Rajapati ing Pereng Wilis (05)
|

AWISE Markani lan bojone mungkur, Amongdenta ganti arep nakoni Palindriya. Beda karo sadurunge sing krasa nggekeng, saiki swasanane rada nglendheh. Sebab Amongdenta wis wanuh karo Palindriya, nadyan tepunge kena diarani mung tepung rai utawa ora kumraket banget-banget. Mula anggone njaluk katrangan digawe sareh, kaya dene wong jagongan biyasa. Sadurunge Amongdenta miwiti pitakon, Setyawan menyat banjur pamit arep menyang pekiwan. Hawa adhem alam pegunungan njalari dheweke kebelet nguyuh. Palindriya nuduhi dalan menyang jedhing, yaiku nyidhat liwat njero omah. Mlebu kamar tamu bledheng Setyawan kober clilengan. Ruwangan iki ngglodha tanpa rerenggan. Rasane suwung, sebab ruwangan samono jembare kuwi mung diiseni kursi kayu cacah lima ngupengi meja ukiran. Rehne ora ana sing narik kawigatene, Setyawan bablas mblunus menyang ruwang tengah sing uga amba ngoblah-oblah. Ora tinemu prabotan mbejaji ing ruwangan iki kejaba lemari buku sing dhuwure sadedege wong diwasa sarta bupet modhel lawas. Najan prabotan iku bekakas kuna ewasemono pliturane isih ketara gilap. Barange wutuh, ora ana sing krowok merga dipangan teter, mertandhani yen kayu sing kanggo garapan pancen pilihan. Beda karo barang mebeler jaman saiki sing racake mung kayu pulasan, saengga ora nganti taunan wis amrok dikrokoti teter. Kursi penjalin loro ditata jejer mepet tembok. Kursi-kursi kuwi ngadhep meja cilik wangun pesagi. Sikil-sikilane saka penjalin, nanging lumahing meja wujud kaca riben. Ing sandhuwure meja gumlethak bungkuse rokok kretek merek Cempaka. Asbak alumunium werna wungu kebak tegesan. Awu tilas latune rokok uga mblader ing sangisore kursi. Tangane Setyawan kumlawe njupuk bungkuse rokok lan diiling-ilingi. Isi pepake ana rolas, nanging sing nyisa ana wadhahe kari nem uthil. Setyawan ora ngrokok. Nanging dheweke bisa ngira-ira yen rokok nem batang iku amblas jroning wektu sewengi ateges ana rong perkara sing bisa dititeni. Sepisan, pawongan sing mentas rokokan mau pancen nyethet, dene sing kapindho pawongan mau lagi goreh pikirane. Bungkus rokok diselehake maneh. Setyawan banjur maspadakake isen-isene ruwang tengah iku kanthi luwih premati. Mripate sing awas pindha alap-alap sumurup album foto tumumpang bupet. Setyawan plingukan. Bareng yakin menawa ing papan kono ora ana sapa-sapa, dheweke terus marani pernahe album kang samake rupa soklat lemah kuwi. Nalika didemek, epek-epeke Setyawan krasa ngeres, tandha yen wis suwe album iku ora nate diuthik-uthik saka panggonane. Album dibukak, dibiyaki mbaka siji. Perangan ngarep isi fotone Palindriya rikala ningkahan karo garwane, Raden Ayu Ajeng Kamaratih. Foto cithakan lawas, isih durung kelir. Nganggo busana penganten adat Jawa, Ajeng Kamaratih katon ayu banget. Cahyane sumunar. Setyawan ora uwis-uwis anggone nyawang. Ing teras mau Setyawan kober nglirik Sekarniti. Sajake kasulistyane kenya kuwi nunggak semi ibune. Rada manengah, foto-foto sing pinajang wis berwarna. Akeh-akehe fotone Sekarniti kawit dheweke isih bayi, ngrembaka dadi bocah, mekar rumaja putri engga nglanjak nganggo sragam SMA. Rong kaca pungkasan isi fotone Sekarniti karo sawenehing priya nggantheng. Ana foto papat. Kabeh mawa latar mburi segara sing banyune biru lerab-lerab. Sing paling manjila fotone Sekarniti lagi nglesot ing wedhi pesisir adu geger karo priya bagus mau. Ombak segara nyempyok sikile sing nganggo clana jins diwingkis wates kentol. Ana maneh fotone Sekarniti pinuju ngrangkul gulune priya bagus mau saka mburi, dene sing lanang lungguh watu kumlasa. Sangisore foto papat kuwi ana tulisan tangan nganggo pulpen mangsi ireng, rinengga gambare godhong waru. Tulisan iku awangun endah lan ngrungit. Unine: Kenang-kenangan saka Pesisir Popoh. Muga-muga Langgeng. Sekarniti &…
Dheweke nginceng liwat angin-angin saka njero gubug sawenehing pawongan metu regunuk-regunuk Eman, pungkasaning tulisan tangan kuwi ora bisa kewaca merga panulise ora pati cetha. Setyawan banjur rogoh-rogoh sake jaket ngetokake suryakantha . Tulisan sing kurang trawaca kuwi coba ditrawang nganggo kaca pembesar. Suryakantha dipepetake nggon tulisan. Bathuke njengkerut. Jenenge priya kuwi sajake sengaja dibusak nganggo setip karet kang dileleti idu. Sebab pener jenenge priya kuwi kertase album katon kasar mbregidhil. Nanging merga pambusake kurang sampurna, sisa-sisane mangsi mau isih bisa dieja dening Setyawan. Rampung mbiyaki album Setyawan eling marang sedyane sekawit, yakuwi nguyuh. Weruh lawang iringan mbukak, Setyawan banjur metu. Satemene dalan menyang jedhing uga bisa liwat ruwang tengah kono. Nanging rehne lawang butulan sing tumuju pawon lagi ditutup, Setyawan pilih metu liwat lawang sing bukakan. Dheweke ngunclug memburi metu teras iringan omah. Sadurunge tekan jedhing, lakune kudu nyabrang pawon luwih dhisik jalaran loji kuwi awangun L. Setyawan ngendhegake jangkahe. Ing pawon kono dheweke nyumurupi wanita setengah umur lagi jengkang-jengking ana sangarepe pawonan. Wanita iku nganggo jarit, klambine kembang-kembang, rambute digelung munthel, kulite nyawo mateng. Nadyan umur-umurane kliwat patang puluhan lima taun, ewadene pawakane isih sedhet. Lambene kempas-kempus nyebuli mawa mureng mrengangah. Bel, geni murub. Panci cilik sing tumumpang ana ndhuwur pawonan nyuwara kemrengseng. Cetha yen wanita kuwi lagi nggodhog banyu. “Ehem…ehem,” Setyawan dhehem-dhehem. Wanita kuwi tumoleh. Ngadeg saka anggone jengkeng, praupane nyureng ndulu sing anyar katon. Setyawan mbatin, nadyan praupan ing ngarape iku katon nglenga ewadene isih ana manise. “Sampeyan sinten?” pitakone karo nyeka kringet ing pilingane. “Kula Setyawan, tamune Pak Palindriya. Kula madosi jedhing ajeng turas.” “Oo…njenengan mesthi pulisi sing ajeng nglarah pejahe Mas Darpita nggih?” ucape malih semanak. Sangga runggine sakala ilang. “Kula sanes pulisi, Yu. Kula namung tinanggenah sabiyantu pulisi miyak rajapejah.” “Nek ngaten mase niki mesthi dhetektip. Kados dhetektip Handaka ngoten nika.” “Sampeyan nggih ngerti dhetektip barang ta Yu?” pitakone Setyawan karo mesem. “We, lha dhek tesih SD siyen kula sregep teng perpustakaan kok. Waosan kula nggih bangsane crita dhetektip ngoten niku. Sing paling kula remeni serial dhetektip Handaka. Dhetektip Handaka niku pinter, lantip lan sugih akal. Ajenga durjanane primpen anggenipun nyingidaken tlacak, ning mesthi kejodheran menawi aben ajeng kalihan dhetektip Handaka. Pendheke pinter saestu Pak Suparto Brata.” “Sinten Suparto Brata niku, Yu?” “Nggih pengarange dhetektip Handaka niku wau. Eh, mase niki asmane sinten ta?” “Setyawan.” “Setyawan….dhetektip Setyawan. Asmane kados nika lhe, kados Raden Setyawan garwane Dewi Sawitri, putrane Resi Dyumatsena ing Pertapan Waringin Tunggal. Raden Setyawan niku pun dikukut gesange dening Bathara Yamadipati. Ning mergi Dewi Sawitri nggandholi lan tansah tut wingking lampahe Sang Hyang Yama, wekasanipun sukmane Raden Setyawan kawangsulaken malih.” “Sampeyan napa remen ningali kethoprak ta, Yu?” Setyawan ngempet guyu. “We, pripun ta. Dhek tesih legan siyen kula klebet penggemare Kethoprak Siswa Budaya je. Kula asring ningali wekdal Siswa Budaya pentas teng lapangan kecamatan ngrika. Bidhal rame-rame sareng kalihan kanca-kanca, nyepedhah pancal hik hik hik. Pas kula ningali lakone Dewi Sawitri, Wanita Penantang Maut. Sing dados Raden Setyawan Kusyadi, Dewi Sawitrine Aries Sunarsiyam. Cocog saestu, sing kakung nggantheng sing putri ayu,” omongane wanita iku nrecel, rada angel diselani. “Jeneng sampeyan sinten Yu?” “O enggih nggih, nganti lali ora nepungake,” ujare wanita kuwi kasusul guyu nyekikik. “Nami kula Tonah. Kula niki abdine Ndara Palindriya.” “Kula selak kebelet, Yu, pundi jedhinge?” “Oalah jan ra Jawa aku iki. Wong kebelet pipis kok pijer diajak ngobrol ae. Nika lho Mas, jedhinge wingkinge pawon nika,” ujare Tonah karo tuding-tuding pernahe jedhing. Jedhing kuwi misah watara sepuluh meter saka pawon. Setyawan marani jedhing. Jedhinge tutupan, payone saka seng. Sadurunge mlebu, Setyawan nyetitekake pekarangan mburi omahe Palindriya kuwi. Pekarangan iku klebu jembar. Tandurane maneka warna. Ana kopi, cengkeh, sawo, blimbing, jambu lan nangka. Swasanane lindhuk, nanging hawane seger. Ing saselane wit-witan mau lemahe mluwa, ketara yen durung suwe dhidhangiri. Ing kebon kono uga ana blumbange. Iwake akeh, ketitik katon nyabeg-nyabeg. Udakara limalas meter pernah sisih tengene jedhing ana omah-omahan cilik, kira-kira ukurane selawe meter pesagi. Aling-alinge saka gedheg. Wewangunan cilik kuwi luwih trep yen diarani gubug utawa gudhang. Rampung ngulat-ulatake swasana, Setyawan banjur mlebu jedhing. Nengah-nengahi nguyuh Setyawan krungu lawange gubug mau muni kemriyet, tandha yen lagi dibukak. Setyawan kaget. Dheweke banjur nginceng liwat angin-angin. Saka njerone gubug kuwi sawenehing pawongan metu regunuk-regunuk. Sikile cacad, tangane keple. Lakune disangga kruk kayu. Jangkahe kecincugan. Bleger sarta praupane ora cetha merga pawongan kuwi nganggo sandhangan gedhomboran mawa krudhung sirah, kaya busanane petinju sadurunge tandhing.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |