Cerita Sambung - 
Rajapati ing Pereng Wilis


 

Rajapati ing Pereng Wilis (10)

rajapati-ing-pereng-wilis

 

SMUNGGI mateni mesin sepedhah motore watara limalas meter saka omah sing arep dijujug. Darus agahan mencolot saka boncengan banjur ndhisiki mlayu tumuju mburi omah. Njrunthul kaya gemak, Darus nyaketi lawang pawon sing tutupan. Lawang butulan kuwi  anjlog menyang pekaranga­ne sumur. Gegere Darus dipepetake tembok, tangane nglolos pistul saka lem­peng. Garan pistul digegem kenceng tangan loro, monconge diadhepake men­dhuwur.
Ing ngarep omah, Asmungi nuntun sepedhah montore mlebu plataran. Omah sing diparani kuwi awangun limasan. Ora sepiraa gedhe, nanging katon bakuh. Temboke durung dilepa. Kusene saka kayu jati, uga durung kambon plituran. Jrambahe mung dipopoki luluh kasar. Ke­tara yen omah kuwi durung sepiraa suwe anggone ngedegake. Nadyan mapa­­ne ana sapinggire ratan aspal, ewasemono omah iki mrenca. Dununge misah rada adoh karo tangga teparone.
Lawange tutupan rapet. Jendhela kacane kasungkup kordhen  abang ati. Swarane lagu dhangdhut  ke­prungu ngganter saka radhio, mer­tandhani yen senajan swasanane sepi nanging omah kuwi ora lagi suwung.
Asmungi njagang sepedhah montore kanthi ati-ati.  Karo grayah-grayah pistul sing didlesepake ana lempenge, dheweke njangkah menyang teras. Alon-alon tanga­ne kumlawe nothog lawang. Pisan pindho ora ana tanggapan. Nalika anggo­ne nothog dirosani, swarane radhio mau sirep. Ora suwe banjur keprungu kumle­set­ing sandhal karo swara watuk cekrah-cekreh. Ceklek, ceklek muter kunci banjur mengakake lawang alon-alon.
Praupan tuwa mecungul, gulune mang­lung menjaba. Rambute isih awut-awutan, mripate ngriyip. Sajake priya umur-umuran sewidak lima taun iku men­tas tangi turu.  Karo nguceg-uceg mripat, bathuke njengkerut namatake blegere pawongan sing nggejejer ana ngarep lawang. Panyawange nlusuri saran­du­ning awake nom-noman pawakan sedhengan kuwi saka pucuke rambut nganti poke tungkak.
“Madosi sinten, Dhik?” pitakone semu nebak-nebak. Swarane keprungu serak.
“Penjenengan napa ingkang asma Pak Sarni?” Asmungi ganti takon.
“Leres. Lha sampeyan niki sinten lan ajenge enten perlu napa?”
“Kula Mungi, saking Polsek Sendhang. Penjenengan dipuntimbali samenika ugi!”
Sarni ngowoh. Nanging kanthi cukat tangane gage mbanting lawang engga keprungu jumedher. Asmungi kaget, tangane ngogleg-ogleg selote lawang nanging ora bisa mbukak. Sajake Sarni wis ngunci lawang iku saka njero. “Asem,” Asmungi ngeses.
Sarni mlayu nunjang palang tumuju pawon. Kursi kayu sing mepalangi dalane disempar engga mencelat natap tembok. Kanthi gugup selote lawang pawon di­sendhal nganti mbukak ngeblak. Sarni gage mlumpat metu sumedya mbradhat menyang kebon mburi.
Nanging…. mak gabrus! Sarni tiba glang­saran merga sikile dijegal Darus sing wis siyaga ana samburine lawang butulan. Sarni krengkangan tangi, siyap-siyap arep mlayu maneh. Darus prayitna. Trengginas dheweke mencolot ngakahi anggane Sarni. Monconge pistul ditemplekake bathuke Sarni.
“Ayo mlayuwa nek kepengin moncrot molomu!” wuwuse Darus sereng.
Sarni pucet sakala. Karo ngangkat tangane loro Sarni celathu memelas, “Nggih pun, kula ngakeni lepat. Kula pancen salah.”
***
rajapati-ing--pereng-wilis-10Lakune sepedha montor Honda GL Pro  sing ditumpaki Asro lan Murji ora bisa rancag. Mesine ngeden-ngeden jalaran lurung cilik sing lagi diambah iku ciyut tur lunyu kena sisa-sisane banyu udan rong ndina kepungkur. Wis ngono kathik dalane  munggah pisan. Ora mokal yen kadhangkala lakune sepedhah motor igat-igut keplese-plese  merga rodhane mburi setengah selip. Saya mendhuwur medha­ne saya mutawatiri. Asro sing kondhang kendel lan prigel numpak sepedhah motor, pisan iki krasa miris.
“Mur, penake sepadhah motore di­tinggal neng kene wae. Bahaya nek nekad ditumpaki tekan ndhuwur kana,” ujare Asro.
Murji sing cekelan rosa ing boncengan kumecap, “Iya, dititipne neng omahe pen­dhudhuk ae. Aku ya wedi nek keglun­dhung.”
Dalan sing diambah Asro lan Murji pancen cilik lan rumpil. Kiwa dalan arupa perengan kang thinukulan wit-witan gedhe. Dene sisih tengene dalan wujud  jurang sing kebak watu pating bedhosol. Mula arang banget ana kendharaan  sing wani saba tekan papan kono.  Sok mengkonowa isih ana omah siji loro ing saurute lurung sapecak sing rumpil  mau najan antarane omah siji lan sijine jarake rada adoh. Asro banjur ngenggokake kendharaane me­nyang sawijining omah prasaja.
Krungu swara mesin kendharaan mlebu plataran, sing duwe omah gita-gita metu. Pawongan iku nganggo clana kom­prang ireng lan kaosan singlet putih mang­kak. Polatane ketara gumun dene ana sepedhah montor wani munggah tekan omahe. Sumurup sing teka nom-noman loro, wong lanang umur-umuran sewidakan taun iku tansaya kebak tandha pitakon. Dheweke rumangsa durung tau wanuh karo dhayohe.
“Kulanuwun, Pak,” Asro ndhisiki uluk salam karo mesem semanak.
“Mangga, badhe kepanggih sinten Dhik?” pitakone wong lanang pakulitan ireng iku kanthi praupan nyureng.
“Anu kok Pak, kula namung badhe titip kendharaan. Kula ajeng minggah teng Plumutan.”
“Teng Plumutan? Griyane sinten?”
“Griyane Pakdhe Markani. Kula kekalih niki pernah ponakan, griya kula Trengga­lek. Keleresan niki wau nembe saking Ben­dungan Wonorejo. Pramila mumpung empun dugi Wonorejo lajeng kula se­langaken nuweni Pakdhe Markani,” wang­sulane Asro nyamudana.
“Oo….Mbah Markani ta. Nek teng ngriki karane Markani Ndhogleg. Nggih mriku, kendharaane mang jagang teng emper. Arang-arang lo Dhik enten tiyang wantun numpaki kendharaan ngantos dugi ngriki, napa malih nembe jawah. Tuju­ne sampeyan wau mboten kepleset.”
“Kula kekalih niki sejatosipun dereng nate sumerep dhaerah ngriki. Kula was­tani nek margine sekeca, ee tibake rumpil tur lunyune kados ngaten,” ucape Murji.
“Dereng nate ngriki? Nek ngaten sampeyan kekalih niki nggih dereng pirsa daleme Mbah Markani no.”
“Dereng. Menika kala wau panci kula seja ajeng titip kendharaan ngiras badhe nyuwun pirsa  dalemipun Pak Markani.”
“Mang turut mawon lurung niku. Mang­ke nek empun kepanggih griya sing mapanipun woten nginggil piyambak, nggih niku daleme Mbah Markani. Mbok­menawi taksih watawis kalih kilo malih saking ngriki. Biyasane pendhak dinten Mbah Markani teng peken kalih semah­ipun, sadeyan kajeng. Ning kawit enjing niki wau kula kok dereng tumon tiyange liwat.”
“Maturnuwun. Tepangaken Pak, nami kula Asro dene rencang kula niki Murji.”
“Kula Tobirin.”
Sawise markir sepedhah motore ana emper sarta mbeseli dhuwit limang ewu marang Tobirin, Asro ditutwuri Murji ban­jur nerusake munggah kanthi laku dharat. Merga ora tau munggah gunung, lagi oleh separo dalan Asro lan Murji wis ngos-ngos­an. Sedhela-sedhela kekarone leren nju­puk ambegan. Pupune krasa rencem  Nanging bot-bote nindakake prentahe komandhan, nadyan ambegane melar mingkus ewadene pulisi reserse loro kuwi ora nglokro.
Ing plataran omahe, Markani lagi  me­celi kayu luron nganggo wadunge. Awake sing isih katon kiyeng ngliga, kringete ke­kotos. Saperangan pecelan kayu wis di­untingi, kapantha-pantha manut gedhe cilike rencek. Rehne ketungkul  nyambut gawe, Markani nganti ora nglegewa yen Asro lan Murji wis ngadeg ana mburine.
Ngerti yen Markani nyekel wadung tholang-tholang, Asro asung sasmita ma­rang Murji supaya luwih waspada. Sumu­rup gegaman sing dicekel Markani, sapan­durat Asro banjur kelingan marang kunar­pane Darpita sing remuk sirahe. Dhek wingi Asro pancen klebu petugas sing melu nindakake olah TKP, dadi ing angen-angene isih cumithak kaya ngapa kahana­ne kurban wektu iku.
Malah rikala ambulane teka, Asro ngre­wangi madhahi kunarpane Darpita menyang njero kanthong mayit sadu­runge diunggahake menyang mobil. Asro uga kober krungu nalika dhetektip Setya­wan kandha menawa barang sing kanggo merjaya Darpita dinuga wujud gegaman sing anteb lan landhep, utawa bisa uga anteb tur landhep. Setyawan uga nyebut yen gegamane durjana mau bisa  arupa wadung, ganco lan wesi gligen. Yen ngono apa wong tuwa kuwi durjanane?
“Kulanuwun Mbah,” cluluke Asro.
Markani ora noleh. Dheweke mbacut­ake anggone pecel-pecel kayu. Murji nyenggol lengene Asro. Celathune bisik-bisik, “Sing banter, ketoke wong kuwi wis rada suda krungon.”
“Assalamualaikum! Kulanuwun, Mbah!” Asro ngambali uluk salam kanthi swara luwih seru.
Markani njenggirat. Dheweke tumoleh nggoleki asale swara. Asro manthuk karo mesem. Markani kedhep tesmak nyawang dhayohe. Sing siji, ya sing mentas uluk salam mau, dedege gedhe dhuwur, gon­drong. Godheg wok simbar dhadha. Won­dene sijine lencir mbambangi nanging katon tegas. Markani kober nglirik gagang pistul sing munjuk saka lempenge sing blengah-blengah kaya Raden Werkudara kuwi. Sanalika Markani nguncalake wa­dhunge lan cengkelak arep mlayu.
“Mandheg! Apa pilih tak tembak sikil­mu?!” aloke Asro bantas.
Mak jegagig jangkahe Markani kan­dheg. Weruh pulisi loro iku bareng-bareng nodhongake pistule, Markani lemes. Sikile ngoplok. Alon-alon tangane diangkat. Kandhane ngrerepa, “Kula ampun di­bedhil, Pak Pulisi. Kula manut nek ajeng mang rangket. Kula ngakeni lepat. Kula kalimput. Kula manut yen ajenge di­ukum.”


Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011
http://www.panjebarsemangat.co.id/

 kds penutup
wangsul-manginggil

Vadim Logofet Sberbankгазовые плиты выборникоса сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

    Jumlah Pengunjung

1105533
  Hari ini     :  Hari ini :1463
  Kemarin     :  Kemarin :2309
  Minggu ini   :  Minggu ini :3683
  Bulan ini   :  Bulan ini :57618
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6906
Online : 59

Kontak Admin.

email-kidemang