalah mbokmuu…kok apes temen awake dhewe iki mau. Njur saiki malah urusan karo pulisi… Piye mengko nek awake dhewe diterka sing mateni njur diukum huhuhu..” Markani ora kuwat nguwasani pangrasane. Dheweke nangis ngguguk. Lengen kekarone ditutupake mripat. Mbok Markani melu prembeng-prembeng. Tangane ngrangkul pundhake sing lanang kareben pangrasane dadi sareh.
“Enjing niki sampeyan kekalih dados seksi, mboten didakwa mejahi kurban. Mboten ajenge diukum, sing diukum niku tiyang sing mrejaya kurban. Kula ming ajeng njaluk katrangan sampeyan mawon cundhuk kalih sing sampeyan sumerapi. Mboten kirang mboten luwih. Menawi bab kapitadosan nek kepanggih tiyang pejah njur dagangane mboten pajeng niku empun sanget-sanget anggen sampeyan ngugemi. Sebab niku namung gugon tuhon, dede ilmiah, nggarahi bangsa mboten maju. Nek empun tekan rejekine senadyan ta sedinten nyumerapi kunarpa kaping pitu paribasane, dagangan sampeyan nggih tetep pajeng mawon,” Amongdenta ngerem-eremi. Tangise Markani mendha. Tangane srikutan ngulapi eluhe. Irunge isih sentrap-sentrup. Amongdenta ngrasa welas. Wong tuwa kuwi lugu tenan, ora ngerti pok bengkonge ukum. “Pun sakniki mang bacutne critane,” ujare Amongdenta sawise Markani sareh. “Dugi pundi anggen kula crita kalawau?” Amongdenta mesem. “Dugi bab pakulinan sampeyan nglangkungi dalan mriku. Sampeyan wau rak criyos seg setaun pungkasan niki liwat mriku. Lha saderenge niki liwat pundi?” “Saderenge lintang ngriki, kula langkung margi nginggil ngrika, ngajenge gedhong bongkor. King ngrika langkung celak. Ning sareng enten kabar menawi tilas pabrik teh niku sakniki angker, kepeksa kula nrobos margi setapak lajeng anjog teng radosan njojrog ngajeng daleme Pak Palindriya niku. Jane nggih langkung tebih tur langkung ngrekaos, ning mboten dados menapa sauger kula mboten dikereg dhemite pabrik.” “Wangsul sampeyan seking peken jam pinten, napa liwat ngriku malih?” “Nek wangsule mboten mesthi, gumantung pajenge dagangan kula. Menawi siyang empun pajeng nggih terus wangsul. Liwate nggih pancet margi ngriku, sebab kula mboten wantun nglangkungi gedhong angker.” “Sing criyos nek gedhong bongkor niku angker sinten?” “Ingkang ngawiti criyos kula mboten ngertos. Ning kabar bab angkere gedhong bongkor niku sampun sumrambah wonten laladan ngriki. Sejatosipun perkawis menika mboten namung kandheg ing pekabaran, jalaran kalih wulan kepengker wonten tanggi kula ingkang mireng piyambak swanten tangis layung-layung saking salebetipun gedhong bongkor. Pramila sakniki awis-awis wonten tiyang ingkang wantun nglangkungi gedhong setan niku. Sampun malih kok wanci dalu, selaginipun siyang mawon sami ajrih.” Amongdenta nglirik Setyawan. Sing dilirik sajak ora krasa. “Sampeyan bidhal teng peken taksih peteng. Coloke napa?” Amongdenta nutugake pitakone. “Mbekta oncor. Sing nyepeng oncor bojo kula. Enjing niki wau lampah kula kekalih alon-alon sanget sabab margine lunyu. Mboten nginten nek ajeng nyumerapi jisime menungsa, sirahe pecah…oh..” Markani nutupi raine maneh. “Sasampunipun nyumerapi kunarpa terus napa sing sampeyan tindakne?” “Pikulan kula brukne. Kula mlajeng dhateng dalemipun Pak Palindriya ndhodhogi korine. Bojo kula lemes dhimpes, mboten kiyat ngglawat.” “Apa bener ngono, Pak Palin?” Amongdenta tumoleh marang Palindriya. “Leres, Pak. Kula gragaban tangi mergi kori ngajeng dipun gedhor-gedhor Markani. Praupanipun ketingal ajrih, sanjang menawi ing ngandhap ngriku wonten mayit. Sareng kula tiliki, jebul menika jisimipun nak Darpita. Pramila kula lajeng cekat-ceket nilpun kantor pulisi, ingkang nampi petugas piket,” Palindriya nguwatake katrangane Markani. Amondenta unjal ambegan dawa. Awake dirubuhake menyang sendhenane kursi. Boyoke dieluk, swarane kemrutug. “Pak Markani, anggen kula nyuwun katrangan sampeyan kangge sawatawis empun cekap. Sakniki ngga nek sampeyan sekaliyan ajenge mbacutaken lampah teng peken, mumpung wekdale taksih enjing. Mangke selak diantu-antu lengganan sampeyan. Ning nek sawanci-wanci kula mbetahake keterangan malih, sampeyan kula celuk teng kantor lho nggih.” “Dados kula mboten ditahan?” “Mboten.” “Oh maturnuwun, Pak Pulisi,” Markani agahan nyaut tangane Amongdenta terus diambungi. Markani dalah bojone banjur pamitan nerusake laku menyang pasar. Sadurunge lelorone lunga, Amongdenta nglolos rong puluhan ewu salembar saka sake clana banjur diulungake Markani. Sing disangoni ora entek-entek anggone ngaturake panuwun. Amongdenta ngrasa welas ndulu Markani lan bojone. Wis tuwa, nanging saben dina isih kudu mikul kayu bakar menyang pasar sing jarake meh patang kilo. Markani cetha dudu golonganing blandhong sing nebangi kayu. Dheweke mung luru rencek, nglumpukake pang-pange kayu sing ceblok banjur dirupakake dhuwit. Mengkono uga sing wadon, tansah setya tuhu ngetutake bojone karo nyambi adol godhong jati utawa godhong gedhang. Panggaotan sing pikolehe ora mingsra. Apamaneh jamane tansaya modern. Kayu kanggo gegenen pawon saya kesisih dening kompor lenga patra apadene kompor gas elpiji. Semono uga godhong jati lan godhong gedhang uga saya kedheseg dening wungkusan saka kertas sing luwih awet lan luwih wuled.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |