Rajapati ing Pereng Wilis (07)
|

ONAH banjur nyelehake gelas loro ana meja sangarepe Sekarniti lan Setyawan. Rampung ngladekake we- dang, abdine Palindriya kuwi terus pamit memburi maneh karo nggawa sisane wedang. Teh kuwi isih kemebul. Ganda keluke wangi, wangine aroma godhong teh asli. Ora nunggu dimanggakake dening sing duwe omah, tangane Setyawan kumlawe nyandhak gelas. Didamoni sedhela banjur disruput. Klebon teh manget-manget, sirahe krasa kumepyar. “Tepungake, aku Setyawan,” ujare karo ngathungake tangan. “Sekarniti,” kenya kuwi nampani tangane Setyawan. Banjur, “Mase iki rak dhetektip ta?” “Kok ngerti?” “Aku mau ngrungokake pirembugane Komisaris Amongdenta karo Bapak. Ngendikane Pak Amongdenta, mase iki disraya murih sabiyantu nglarah patine Mas Darpita.” “Bagus nek sliramu wis paham karo tugasku. Mula dakjaluk wangsulana kabeh pitakonku amrih perkara rajapati iki enggala ana karampungane.” “Oke, apa pitakonmu bakal dakwangsuli laras karo sing dakngerteni.” “Apa sing njalari sesambunganmu karo Risang, Risang Ragutama, pedhot?” Sekarniti ndengegek. Lungguhe sing sekawit nglentruk dadi jejeg. Ing semu dheweke ora nyana yen Setyawan bakal takon perkara kuwi. Pitakon sing kawetu saka lesane priya iku kaya alu sing nyodhog teleng atine. Sekarniti meh wae nyelani takon, saka ngendi Setyawan ngerti yen dheweke tau nduweni sesambungan mirunggan klawan priya kang aran Risang Ragutama. Nanging pitakon mau sidane ora kawetu. Sekarniti ngrumangsani yen sing lagi diadhepi iki sawenehing dhetektip. Mula ora ana gunane nlesih perkara kuwi awit nyatane Setyawan wis weruh wewadine. Sekarniti unjal ambegan landhung. Lungguhe sing maune jejeg saiki bali mlorot. Panyawange tumlawung, mripate kaca-kaca. Praupane banjur didhangakake, mbudidaya amrih banyu bening ing poncod mripate iku ora kebacut ngglundhung menyang pipi. Lambene kumecap lirih, “Pati.” “Tegese Risang Ragutama saiki wis ora ana? Wis mati?” Setyawan ngoyak. Sekarniti manthuk. “Rong taun kepungkur dheweke ninggal aku kanggo salawas-lawase,” tembunge Sekarniti seret ngondhok-ondhok. “Apa sing nyebabake dheweke mati?” pandhesege Setyawan. Sekarniti nyawang Setyawan landhep. “Geneya Mas Dhetektip malah ngurus patine Risang? Penjenengan rak lagi golek sisik melik kanggo nglarah tiwase Darpita ta? Dakjaluk aja ndhudhah barang sing wis kependhem kareben kumarane Risang tentrem ing alam kelanggengan kana,” celathune Sekarniti rada njengek, ketara banget yen atine ora seneng. Setyawan mesem. Ujare kalem nanging mandhes, “Sekarniti, aku sawijining dhetektip. Aku kepengin ngudhari wewadining rajapati iki adhedhasar metodheku. Mangertiya, sasuwene Mas Amongdenta tindak aku diparingi purba wasesa kanggo ngonceki misterine kasus iki. Anggepen wae aku saiki wiwit nyambut gawe. Aku miwiti ngecakake metodheku kanthi luwih dhisik golek sisik melik bab latar mburine pawongan sing nduweni sesambungan mirunggan karo Darpita!” “Geneya aku sing koktarap? Sing duwe sesambungan mirunggan karo Mas Darpita rak ora mung aku. Awit kejaba aku isih ana rama, ibu dalah sedulur-sedulure Mas Dar. Apa Mas Dhetektip sujana marang aku?” “Aku kudu sujana marang kowe, jalaran sliramu pawongan pungkasan sing ketemu kurban sadurunge dheweke ditemokake tiwas dening Pak Markani,” kandhane Setyawan anteb. Sekarniti nggragab. Praupane biyas. Ujare sumengit, “Apa dhasarmu nyujanani aku?” “Kowe satemene rak ora duwe rasa tresna ta karo Darpita? Tresnamu mung kasok marang Risang. Ning krana kowe mesakake marang bapakmu sarta kahananmu dhewe kang saya nyedhaki prawan kasep kanggo ukurane wong padesan, wekasane sih tresnane Darpita kepeksa kok tampa. Kowe mung welas marang bapakmu sing tansah dadi poyok-poyokane mitra bisnise merga anak wadone ora tumuli entuk jodho.” “Upama gethinga dikayangapa, tetep ora kira nek aku sing mateni Mas Dar. Aku wanita ringkih, ora bakal keconggah mrejaya wong lanang kanthi adu arep. Sepira kekuwataning wanita? Sujanamu marang aku kuwi tanpa dhasar, ngawur. Dhetektip kok ngawur, huh….” “Rak ora kudu nganggo tanganmu ta? Kowe bisa kongkonan uwong kanggo mateni Darpita. Rehning kajiyat palakrama, mula kowe ora rumangsa kelangan nalika calon garwamu kuwi mati. Iya apa ora?” “Oh, kejem penjenengan, Mas…! Kejem banget ndakwa aku kaya ngono… huhuhuu!!” Sekarniti njempling. Tangise kutah. Epek-epek kekarone ditutupake rai. Setyawan ora obah. Dheweke mung ngetogake wae Sekarniti ngumbar tangise. Mbasan wis taneg anggone nyuntak bruwalaning ati, Sekarniti alon-alon mbukak raine. Mripate isih kebak luh. Nanging saiki sorot mripate ketara nglentrih. Ulate uga ora landhep kaya sadurunge. “Piye, apa kowe isih arep kumbi?!” pandhesege Setyawan, kaya ora aweh papan marang Sekarniti.
Sekarniti srikutan ngulapi eluhe. Ujare alon, “Yoh, dakakoni yen aku pancen durung duwe rasa tresna marang Mas Darpita. Tresnaku mung kasok marang Risang. Terserah nek penjenengan nganggep sikepku sing kaya ngene iki ora realistis. Nanging upama aku kelakon rabi karo Mas Dar, aku bakal mbudidaya nresnani dheweke kaya dene aku nresnani awakku dhewe. Mbokmenawa butuh wektu, nanging aku yakin bisa. Sebab rama- ibuku biyen uga palakrama tanpa kinanthen rasa tresna. Lan nyatane kok ya bisa awet nganti puluhan taun, engga ibu ndhisiki seda. Mula sujanamu marang aku ngenani patine Mas Darpita dakanggep pandakwa sing degsiya.” “Yen kuwi pawadanmu, geneya kowe ora blajar nresnani Kampana sing uga duwe karep mengku sliramu?” Sekarniti kaget. Setyawan bali dipandeng tajem. Nanging kaya sing uwis, sorot mripate kang sekawit landhep iku suwe-suwe nglentrih. Sekarniti ngrasa muspra arep ganti takon saka ngendi dhetektip iku ngerti bab Kampana barang. Dheweke angluh. Ana sangarepe priya pucet iki wewadine kaya diblejeti. Wekasane Sekarniti kepeksa bares. “Nek karo Kampana, kawit biyen aku pancen ora nduweni rasa tresna saipit-ipita. Dheweke anggak, gumedhe, ngedir-edirake dumeh anake wong sugih. Mbok nganti mati aku ora arep nglanggati katresnane. Sebab upama aku kelakon omah-omah karo dheweke, uripku mesthi bakal ditindhes. Aku suthik dibatesi, wegah kakehan diatur. Aku kepengin dadi wanita sing merdika.” “Yen ngono kowe kudu mangsuli pitakonku ing ngarep. Apa sing njalari kekasihmu, Risang Ragutama, tumekaning pati?” Sekarniti unjal ambegan landhung. Wangsulane tatag, “Merga mobile kacilakan, kecemplung jurang neng Selareja. Mobile kobong, kunarpane Risang tinemu gosong. Manut asil penylidhikane pulisi lalulintas, rime mobil blong nalika pinuju ngambah dalan mudhun. Mobile ora bisa dikendhaleni lan monting njegur jurang.” Dumadakan Sekarniti menyat saka lungguhe lan mlebu ngomah. Ora watara suwe dheweke bali menyang teras maneh karo nyekel lempitan surat kabar lan diglethakake ana ngarepe Setyawan. “Iki, korane isih daksimpen,” ujare Sekarniti. Setyawan nyaut lempitan koran mau banjur dijereng. Pranyata koran iku wis ora wutuh awit mung kari rong kaca. Sajake Sekarniti mung nyimpen perangan sing dianggep wigati. Ing headline lembar ngarep koran Warta Bawana iku tinulis irah-irahan gedhe: Kacilakan Maut ing Jurang Selareja. Ing sub-judhule tinulis: Mobil Pickup Kobong, Supire Gosong. Pawarta kuwi dipepaki mawa foto gambare ragangan mobil sing gosong tur ringseg. Ing sisihe bangke mobil ana foto maneh kanthi ukuran luwih cilik, arupa blegere pawongan sing saranduning badane gosong. Anggane kelet karo rangkane pickup. Ora mung trima gosong, jisim kuwi malah wis pereng. Jroning surat kabar iku katulis yen kacilakan maut kasebut kedadeyan tanggal 22 Juli 2008 watara jam siji awan ing wilayah Selareja, gigire Gunung Panderman sisih lor kulon. Disebutake yen pickup kuwi ngemot apel saka arah Batu tumuju Jombang. Pulisi lalu lintas sing diwawancarai wartawan ing lokasi nduga rime pickup blong merga kampase entek. Saengga nalika ngambah dalan mudhun tur nikung, lakune mobil ora bisa dikendhaleni. Kejaba kampas entek, pulisi uga nemokake bukti arupa tilas wadhahe minyak rim sing wis jroning kahanan kothong lan garing. Temonan bukti-bukti mau tansaya mikuwati penyebabe kacilakan. Jisime supir pickup banjur digawa menyang Rumah Sakit Syaiful Anwar Malang. Nganti titi pawarta iku katulis, dhokter laboratorium forensik sing tinanggenah ngotopsi kunarpa isih kangelan nitik ciri-cirine kurban awit kahanane jisim wis rusak banget. Arep nglacak idhentitase kunarpa lumantar sidik jari uga kangelan jalaran driji-drijine kurban wis padha mrotholi. Siji-sijine cara kudu nlusuri riwayate untu lan tes DNA. Nanging iki perlu wektu suwe tur butuh ragad sing ora sethithik. Mula dhokter forensik arep luwih dhisik njaluk pasarujukan saka kulawargane kurban. Pulisi sing ngangkat jisim saka dhasar jurang kandha yen kurban aran Risang Ragutama kanthi dhasar temonan kertu tandha penduduk sarta surat idin nyopir sing mencelat ora adoh saka bangkene pickup. Kertu idhentitas kuwi sing akhire dadi pathokane dhokter kanggo nemtokake idhentitase kurban. “Apa pareng nek koran iki daksilih sedhela? Anggonku maca arep dakbacutake mengko sore merga wektu iki aku lagi ana janji karo kanca,” kandhane Setyawan karo ndeleng arlojine. “Kena wae, waton korane aja nganti ilang.” Setyawan menyat. Koran dilempit kaya sekawit banjur dilebokake walike jaket. Setyawan wis jumangkah limang pecak, nanging age-age bali maneh marani Sekarniti. Tangane Setyawan nglolos sawijining cupu cilik saka sake jaket. Cupu kuwi diulungake Sekarniti. Sekarniti katon mangu-mangu. Embuh apa sing diucapake Setyawan marang kenya ayu mau, sing genah Sekarniti wekasane gelem nampani pawewehe dhetektip partikelir iku. Setyawan banjur marani sepedhah motore sing isih dijagang ana dalan njojrog. Srengengene meh tumapak ing punjering langit nalika dheweke ngeslah kendharaane. Gase diculake ing posisi netral. Rodhane ngglindhing ngudhuni dalan njojrog engga tekan watese lurung aspalan. Setyawan menggok ngiwa. Presneleng dilebokake, gas disendhal. Honda Supra X nggeblas ngudhuni perenge Gunung Wilis.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |