Rajapati ing Pereng Wilis (06)
|

AWONGAN cacad kuwi mlaku kecincug-kecincug tumuju iring tengene omah lan ilang kaling-kalingan tembok ngisor tritisan. Lakune tanpa nyuwara, tleser-tleser kaya ula. Nganti blegere pawongan kuwi diuntal tembok, Setyawan tetep ora bisa premana anggone nyawang pernahe rai merga lakune ngungkurake jedhing. Sawise bleger kuwi ora katon, Setyawan lagi metu saka jedhing. Dheweke cekat-ceket ndingkik lakune pawongan mau nanging kelangan lacak. Ing walike tembok ngisor tritisan wis ora ana sapa-sala. Bleger kuwi kaya ilang ing slempitane omah. Setyawan banjur bali mengarep. Ngliwati pawon, Tonah wis nata gelas ana meja. Tangane sing wis nyekethem jampel gombal nuli nyandhak panci engkrengan. Panci diangkat nyeng saka sandhuwure pawonan. Banyu kumebul nuli disok mbaka sethithik menyang gelas sing wis dijejer. Tonah mrecing-mrecing karo rada nggiwarake raine saka sumube banyu umob. Setyawan ngenteni Tonah rampung ngecom wedang. “Niku wau sinten Yu?” pitakone Setyawan sawise Tonah nyelehake pancine. Tonah njumbul. “Eh tobil anak kadhal! Kaget aku, jeneh mboten krungu nek njenengan pun teng ngriku. Sing pundi ta, Mas, sing dikersakne?” “Niku lho, tiyang sing manggen teng gubug wingking pawon niku.” “Oo…niku ta. Niku jenenge Jana, ning asring kula celuk Dhegleng. Tiyange radi setrip, dhat eling dhat mboten. Duka stres duka dospundi. Nek pas kumat nika sedinten mbethethet kadhang mboten medal blas seking njero gubuge. Nek empun ngoten njuk nangis karepe dhewe. Kiyambake niku jane tiyang sanes, ning dipendhet abdi dening Ndara Palindriya lajeng ken ngenggeni gudhang wingking niku. Dados teng ngriki rekene namung ngenger.” “Lha sing dhangir teng kebon wingking nika sinten? Napa nggih Jana niku wau?” “Woo sanes. Nek Jana napa nggih kiyat dhangir ta Mas, wong kawontenanipun kados ngaten. Ingkang dhangir rayat kula, Kang Sarni. Kersane Ndara Palindriya, kebon wingking niku rak ajenge didamel tumpang sari. Ning rehne lemahe atos sanget, pramila ndhangire kedah mawi ganco. Seg didhagiri angsal sepalih kedhok, ee…jawahe neba, mila nggih kasumenekaken rumiyin,” wangsulane Tonah sinambi ngudheg wedang. “Lha sampeyan griyane pundi, Yu?” “Ngandhap ngrika Mas, pinggire radosan aspal. Ning pendhak enjing kula kesah ngriki, reresik griya lan nyepakaken dhaharan kangge Ndara Kakung, Den Rara Sekarniti lan Jana.” “Garwane Pak Palindriya napa empun mboten wonten ta, Yu?” “Sampun seda watawis kalih setengah taun kepengker mergi gerah seseg. Tapi nek gagapan kula, sedane ndara putri niku keranten menggalih Den Rara Sekarniti kok.” “Lho, menggalih pripun ta?” “Den Rara Sekarniti niku kersane rama-ibunipun rak ajeng kajodhokaken kaliyan Den Kampana Kertadirdja. Den Kampana menika putranipun Raden Mas Kertadirdja, juragan mas-masan seking Kalangbret. Rembag ing antawisipun tiyang sepah sampun gumolong. Ning Den Rara jebul wangkot, kipa-kipa mboten kersa nglampahi emah-emah kaliyan Den Kampana awit turene empun gadhah pilihan piyambak. Ning pilihanipun Den Rara Sekarniti mboten dipunsarujuki ingkang ibu. Pirsa Den Rara Sekarniti mbeguguk nguthawaton mboten kersa kajodhokaken kalihan Kampana, ndara putri mbokmenawi rumaos lingsem kalihan kulawarganipun Pak Kertadirdja. Gerah sesegipun lajeng kambuh, wekasanipun nggeblag lan bablas seda.” “Mboten Yu, jane Pak Palindriya kalihan Bu Ajeng niku piyantun seking pundi ta? Napa nggih asli tiyang Widarakandhang ngriki?” “O dede, Mas. Kekalihipun menika tiyang neneka, wong anggenipun pindhah dhateng ngriki rikala Den Rara Sekarniti taksih klas setunggal SMP kok. Nek asline saking pundi, kula kirang terang mergi mboten natos tanglet-tanglet. Tiwas mangke diarani lancang nek tonglat-tanglet perkawisipun tiyang sanes. Ning menawi manut panginten kula ndara putri niku tiyang saking kraton, utawi paling mboten taksih krabat kraton. Sebab panjenenganipun gadhah gelar raden ayu. Duka seking kraton Solo duka Jogja.” “Kok malah pindhah dhateng panggenan ingkang mencil kados ngaten gek tujuwane napa?” “Nah, menawai perkawis anggenipun pindhah niku kula nate dipunparingi pirsa dening swargi ndara putri. Wosipun anggenipun mutusaken pindhah dhateng pereng Wilis ngriki menika wonten sambetipun kalihan gerahipun ndara putri ingkang sampun puluhan taun mboten saras. Bu Ajeng menika rak gadhah gerah paru-paru. Lha, dhokter ingkang kulina ngupakara gerahipun ndara putri lajeng paring pamrayogi supados panjenenganipun pindhah dhateng panggenan ingkang hawanipun seger. Terose kangge terapi napa ngoten. Nyendikani dhawuhipun dhokter, ndara kakung lajeng madik-madik pados panggenan ingkang cocog. Wekasanipun kepanggih loji menika.”
Setyawan manggut-manggut. Nuli pitakone, “Eh Yu, sinten namine lare jaler pacangane Sekarniti sing mboten disarujuki ibune niku?” “Wah nek namine kula kirang terang, wong mboten natos dipunjak ngriki kok. Sesambetanipun lare kalih menika dhedhemitan, mergi kuwatos menawi kadenangan dening ingkang ibu. Kula natos dicriyosi Kang Sarni, nem-neman pilihanipun Den Rara Sekarniti niku kaping kalih sowan ngriki. Ning lajeng katundhung warasan dening ndara putri, dipungusah kados kirik gudhigen. Dipun lok-lokaken cocak nguntal elo, cebol nggayuh lintang lan lintu-lintunipun. Pokoke jan diundamana ngantos entek amek kurang golek ngaten nika. Mantun kedadosan niku, nem-neman kalawau empun mboten natos ngetingal malih.” “Kok sesambetanipun lare kalih niku mboten disarujuki Bu Ajeng perkarane napa, Yu? Napa pilihane Sekarniti niku yogane tiyang sekeng?” “Mireng-mireng panci mergi perkawis bandha. Ndara putri niku kersane rak pados mantu ingkang bobot, bibit lan bebetipun setimbang. Eling-eling kejawi sugih, panjenenganipun menika ugi taksih keturunan ningrat, trahing kusuma rembesing madu. Menawi gadhah mantu tiyang pidak pedarakan temtu gengsi. Pramila lajeng gadhah niyat besanan kalihan Pak Kertadirdja. Sebab Pak Kertadirdja menika sugih-sugihe tiyang Kalangbret.” “Pak Palindriya niku nyambut damele napa ta jane, Yu?” “Sadeyan kain teng Pasar Wage Tulungagung ngrika. Tokone ageng. Saben ndinten ndara kakung tindak toko. Waune nek kesah nggih runtang-runtung kalihan garwane. Ning sasampunipun ndara putri seda, ndara kakung asring ngajak Den Rara Sekarniti. Kalamangsa nggih ngajak Dhegleng…eh Jana niku.” “Emm…ngaten ta. Pun nggih Yu, kula tak dhateng ngajengan malih,” ujare Setyawan karo jumangkah ninggalake pawon. “Nggih Mas, sekedhap malih unjukane kula bektane dhateng ngajeng,” kandhane Tonah karo nerusake anggone ngudheg wedang. “Huh…dhasar dhetektip, ethok-ethoke wae takon ika-iki. Ning aku ngerti nek jan-jane dheweke lagi golek sisik melik. Tujune anggonku wangsulan ngati-ati. Upama keprojol ngomong bab sing siji kuwi, wah sida cilaka awakku,” Tonah grenengan dhewe. Nalika Setyawan tekan teras, Amongdenta lagi nampa telpun. Ora cetha lagi guneman karo sapa awit dheweke nyisih rada ngadoh. Sawise mungkasi rembug, Amongdenta nuli nyedhaki Setyawan. Tembunge lirih. “Dhik, aku ditimbali Kapolres, diutus ngadhep esuk iki uga. Kapolres nyuwun lapuran sementara bab kasus rajapati, sebab dina iki ngepasi ana supervisi saka Polda. Mangka anggonku mriksa Palindriya durung paja-paja rampung. Mula aku, Juari lan Loso dakpamit menyang Polres luwih dhisik. Kowe keriya ana kene. Pokoke purba wasesa dakpasrahake kowe. Nek ana perkembangan anyar diage nelpuna aku ben bisa dakaturake marang Kapolres.” Sawise pamitan marang sing duwe omah, Amongdenta banjur tumuju menyang mobil dhinese sing isih diparkir ana dalan njojrog cedhak tilase papan rajapati. Juari lan Loso uga banjur pamitan tutwuri komandhane. Sadurunge lunga, Amongdenta mekas marang Palindriya sing wose supaya dheweke ora lunga adoh-adoh sadurunge perkara rajapati mau ana karampungane, merga pulisi bakal sawayah-wayah njaluk keterangane maneh. Palindriya matur sendika. Sapungkure Amongdenta, Palindriya nginguk arlojine. Ucape katujokake marang Setyawan, “Mas Dhetektip, apa dililani nek aku niliki tokoku sedhela wae. Jalaran dina iki aku kadhung ana janji karo pelanggan. Kowe mesthine ngerti, tumrap wong dagang kaya aku ngene iki nyulayani janji padha karo nyupet dalaning rejeki.” “Mangga. Ning yen ana keparengmu, aku dakngobrol-ngobrol karo putramu ana kene.” “Kena wae. Satemene Sekarniti arep dakajak menyang toko. Ning yen pancen kokbutuhake ya mangga, aku dakngajak Jana wae. Piye, Ndhuk?” Palindriya nyawang anake. Sekarniti sing kawit mau guwayane katon suntrut manthuk. Palindriya banjur mlebu ngomah saperlu tata-tata lan ganti penganggo. Sawise miranti, wong lanang kang wis dhudha kuwi banjur ngetokake mobile saka garasi. Garasine mapan ana iring tengene omah. Kendharaane Palindriya sedhan Mercedez Benz werna putih weton taun wolung puluhan akhir, nanging kahanane isih mulus merga kerumat kanthi becik. Ora let suwe Jana nututi metu saka njero omah. Lakune kecincugan sinambi ngempit tas kerjane Palindriya. Priya cala ina iku banjur sumusul mlebu mobil lan lungguh ana jejere supiran. Jana mlaku tanpa nyuwara. Mung swara kruke sing keprungu klethak-klethuk ing jubin. Kaya dhek ana jedhing mau, Setyawan uga ora bisa premana nyawang raine Jana. Sandhangan sing sarwa gedhomboran sarta sirahe sing tansah dikrukupi njalari Setyawan ora bisa sawutuhe namatake rupane pawongan kuwi. Sedhan putih sing disupiri Palindriya nuli nggleser ninggalake omah magrong-magrong. Swara mesine alus, kemrengseng kaya banyu digodhog. Ngarep mburi karo ilange Mercedez ana dalan njojrog, Tonah mecungul saka njero omah karo nyangga baki isih teh limang gelas. Weruh ngarepan sepi Tonah ketara gela. “Lho, kok empun ical sedaya. Wah, kadhung kula comne teh je. Lha gek pripun niki, terus sinten sing ajenge ngunjuk?” “Gawanen bali neng mburi kana Yu, ombenen dhewe! Sing rong gelas wae tinggalen kene kanggo aku lan mase iki!” Sekarniti sing kawit mau kaya aras-arasen ngomong, kumecap aweh prentah. “Sendika, Den Rara.”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |