Rajapati ing Pereng Wilis (08)
|

ENGINE saya nggremet tumuju punjere. Rembulan purnama sidi manjer ing madyaning langit. Nadyan isih nedhenge mangsa rendheng, ewadene ora katon mega saipit-ipita sing nyaput akasa. Wengine tansaya sampurna mbasan mbaka siji lintang-lintang ing langit ngatonake wujude. Kerlap-kerlip pamer kaendahan. Arepa padhang mbulan, nanging swasana ing gigire Gunung Wilis sisih kidul wetan iku krasa tintrim kawimbuhan singlu. Mung swarane walang kecek keprungu mecah sepi. Kalamangsa ana kumlebate kalong apadene lawa kang mlembar saka pange wit siji menyang pang liyane. Adoh ing ngisor kana katon kerlap-kerlipe lampu ing laladan kutha Kediri lan Tulungagung. Cahyane semburat nyentrong langit. Wit-witan kang thukul ana papan lempar uga mung ketara remeng-remeng, ketel bebanjengan. Siji loro ing antarane wit-witan kuwi mujudake jinise tanduran widara. Mbokmenawa merga tinemune wit widara ing papan kono, desa iki biyen banjur dijenengake Widarakandhang, kandhange wit widara. Arane saemper ing pewayangan. Yen ana pewayangan, Kademangan Widarakandhang dadi panggonan ngumpete Kakrasana, Narayana lan Rara Ireng amrih ora dipateni dening Kangsa. Hawa atis tumurun saka pucuk gunung mbarengi mudhune ampak-ampak. Mega tipis uga wiwit ngganggu kaendahahing sang sasadara. Nanging wengi kuwi ora sawutuhe mati, awit ana regemenge bleger manungsa ngadeg nggejejer ana sandhuwure watu sing gedhene sagudel njerum. Blegere manungsa kuwi banjur ngrapetake jakete. Sawise ngulat-ulati kahanan, pawongan sing kaya-kaya jumedhul saka walike pepeteng kuwi anjlog saka sandhuwuring watu. Sikile jumangkah lon-lonan mecaki dalan lemah. Kanggo ukuran dalan pegunungan, lurung sing diambah wong jaketan iku kepetung amba. Mbokmenawa sedheng yen mung kanggo liwat prahoto wae. Lurung iku nggaler mengidul. Upama diturut terus, pungkasane lurung iki bakal anjog ana dalan aspalan. Ning sajake lurung iki wis arang kadhing diambah jalma manungsa. Sebab ing kana-kene akeh thinukulan tanduran mrambat sing nyrimpeti sikil. Karo pencolotan milih-milih dalan, pawongan kuwi terus nlusuri lurung engga tekan sangarepe gedhong bongkor. Wong jaketan sing ora liya dhetektip Setyawan iku mandheg sedhela. Jroning swasana remeng-remeng kaya wengi iki, gedhong bongkor iku ketara wingit lan angker, pindha kedhatone iblis. Kanthi kebak pangati-ati Setyawan banjur jumangkah ngleboni pekarangane tilas pabrik teh kuwi. Platarane lumayan jembar, kira-kira amot kanggo parkir prahoto loro. Setyawan mbayangake, biyene plataran iku rame dening kegiyatan bongkar muat teh sing bakal kakirim menyang Karesidenan Kediri lan sakiwa tengene. Prahoto sing ngangkut teh mau wira-wiri ana lurung sangarepe pabrik kuwi. Nanging saiki gedhonge rusak, kinupeng gegrumbulan ketel sarta kinemulan rayutane wit-witan. Gedhong iku uga tau dadi seksi bisu kedadeyan tragis. Sewidak lima taun kepungkur saradhadhu Jepang ngrudapeksa Rebeca Naurin ana njerone pabrik kono. Dirudapeksa ing tengah wengi, nendhenge rembulan purnamasidi kaya bengi iki. Rampung dienggo rencakan, Rebeca nuli digorok gulune nganggo klewang. Krana matine ora sampurna, gotheking ngakeh kumarane nonik Landa kuwi banjur gentayangan. Mulane njur sok keprungu swara tangis layung-layung saka sajroning gedhong kuna kuwi. Tangise Rebeca sing mati kasangsaya. Setyawan nuli nyedhaki lawange pabrik. Lawang kuwi ginawe saka kayu kandel. Ambane ora kurang saka karotengah dhepa. Gemboke wis ora ana, selote thethel. Tangane Setyawan banjur kumlawe nyurung lawang. Swara engesele gumerit lirih. Lawang meblak separo, njero gedhong katon lelimengan. Ambune telek lawa nduleg irung. Ora maelu ambune kotoran lawa sing bisa marahi sirah mumet, Setyawan tetep jumangkah manjing gedhong. Panyawange ora bisa premana awit swasana njero gedhong iku peteng ndhedhet ndumuk irung. Lakune Setyawan setengah grumutan, tangane sraweyan lan grayah-grayah, samar yen ujug-ujug sirahe njur mbentus barang atos. Ewadene dheweke ora nyenggol apa-apa. Nalurine bisa ngira-ira yen kahanan njeron gedhong iku wis kothong, ngoblah-oblah kaya lapangan. Tumrap sing ora kulina, dhipeting kahanan kaya mengkono mau bisa njalari pikiran cepet puteg. Apamaneh ana njerone gedhong rusak sing kondhang angker iku. Nanging Setyawan dudu golonganing pawongan sing jirih. Dheweke ora mundur, kepara malah jumangkah saya manengah ngrabasa peteng. “Hii…hii…hiiii…..” Setyawan nratab. Jangkahe kandheg. Lamat-lamat kupinge nangkep swara tangis layung-layung. Swarane lirih, cat keprungu cat ora. Mbokmenawa asale saka ruwangan sing luwih njero. Setyawan nggrayahi pistul Bareta semi otomatis sing tansah disengkelit ana lempenge. Nanging apa iya kumarane Rebeca sing wis mati puluhan taun kepungkur mau bakal mrawasa dheweke? Dheweke ora luput, yagene kudu nampa bendune kumara klambarangan kuwi? “Hii…hih..hiiih… huhuuu.” Tangis kuwi bali keprungu. Saiki Setyawan tansaya yakin yen swara kuwi dudu unine cemeng keluwen. Swara iku nyata, asale cetha saka ruwangan sing rada tengah. Atine ditatag-tatagake. Lon-lonan Setyawan jumangkah saya mlebu. Jakete dibledhehake, perlune yen ana apa ta apa dheweke bisa njabut pistule kanthi kebat. Elok, nadyan ana njero gedhong nanging Setyawan ora krasa slempeg. Sajake nalika mbangun pabrik iki biyen arsiteke Landa nggatekake temenan marang ventilasine hawa. “Huuu…huu..hiii…hihhh…” Swara tangis kuwi tansaya keprungu cetha. Yen ngono dheweke wis caket karo kumarane Nona Rebeca. Setyawan ndhagak. Sawatara jangkah ing ngarepe ana sorote rembulan kang nrobos gendheng kaca lan ceblok menyang jrambah, njalari swasana ing kiwa tengene dadi ora dhipet banget-banget.
Nadyan mung capet-capet nanging mripate Setyawan bisa nyumurupi ana wewujudan ireng sing lungguh ana poncoding ruwangan. Setyawan njereng mripate amrih panyawange luwih trawaca. Jantunge nitir. Apa kuwi Rebeca Naurin? Dumadakan wewujudan iku obah-obah, sajak krasa yen saiki dheweke ora ijen maneh ana njero gedhong kono. Swara tangise uga wis ora keprungu, cep kaya orong-orong kepidak. Setyawan megeng napas. Dumadakan…bleber…! Setyawan njola. Tanpa angkan-angkan wewayangan kuwi banjur mletik pindha singgat. Ing swasana peteng, kumrembyahing wewayangan iku kaya mabur. Ora mabur saperlu ngrangsang marang Setyawan, nanging wewayangan kuwi nembus tembok lan ilang plas saka papan kono. Setyawan njegreg kamitenggengen. Epek-epeke wis tumemplek gagang pistul, nanging wurung dijabut saka lempeng. Bareng sadhar yen wewayangan mau wis oncad saka papan kono, Setyawan age-age mrepegi tilas papane Nona Rebeca ndheprok. Setyawan nyumurupi tabet sikile manungsa. Bledug sing ngemuli jubin sumilak, mertandhani mentas dienggo kosot. Setyawan nuli nyawang pernahe wewujudan nyalawadi mau oncad. Oh, jebul ora adoh saka anggone ungkeb-ungkeb mau ana jendhela kang meblak merga lawange wis thethel. Ateges wewayangan mau ora nembus tembok kaya sing disawang, nanging sengaja mencolot metu liwat jendhela iku. Jendhelane ora pati dhuwur, udakara sabangkekane wong diwasa. Setyawan nuli mrepegi jendhela mau. Sirahe manglung nguwasi kahanan njaba. Ngisore jendhela kebak suket gajah, dhuwure sadedege wong diwasa. Suket gajah iku obah-obah nadyan ora ana angin. Saka jendhela kono omahe Palindriya sing dumunung ana papan kang luwih ngisor katon remeng-remeng sinaput wengi. Mbarengi wektune karo kedadeyan ing gedhong bongkor, sawenehing wanita mlaku ngunclug nyabrang plataran omahe Palindriya kang jembar. Jarite dicincing amrih jangkahe bisa luwih bebas. Ambune kemenyan nampeg irung, pratandha yen sing duwe omah lagi kutug. Palindriya pancen tansah nggondheli nalurine wong Jawa. Ing dina-dina tinamtu, mligine wanci purnamasidi, dheweke pancen asring ngobong dupa ratus. Lakune wanita iku ora tumuju teras, nanging nylingker liwat iring tengene ruwang tamu banjur bablas tumuju kebon ing mburi omah. Sirahe plingukan, kaya ana sing lagi digoleki. “Nah…Tonah, aku neng kene..!” swara panguwuh lirih saka sangisore wit jambu kang lindhuk godhone kuwi ngagetake Tonah. Wanita iku ora bisa nyumurupi blegere pawongan sing undang-undang jalaran sunaring rembulan kaling-kalingan rungkuding kebon. “Oh, njenengan ngrantos wonten ngriku ta Ndara Palin,” semantane Tonah karo marani pernahe swara. Njedhul saka walike ayang-ayang godhong jambu, priya separo umur kuwi mapag tekane Tonah kanthi adreng. Tangane Tonah gage diranggeh banjur digeret ndlusup menyang lindhuke wit-witan. “Ayo Nah, ayo ndang mlebu menyang kamarku kana,” pangatage Palindriya karo ngruket wanita setengah umur iku. Sing diruket rada mberot. “Sareh riyin Ndara, kula ajenge matur…” “Matur apa? Mengko wae, aku selak ora kuwat. Wis pirang minggu aku ora kok ladeni?” celathune Palindriya keprungu kedher. Ambegane ngangsur-angsur. “Ning niki perkawis gawat Ndara, bab pejah gesange kulawarga kula. Saget ugi malah nasib penjenengan,” Tonah mangsuli mandhes. Palindriya nggendhoni pangrukete. Pitakone, “Perkara apa ta?” “Kula ngertos wewados panjenengan.” “Wewadi sing endi?” Palindriya ketara ora mudheng. “Dhetektip mudha niku wiwit nyujanani bojo kula bab pejahe Den Mas Darpita. Kiyambake tanglet-tanglet bab tiyang sing ngginakaken ganco kangge dhangir kebon niki. Ning sejatosipun rak panjenengan ta ingkang mrejaya Den Mas Darpita?” Palindriya kaget. Mripate mlorok. Tonah sing sekawit ana jroning ruketane banjur dijlongkrokake. “Hus, aja waton ngomong kowe, Nah!” “Kula ngertos bilih Ndara Kakung ajrih kalihan pangancamipun Den Mas Darpita. Pramila lajeng panjenengan cegat rikala piyambakipun wangsul ngepasi jawah deres kala wingi. Rak inggih ta?” Palindriya keselak idune dhewe. Watuke ngikil. Upama bisa sinawang, raine Palindriya mesthi katon mbrabak. Gregete marang Tonah sing sekawit makantar-kantar suwe-suwe sirep. Bareng watuke rada mendha Palindriya nggresah. Nanging durung wae dheweke kober wangsulan dumadakan keprungu jangkahe wong mlayu ninggalake papan kono. Jlug, jlug, jlug! Palindriya lan Tonah mlengak meh bareng. “He sapa kuwi..!” bengoke Palindriya karo clilengan. Guwayane biyas. “Cilaka, ana sing ndingkik anggon kita sapatemon Nah!”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |