Rajapati ing Pereng Wilis (11)
|

IJANG Innova werna perak mlebu plataran. Komisaris Amongdenta, Setyawan, Palindriya dalah anggota pulisi sing isih keri ana teras kono padha nyawang tekane kendharaan karo nebak-nebak. Mandheg ora adoh karo kendharaan dhinese Amongdenta, supire mbukak lawang. Nom-noman gagah nganggo busana perlente lan sepaton ireng gilap, mudhun. Tekane ijen tanpa rowang. Priya iku katon bregas. Pawakane pidegsa, rambute klimis, brengose njlaprang tumata. Benike klambi sisih ndhuwur sajake sengaja dibledhehake amrih kalung emas sing naleni gulu sarta simbare dhadha sing ketel bisa kadulu dening liyan. Ora kathik uluk salam, priya iku tranyak-tranyak nyedhaki Palindriya tanpa maelu para pulisi sing isih pating cranguk ana teras kono. Sikepe ambeg ninggal suba sita, dhadhane mungal. Ambune parfume wangi nyogrok irunge para pulisi dalah Setyawan. Wangine parfum rega larang. “Kula ndherek asung belasungkawa, Pak,” kandhane priya mau karo ngrayuk tangane Palindriya sing isih ndlongop. Palindriya nampani tangane priya enom iku karo muni, “Kampana! Kowe rak angger Kampana ta?” “Leres Pak, menapa penjenengan pangling?” “Wadhuh anaku lanang, piye kabarmu? Wis pirang taun kowe ora dolan mrene?” Palindriya menyat kanthi adreng banjur ngrangkul tamune keket banget. Amongdenta lan Setyawan pandeng-pandengan. “Kampana Kertadirja, iki ta pawongane,” batine Setyawan. “Sampun sawatawis wekdal, Pak. Inggih amargi kesibukan ingkang mboten saged tinilar, kula kepeksa mboten saged sowan dhateng Widarakandhang,” kandhane Kampana karo isih ngrangkul pundhake Palindriya. “Slirane saiki manggon ana ngendi? Apa isih ndherek ingkang rama neng Kalangbret kana?” “Mboten Pak. Samenika kula manggen wonten Batu. Ajar bisnis alit-alitan. Bisnis buwah he he he… Kula sambi kalihan kuliyah. Keleresan sampun meh wisudha, dados wekdal kula omber.” “Kok krungu nek adhimu lagi kesusahan, sapa sing ngabari?” Kampana mesem. Anggone rerangkulan diuwali. Dhehem-dhehem sedhela banjur wangsulan, “Menika kalawau cariyosipun rak ngaten. Kula rak badhe manggihi kanca bisnisan wonten Kedhungwaru. Rikala saweg sarapan wonten Dhepot Bajang ing Jepun, mboten sengaja kula maos koran ingkang kasedhiyakaken dhepot. Kula kaget awit wonten wartos bilih calon garwanipun Dhik Sekarniti dipunprajaya tiyang. Pramila kula lajeng gegancangan minggah dhateng Widarakandhang saperlu nanjihaken perkawis menika sekaliyan atur bela sungkawa dhateng penjenengan dalah Dhik Sekarniti. Perkawis bisnis kepanggih wingking.” Palindriya nggresah. Ucape lirih, “Embuh, nasibe adhimu kok kaya ngene.” “Lelampahaning tiyang mila mboten saged kabadhe, Pak. Kita namung titah ingkang mboten saged selak saking garising pepesthen,” ujare Kampana karo unjal ambegan landhung, sajak melu ngrasakake panandhange sing duwe omah. “Bener. Ah, saupama biyen Sekarniti ora ndadak rewel…..” “Sampun, sampun. Sampun dipunenget-enget malih lelampahan ingkang sampun kawuri, mindhak ngemutaken ingkang mboten-mboten.” “Iya, Ngger. Eh piye, apa slirane wis palakrama? Wiskagungan putra pira?” Sing ditakoni mlengeh. Wangsulane, “Kula taksih piyambakan kok Pak, taksih dereng pajeng he he he… Oh inggih, lha samenika Dhik Sekarniti wonten pundi?” “Mbokmenawa lagi neng mburi. Kana jajal golekana!” Kampana banjur mblunus mlebu ngomah ditutake dening panyawange Amongdenta dalah Setyawan. Sapungkure Kampana, Amongdenta banjur nyaketi Palindriya. “Sapa pawongan kuwi, Pak?” “Oh, menika kalawau Kampana putranipun Pak Kertadirja. Pak Kertadirja menika mitra bisnis kula.” “Hm, nitik anggonmu caturan karo dheweke, sajake Kampana tau duwe sesambungan mirunggan karo kulawargamu.” Palindriya kecipuhan. Kandhane, “Waleh-waleh menapa, sejatosipun Kampana menika sampun nate kula jodhokaken kaliyan gendhuk Sekarniti. Nanging gendhuk mopo mboten purun nglampahi.” “Sampeyan ketinggalan jaman, Pak. Iki jaman modern, jaman maju. Jaman internet. Jamane facebook, twitter lan sapanunggalane.Wis dudu wayahe maneh njodhok-njodhokake anak. Kuna kuwi. Iya nek anakmu tresna, lha nek ora? Apa sampeyan ora mesakake marang kesiksane batine anakmu?” kandhane Amongdenta reka-reka tutur. “Kajeng kula badhe madosaken kamulyaning anak, ning jebul yoga kula mboten ulap dhateng bandha donya,” Palindriya mangsuli lirih. “Nah, kuwi tandhane yen kamulyan mono ora bisa dituku, ora bisa diukur nganggo akeh thithike bandha. Kaya piwulange para winasis lumantar tembang Asmarandana kae. Gegarane wong akrami dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane. Banjur dipungkasi nganggo tetembungan: tan kena tinambak arta. Tegese katresnan mono ora bisa diregani nganggo dhuwit.”
Palindriya ora tumanggap. Nanging ing teleng atine tuwuh pletiking geni pangarep-arep Sekarniti tinarbuka atine sawise ketemu maneh karo Kampana. Yen Sekarniti gelem nampa panglamare Darpita sing satemene ora ditresnani, geneya saiki dheweke ora gelem nampa sih tresnane Kampana? Apa maneh Risang, priya sing biyen njalari anake emoh dijodhokake karo Kampana,wistumekaning pati. Mula anggone Palindriya ngongkon Kampana nggoleki Sekarniti mau pamrihe supaya dheweke bisa sapejagong kanthi omber karo anake wadon. Sapa ngerti sawise ketemu maneh karo Kampana sikepe Sekarniti ora atos kaya sawatara taun kepungkur. Amongdenta wira-wiri karo mbanda tangan. Kala-kala sedhakep, ora suwe ngono banjur malangkerik. Sedhela-sedhela ndeleng arlojine kanthi goreh. Praupane sing maune bingar saiki katon butheg. Nyedhaki lungguhe Setyawan, Amongdenta celathu lirih, “Dhik, iki kari ngenteni Sarni lan Markani. Nek Sarni ngakoni menawa dheweke sing nyepakake gegaman marang Palindriya, berarti teoriku menawa Palindriya durjanane bener. Ning nek pranyata Markani sing mateni Darpita, berarti analisismu pratitis.” “Iya, Mas. Ning becike ditunggu wae dhisik apa sing mengko arep kedadeyan.” Lagi wae Setyawan mingkem, kesaru tekane Asmungi lan Darus sing nglarapake Sarni. Sarni dibonceng ana tengah. Tangane dikecrek memburi. Amongdenta mapag tekane andhahane loro iku karo srengen. “Ngapa ndadak diborgol barang? Ngene iki nek disawang uwong rak kurang prayoga.” “Ngapunten, Ndhan, piyambakipun badhe mlajar. Pramila kepeksa kula borgol,” wangsulane Asmungi. Sarni banjur digiring menyang teras, dilungguhake jejer Palindriya. Borgole diuculi. Setyawan menyat saka lungguhe. Mbisiki Komisaris Amongdenta karo mrecing-mrecing, “Mas, aku dakmenyang jedhing dhisik ya. Selak ora kuwat ngempet nguyuh.” “Wah, kowe ki kaya wong anyang-anyangen wae ta, Dhik. Angger neng kene kok mesthi beser ha ha ha…,” Amongdenta kepeksa ngguyu ndulu polatane Setyawan sing mrecang-mrecing katon lucu. Mungkur Setyawan, Amongdenta nggeret kursi menyang sangarepe Palindriya lan Sarni. Juari tanggap. Dheweke banjur njejeri komandhane karo ngetokake notes lan pulpen, siap nyathet keterangane Sarni sing dianggep wigati. “Pak Sarni, ganco iki duwekmu?” pitakone Amongdenta karo nuduhake ganco sing didadekake barang bukti. “Leres, Pak.” “Kok enggo apa ganco iki?” “Kangge dhangir siti kebon, wingking dalemipun Ndara Palindriya.” “Gancomu keri neng omah kene. Kok sengaja?” “Oh mboten Pak. Kula kesupen saestu. Kula saweg kemutan menawi ganco kula kentun sareng kala wingi bojo kula nyanjangi bilih wonten dhetektip ingkang tanglet-tanglet perkawis ganco kula menika.” “Wangsulanmu ngayawara! Endi ana jamake barang sing kulina dicekel kok keri ora krasa. Kowe aja waton mangsuli, aku dudu pulisi wingi sore. Anggere wani nggorohi aku, woo aja takon dosa kowe!” sereng wuwuse Amongdenta. Sarni ndhingkluk. Disentak komandhan pulisi, atine dadi cilik. Ujare lirih, “Sejatosipun ganco menika kula titipaken Tonah.” “Sapa Tonah kuwi?” “Semah kula.” “Kok titipne piye?” “Kalih dinten kepengker kula dhangir siti wingking griya niku. Saweg angsal sekedhok kaselak mendhungipun peteng sanget. Kula gegancangan wangsul awit teng nggriya saweg mepe kumbahan. Ganco lajeng kula pasrahaken bojo kula supados menawi mangke wangsul dipuncangking. Ning piyambakipun kesupen.” “Mengko dhisik, apa bojomu dadi rewange Pak Palindriya?” “Leres, Pak.” “Apa bener ngono Pak Palin?” Amongdenta genti nyawang Palindriya. Sing ditakoni manthuk. “Saiki bojomu neng ngendi?” “Kalawau pamit dhateng peken krempyeng ngandhap ngrika, blanja janganan kangge kaperluwanipun Ndara Palindriya lan Den Rara Sekarniti.” Amongdenta tumoleh marang Asmungi lan Darus. Prentahe mandhes, “Golekana Tonah, jaken mrene pisan. Dheweke uga seksi ing perkara iki!” “Siyap Ndhan!”.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |