Rajapati ing Pereng Wilis (09)
|

RLOJI sing naleni ugel-ugel kiwane Setyawan nuduhake angka setengah wolu thit nalika Honda Supra X sing ditumpaki mlebu plataran omahe Palindriya. Srengengene wiwit nyengkrek, parandene hawa ing lengkeh gunung kono isih krasa anyep. Gegodhongan uga isih teles dening bun. Manyuk plataran Setyawan kaget, sebab ing kono wis ana Kijang pickup-e pulisi sarta mobil dhinese Komisaris Pulisi Amongdenta. Mobil kapulisen loro kuwi diparkir jejer. Anggota pulisi cacah lima sragam dhines lengkap sarta sawatara anggota reserse padha pakeyan preman sikep siyaga, pating cranguk ana ngarep lawang. Mbarengi karo Setyawan njagang sepedhah motore ing sangisore wit pelem gadhung, saka sajroning omah loji kuwi Palindriya digiring metu dening Loso lan Juari. Polatané Palindriya ketara aclum. Dheweke durung ganti sandhangan, isih nganggo piyama krem lan sandhalan jepit. Ing samburine Palindriya, Sekarniti ngetutake bapake karo tawan-tawan tangis. Sumurup pulisi-pulisi padha ngadeg ana lambe lawang, Sekarniti cengkelak mbalik mlebu ngomah karo nutupi raine. Tangise tansaya seru. Sing metu keri dhewe Amongdenta. Dheweke menganggo pakeyan preman, clana jins lan jaket ireng. Papagan karo Setyawan ana teras, Amongdenta mesem ngece. Ujare sajak ngewak-ewakake, “Wis Dhik, wewadining rajapati iki wis kawiyak. Kabeh mau merga saka landhepe panggraitaku sarta kelantipane anggotaku jroning golek sisik melik. Tanpa pambiyantune dhetektip nyatane pulisi ya bisa mrantasi gawe ha ha ha…” “Njur sapa durjanane, Mas?” Setyawan nambong. “Lho, piye ta kowe kuwi? Wis genah nek Pak Palindriya dhewe ngono kok sing mateni Darpita. Mulane esuk iki dheweke dakcekel.” “Apa penjenengan kagungan bukti lan seksine?” Amongdenta ngguyu nyepelekake. Celathune, “Pulisi ora waton nyekel uwong Dhik. Nek wis wani nangkep, ateges bukti lan seksine kuwat.” Amongdenta banjur mlebu ngomah maneh. Baline nggawa ganco kang dorane meh sadhepa dawane. Celathune: “Iki buktine. Ganco iki tinemu ana pawone Palindriya. Aku yakin barang iki sing digunakake kanggo ngantem sirahe Darpita rong ndina kepungkur.” “Apa motife rajapati kuwi Mas? Geneya Pak Palindriya kok mrejaya Darpita? Mangka kurban iku rak calon mantune ta?” “Kene dakjarwani,” kandhane Amongdenta karo nggeret Setyawan kaajak rada nyisih. Sinambi ngenteni Amongdenta bawarasa, Palindriya sing maune wis meh diunggahake menyang bake Kijang banjur dilungguhake ana kursi teras. Loso lan Juari ora wani nggawa lunga Palindriya sadurunge entuk prentahe komandhan. “Kowe wingi rak dakpamiti ta yen aku ditimbali Kapolres. Nah, lebar saka Polres aku njur bablas nemoni wongatuwane Darpita. Jebul marang wongatuwane, Darpita nate ngaku menawa dheweke tau ngancam Palindriya,” kandhane Amongdenta klesik-klesik. “Ngancam piye?” pitakone Setyawan sinambi ndhoyongake sirahe amrih luwih cetha anggone ngrungokake. “Kowe rak ora ngira ta Dhik nek sejatine Darpita iku pegawe pajeg ing bageyan pencegahan lan penindakan. Darpita ngerti yen calon maratuwane kuwi ora tau asok pajeg. Mangka usahane kapetung sukses. Darpita wis tau ngelikake Palindriya supaya enggal nglunasi tanggungane sing cacahe meh setengah milyar. Ning sajake pangelik-elike calon mantu iku mung dianggep sepi dening Palindriya. Nah, ngepasi Darpita sanja mrene dhek emben kae, sepisan maneh dheweke ngelikake Palindriya. Malah Darpita kober ngancam arep nglapurake tunggakan pajege Palindriya kuwi marang ndhuwurane ing kantor pajeg kana. Temtu anggone ngucapake pangamcam mau ora dhong ana sangarepe Sekarniti. Palindriya bingung. Dheweke sumelang Darpita bakal lapur temenan. Mula nalika Darpita nedhenge jagongan klawan Sekarniti neng ruwang tamu, Palindriya njur nylingker menyang dalan njojrog karo nyangking ganco iki. Pepuntone Palindriya, luwih becik dheweke ndhisiki mateni Darpita sadurunge dilapurake marang sing berwajib.” Amongdenta meneng sedhela. Bacute, “Miturut paseksene Sekarniti, ngepasi udan deres ngarep mburi karo mulihe Darpita kuwi Palindriya pancen dhong ora ana ngomah. Palindriya lagi mlebu omah sawise Sekarniti nguntabake mulihe Darpita. Nalika mlebu ngomah saka lawang iring tengen, sandhangane Palindriya klebus. Saka kono dudutanku saya kuwat nek wektu kuwi Palindriya mentas mrejaya Darpita nganggo ganco iki. Lan sadurunge mlebu ngomah, dheweke nyimpen ganco ana pawon.” “Apa neng ganco iki tinemu cipratan-cipratan getih, Mas?” “Ora ana. Ning bisa wae ta bubar mateni Darpita Palindriya banjur ngumbah ganco iki kanggo mbuwang tlacak. Karomaneh kahanane rak pas udan deres ta Dhik? Dadi upama ana cipratane getih neng ganco iki ya cepet ilang.” Setyawan manggut-manggut. Katrangane Amongdenta tinemu nalar. “Apa Pak Palin wis ngakoni tumindake?” “Durung. Dheweke puguh emoh ngakoni nek wis merjaya Darpita. Miturut pangakuwane Palindriya, ngepasi udan deres kae dheweke ora nyegat Darpita neng dalan njojrog, nanging mlayu menyang kebon mburi saperlu nutupi blumbange kang isi anakan lele. Dheweke sumelang jabrisan-jabrisan kuwi bakal ucul yen banyune blumbang nganti amber. Ning pawadan kaya ngono kuwi bisa digawe-gawe. Aku wis apal karo pawadane durjana sing wis kecekel.”
Setyawan ora tumanggap. Dheweke ketara mikir. Kalamangsa mripati nglirik arlojine sajak kaya ana sing lagi diantu-antu. “Iki maeng anak buwahku loro, Asmungi lan Darus wis dakprentah budhal nyekel Sarni. Dina iki Sarni lan Palindriya bakal dakgawa menyang markas kareben di-BAP penyidik,” Amongdenta mecah swasana amem. Setyawan ngerti, Amongdenta lagi pamer anggone rumangsa kasil ngudhari wewadining rajapati. “Sarni melu dicekel? Apa lupute, Mas?” pitakone Setyawan. Amongdenta mesem semu melehake analisane Setyawan sing dianggep kurang landhep. Ujare, “Ganco iki dudu duweke Palindriya, ning duweke Sarni. Bisa wae ta lelorone wis pidak jempol jroning kasus iki? Tegese Sarni sing nyedhiyakake pirantine, dene Palindriya sing migunakake. Utawa malah loro-lorone sing mateni Darpita. Sarni eksekutore dene Palindriya sing ngawat-awati kahanan. Sebab upama lelorone ora sekongkol, yagene sawise Sarni dhangir ana kebon mburi kono ganco iki ora digawa mulih pisan?” “Ning isih ana sing penjenengan lirwakake, Mas.” Amongdenta mandeng Setyawan tajem. Bathuke njengkerut. “Apa sing daklirwakake, Dhik?” “Nalika penjenengan paring kalodhangan marang aku supaya niti priksa kunarpane Darpita kae aku nemokake dhompete kurban ing kahanan kothong. Mung kari isi KTP, STNK lan SIM. Mangka manut wongatuwane kurban, dhompete Darpita iku ora tau kothong. Paling sethithik dheweke mesthi ngesaki dhuwit ora kurang saka limangatus ewu repis. Karang blanjane pegawe pajeg ki gedhe, Mas.” “Oh, dadi nek ngono Dhik Setyawan uga wis nemoni wong tuwane Darpita?” “Uwis, Mas. Aku ndhisiki njaluk katrangan marang rama-ibune Darpita ngepasi penjenengan ditimbali Kapolres wingi awan. Nyuwun pangaksama ya.” “Hm, ora dadi ngapa,” kandhane Amongdenta ngendhelong. “Njur apa tegese nek dhompete kurban kothong?” “Cetha nek ana sing wis njupuk dhuwite.” “Nek manut pamawasmu sapa kira-kira sing njupuk dhuwite kurban? Apa durjanane?” pitakone Amongdenta adreng. “Bisa iya, bisa uga dudu.” “Upama sing njupuk dhuwit iku durjanane, dakkira mokal. Sebab Palindriya mono klebu wong sugih mblegedhu. Kanggo apa dheweke ngrampog dhuwite Darpita sing cacahe ora sepiraa kuwi?” “Mengko dhisik Mas, aku durung nyujanani Pak Palin lho. Nek penjenengan duwe bukti lamun sing merjaya Darpita iku Pak Palindriya ya sumangga. Ning nek miturut pangothak-athikku, pawongan sing njupuk dhuwite Darpita iku cetha wong sekeng sing lagi butuh dhuwit.” “Wong sekeng? Kira-kira sapa, Dhik? Apa Sarni?” Amongdenta saya adreng. “Dudu Sarni, nanging Markani lan sing wadon.” Amongdenta njomblak. “Kok kowe duwe pangothak-atik mengkono?” “Geneya ora? Markani wong sepisanan sing nemokake jisime Darpita. Bisa uga nalika kuwi dheweke melik isen-isening dhompete kurban banjur dijupuk.” “Ya, kuwi tinemu nalar. Ning rak ora kira ta Markani sing merjaya Darpita?” “Neng donyane kriminal ora ana tembung mokal, Mas. Nalika Mas Amongdenta nokan-nakoni Markani wingi esuk kae, aku kober nglirik pikulane Markani sing semendhe wit pelem. Pikulan kuwi gilig tur atos, aku yakin saka kayu jati. Gedhene salengenku. Upama dienggo ngepruk sirah, dakkira bakal moncrot.” “Hekh….,” Amongdenta ngeleg idu. “Ning tetep nglengkara, Dhik. Coba ta dipenggalih, Darpita tiwas wanci surup surya. Mangka Markani nemokake jisime wanci subuh. Apa ya mungkin Markani, sing subuh iku arep budhal menyang pasar, sorene isih kluyuran ana papan kene?” “Mas Among apa kalepyan karo kojahe Markani wingi? Dheweke rak ngaku budhal menyang pasar esuk uthuk-uthuk, mulihe kalamangsa nganti sore. Bisa wae wanci surup kuwi dheweke mbeneri mulih saka pasar njur liwat dalan sidhatan ngarep iku. Nah, nalika kuwi mbarengi Darpita mulih saka omah iki. Rehne melik bandhane kurban, mula Darpita banjur didingkik. Bareng ana kalodhangan sirahe Darpita terus dikepruk nganggo pikulane kuwi.” Amongdenta legeg. Dheweke sing sekawit yakin banget yen wis kasil ngudhari wewadining rajapati saiki dadi krasa tidha-tidha. Ujare: “Nek ngono Markani kudu dakceluk mrene saiki uga, Dhik!” “Kuwi wewenang penjenengan.” Amongdenta banjur ngawe andhahane cacah papat: Asro, Murji, Ngisom lan Royan. Prentahe mandhes, “Asro, Murji kowe menyanga omahe Markani neng Plumutan kana. Nek wis ketemu njur gawanen mrene saiki uga. Dene kowe Ngisom lan Royan, menyanga Pasar Sendhang. Sapa ngerti esuk iki Markani lagi dodolan kayu neng pasar!” Sing entuk dhawuh gage rumagang. Nyetater kendharaane dhewe-dhewe banjur budhal nindakake tugas kanthi boncengan. Ngarep mburi karo lungane pulisi reserse papat mau, dumadakan keprungu pamberunge mesin kendharaan rodha papat sing ngoper menyang presneleng siji. Kendharaan iku lagi ngunggahi lurung makadham kang totogane anjog ana plataran omahe Palindriya. Kabeh sirah tumoleh menyang pucuking plataran, ngenteni sapa sing teka.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |