Rajapati ing Pereng Wilis (12)
|

RA suwe kaceke karo lungane Asmungi lan Darus, Murji teka ngirid Markani dalah sing wadon. Ing mburine Murji, Asro nuntun sepedhah motor sing rodhane nggedabel lendhut. Clanane Asro diwingkis sakentol. Sandhale, sing uga nggedabel lendhut, dicangking tangan kiwa karo nyekeli stir. Sumurup Komisaris Amongdenta wis ngranti tekane ana teras, Markani ngedhap. Raine ditekuk, ora wani adu pandeng karo komandhan pulisi kecamatan kuwi. Amongdenta gedheg-gedheg. Markani lan sing wadon banjur dilungguhake kursi kothong ing sisih kiwane Sarni. “Pak Markani, kowe sik kelingan aku?” pitakone Amongdenta anteb,wisora nganggo basan-binasan kaya nalika sapejagong wingi esuk. “Taksih, Pak,” wangsulane Markani seret karo tetep ndhingkluk. Drijine sikil uwik ana sandhal jepit tepos kang dipidak. “Ngerti kowe dakundang mrene?” “Ngertos Pak, sambet kaliyan kasus rajapejah kalih dinten kepengker.” “Nah, gene ki ngerti. Nek ngono saiki persojoa ae, aja ndadak mukir. Ora usah main sandiwara kaya wingi. Akonana wae, rak kowe ta jan-jane sing mateni Darpita? Kok gebug sirahe nganggo pikulanmu?” Markani kaget. Dheweke tumenga nyawang Amongdenta, lambene njuwowos. Ucape kedher, “Sanes kula ingkang mejahi, Pak! Sumpah sanes kula,” wangsulane groyok. “Leres Pak, sanes semah kula sing mejahi,” bojone Markani nrambul rembug, mripate wiwit prembeng-prembeng. Amongdenta nggedrug jubin. Markani sabojone, Palindriya dalah Sarni njumbul kaget. Nanging alon-alon sirahe wong-wong mau banjur tumungkul maneh. Ora ana sing wani cemuwit, swasana sakala dadi tidhem. “Kowe aja nyaru omonganku dhisik, Mbok! Sebab kowe uga daksujanani kembet jroning tiwase Darpita. Heh Markani, kowe aja selak. Nek kowe nggorohi pulisi sing lagi nglarah kasus, ukumanmu abot. Ning nek kowe gelem bares, mbokmenawa ukumanmu bakal luwih entheng,” celathune Amongdenta bantas. Markani ngulu idu. Gorokane garing. Awake kemringet najan hawa ing lengkeh gunung kono isih krasa adhem. “Saestu pak pulisi, dede kula ingkang mrejaya tiyang niku. Mbok samber gelap ta nek kula goroh.” “Yoh, ora apa-apa nek kowe selak. Ning yen anggonku golek sisik melik iki mengko kasil nemokake bukti kuwat nek satemene sing mateni Darpita iku kowe, woo aja takon dosa. Kowe sabojomu bakal kapatrapan pidana pati, sebab perkara tiwase Darpita iki dakanggep kasus rajapati kang rinancang.” Bojone markani mingseg-mingseg. Tangane nggoyog-hoyog pupune sing lanang karo ngucap, “Wis Pake, ngaku ae timbang awake dhewe mengko diukum mati. Omonga sing sanyatane!” Markani unjal ambegan landhung. Kandhane lirih, “Pak pulisi, estu kula mboten mejahi tiyang niku. Dospundi anggen kula mejahi wong pas jawah deres sonten nika kula saweg enten nggriya kalihan make lare-lare niki. Seksine putu kula jaler si Sokib. Sokib niku kawit cilik kula emong. Ning kula akeni bilih ingkang mendhet yatra dalah arlojinipun kurban pancen kula.” “Geneya kok jupuk? Tumindakmu iku klebu kriminal, ngerti?!” panyentake Amongdenta. Markani saya mengkeret. Ujare, “Kula melik dhateng bandhanipun kurban, sebab gesang kula sedinten-dintenipun tansah kekirangan. Nalika manggihaken jisim gumlethak, semah kula girap-girap. Saking ajrihipun, sukunipun semah kula ngantos lemes dhimpes mboten saged kangge mlampah. Piyambakipun lajeng kula junjung nebih, kersanipun sareh lan mulihaken tenaga.” Markani meneng sedhela. Sawise pikirane rada tumata dheweke banjur mbacutake anggone crita: “Kula ingkang nyepeng oncor lajeng wangsul malih nyelaki jisimipun kurban. Kula coloki, eh sumerep dhompetipun kurban gumlethak watawis sameter saking jisim. Dhompetipun saking kulit, warnanipun cemeng. Dhompet lajeng kula pendhet. Sareng kula bikak, pranyata isinipun yatra tigangatus ewu taksih teles kebes kenging toya jawah. Yatrane kula kuras, dhompetipun kula tilar. Arlojinipun kurban ugi kula lucuti. Petang kula, kanthi yatra tigangatus menika kula saget leyeh-leyeh teng nggriya sepasar, mboten perlu rekaos luru rencek lan mikul kajeng dhateng peken. Sasampunipun mendhet barang-barangipun kurban, kula lajeng gigah-gigah Pak Palindriya menika. ” “Njur kok gawe tuku apa wae dhuwit kuwi?Wiskok nggo nempur beras barang pa?” “Oh, dereng kula ginakaken blas. Mbok ciker ta nek kula goroh. Yatranipun taksih wutuh gletuh. Lha niki napa,” ujare Markani karo rogoh-rogoh sak clana. Nglolos dhuwit eketen ewon nenem sarta arloji diwenehake marang Amongdenta. Kanthi masrahake dhuwit lan arlojine Darpita marang pulisi, Markani duwe pengarep-arep uwal saka paukuman abot. Amongdenta ngongkon Juari nampani barang-barang mau. “Nek ngono kowewisnggorohi aku, nggorohi penegak hukum. Awit nalika daktakoni wingi lagakmu kaya wong ora duwe dosa. Kowe malah nangis-nangis barang. Merga atiku welas, kowe daksangoni rongpuluh ewu. Huh, trembelane tenan kowe kuwi,” Amondenta muring merga rumangsa dibodhoni dening Markani lan sing wadon. Markani saya ora duwe getih.
Nengah-nengahi Amondenta muntab kesaru tekane Ngisom lan Royan, pulisi reserse kang sekawit entuk prentah nggoleki Markani menyang pasar kecamatan. Bubar njagang montore ana plataran, Ngisom kusung-kusung marani Amondenta. Aweh kurmat, banjur matur. “Lapur Ndhan, Markani dalah semahipun seg mboten sadeyan wonten peken. Kula sampun nruthuli dhateng para bakul, ning sedaya sami matur menawi dinten menika Markani mboten kesah dhateng peken. Malah bedhagipun ugi kothong. Kula sanggong ngantos siyang niki ugi mboten ketingal. Ateges pancen saestu bilih dinten menika Markani mboten sadeyan. Kejawi saking menika…..” “Cukup. Wonge wis neng kene, goblog!” “Oh, siyap Ndhan,” Ngisom plonga-plongo. “Ju, wong papat iki gawanen menyang markas ben dipriksa penyidhik! Tumpakna dadi siji neng Kijang,” Amongdenta aweh prentah marang Juari. “Lajeng Tonah kados pundi, Ndhan? Menapa mboten prayogi dipuntengga langkung rumiyin?” Amongdenta meneng sedhela sajak nenimbang. Nanging wusanane, “Tonah digawa keri wae. Wong ya Asro karo Murji durung teka ngene.” Juari sumanggem. Dheweke nuli mrentah Palindriya, Sarni, Markani sarta bojone supaya munggah menyang bake Kijang. Nanging durung nganti wong-wong mau menyat saka kursine dumadakan…. “Tuluung….tuluung….ya Allah tuluuungg…!!” “Swara apa kae?” Amongdenta niling-nilingake. “Nika swantenipun yoga kula, swantenipun gendhuk Sekarniti!” ujare Palindriya semu kuwatir. Amongdenta agahan mencolot tumuju asale swara panjerit ditutwuri Palindriya. Lakune kesusu-susu liwat njero omah. Sawatara pulisi sing isih keri ana teras uga melu gumrudug menyang mburi. Sarni, Markani lan Tumini tolah-toleh merga ditinggal gledhag ana teras. Tekan mburi omah, Palindriya kaget nyumurupi Kampana kapidhara ana sacedhake blumbang. Raine gudras getih. Wondene Sekarniti ndhodhok ing poke wit jambu karo tawan-tawan tangis. Lengen kekarone ditutupake dhadha, kaya patrape wong lagi kadhemen. Sumurup bapake nyusul memburi, Sekarniti gageyan menyat lan mlayu nggapyuk. “Aku wedi, Pak…..aku wedi…,” sambate karo gidro-gidro. Sirahe didhusel-dhuselake ana dhadhane Palindriya. Sikile nggedrug-nggedrug lemah. “Sareh…sareh…, iki maeng piye ta? Enek apa?” Palindriya dadi melu gupuh. “Aku wediii…. Pokoke aku emoh…huu huu..” “Kosik ta….kowe ki wedi karo sapa? Mbok sing cetha ta nek kandha,” Palindriya ngerih-erih Sekarniti. Nanging wanita kuwi terus nangis karo gidro-gidro. Amongdenta ora maelu Sekarniti. Dheweke gage mrepegi anggane Kampana kang asawang layon. Didemek lengene, isih anget. Nalika digrayang dhadhane, Amongdenta kaget semu was-was. Dheweke ora ngrasakake keteg jantunge nom-noman gagah iku. “Dheweke isih urip, Mas. Prayogane enggal digawa menyang kamar kana lan cepet diupakara ben ora kasep!” Amongdenta tumoleh marang pawongan sing mentas nyuwara. “Lho, Dhik Setyawan! Jarene kowe mau pamit nguyuh, ning kok suwe banget ta?” “Wis Mas, saiki dudu wancine ngrembug perkara nguyuh. Singbakuwong iki enggal ditulungi amrih nyawane ora bablas tinjo akhirat.” “Terus Kampana iki maeng geneya kok njur semaput kanthi kahanan gudras getih kaya ngene?” “Mengko aku dakmatur. Sing wigati Kampana iki kudu cepet diupakara ben ora kedrawasan.” “Dhuuh…masalah kok ora entek-entek. He cah, gotongen wong iki. Gawanen menyang kamar ruwang tengah kana!” Amongdenta mrentah andhahane. Tumoleh marang Palindriya banjur, “Pak Palindriya, rak ora kabotan ta nek kamarmu daksilih kanggo ngupakara Kampana?” “Oh mboten, babar pisan mboten.” Anggane Kampana banjur digotong pulisi papat tumuju senthong ruwang tengah. Kabeh uga banjur ngetutake mlebu ngomah. Sekarniti isih nggujeri kenceng lengene bapake karo nangis. “Ora suwe maneh, Mas,” Setyawan sing mlaku iring-iringan karo Amondenta bisik-bisik. “Apane sing ora suwe maneh, Dhik?” Amongdenta ngendhegake jangkahe. Mripate mandeng tajem marang Setyawan. “Durjanane, durjanane wis ketemu!”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |