Rajapati ing Pereng Wilis (13)
|

AWISE kandha marang Amongdenta yen arep menyang pekiwan, Dhetektip Setyawan banjur mlebu ngomah. Nyabrangi ruwang tamu kang bawera banjur anjog ana ruwang tengah. Swasana ing ruwang tengah iku isih krasa singup, kaya dhek nalika dileboni wingi esuk. Setyawan ora bablas menyang jedhing, nanging mindhik-mindhik nyaketi kamar nomer loro ing iring tengen, kamare Sekarniti. Kupinge dipepetake lawang, nanging dheweke ora krungu swara apa-apa. Alon-alon lawang iku dithothog, ewadene ora ana tanggapan saka njaro. Tangane Setyawan banjur ngranggeh selot lan diputer kanthi ngati-ati amrih ora nuwuhake swara. Jeklek, lawang kamare Sekarniti menga. Senthong iku suwung, mung gandane wewangen kamar sing mapag irunge Setyawan. Kamare Sekarniti amba, dhipane gedhe. Ginawe saka kayu jati mawa ukiran ngrungit nggon perangan sirah. Spreine kasur werna jambon mawa corak kembang-kembang, jumbuh karo rupane sawale bantal lan guling. Sok mengkonowa ora tinemu barang mbejaji ing njero kamar kuwi kejaba lemari, kursi cilik lan meja riyas mawa pengilon lonjong endhog. Setyawan jumangkah mlebu. Sing diparani dhisik meja paes. Ana kothak cilik wadhahe piranti ngadi sarira tumumpang ana kono. Setyawan banjur ngorak-arik isining kothak riyas iku kaya lagi nggoleki sawijining barang. Merga ora nemokake apa sing digoleki, Setyawan ganti maspadakake panggonan liya. Sikile jumangkah marani lemari. Lawange dibukak, engsele nyuwara kemriyet. Jebul iku lemari gantung. Isine sandhangane Sekarniti. Gandane kapur barus nduleg irung. Ing rak ndhuwur, Setyawan sumurup kapsul winadhahan cupu plastik. Mripate ngriyip. Cupu iku nuli dijupuk banjur diiling-ilingi isine. Karo ngliling cupu bathuke Setyawan njeruk purut ketara yen lagi mikir. Wekasane cupu iku diblesegake menyang sake jaket. Sawise ngenep lemari, Setyawan metu saka kamar. Ora lali lawang kamar iku ditutup rapet kaya sekawit. Setyawan banjur jumangkah tumuju pawon liwat lawang iring tengen. Pranyata pawone uga sepi. Tonah, sing jam yahmono wingiwiscethik geni ngecom wedang, esuk iki durung katon irunge. Nanging lamat-lamat kupinge Setyawan nangkep swarane wong caturan saka mburi omah. Swarane ora pati banter nanging keprungu nggekeng, kaya wong kang lagi udur-uduran. Setyawan age-age nylingker menyang samburine lawang butulan, lawang kang ngubungake antarane pawon karo pekarangan mburi. Saka saselane lawang, dhetektip iku banjur inceng-inceng menjaba. Dheweke sumurup Kampana lagi caturan serius klawan Sekarniti ing sapinggire blumbang. Anggone caturan karo ngadeg. Nadyan ora nganti bengok-bengok nanging Setyawan ngerti yen wong loro mauwisjroning tataran setengah padu. “Niti, Risangwismati. Darpita, calon bojomu uga tiwas. Yagene kowe panggah ora gelemnampasihing tresnaku? Delengen, uripku saikiwismapan. Aku bisa nyuwargakne uripmu. Nek aku kok tampik, terus wong lanang piye sing arep kok goleki, Sekarniti?” Kampana ndheseg. “Aku ora tresna karo kowe!,” wangsulane Sekarniti sengol karo mlengos ngungkurake Kampana. “Ah, tresna,” Kampana ngguyu ngece. “Tresna bisa thukul sinambi mlaku, Niti.” “Tumrapku ora ngono, sebab wong bebojowan tanpa linandhesan tresna, batine bakal kesiksa. Uripe garing, kaya iwak kasatan banyu.” “Kuwi teorine, wong ayu. Prakteke, saben wanita mesthi butuh materi. Apa wong rabi mono mung arep mangan tresna? Kowe wis diwasa Niti, ora samesthine nduweni panemu sing ciyut kaya ngono. Panemu sing kaya ngono kuwi pantese mung kanggo prawan-prawan sumengit sing lagi dicedhaki jaka. Kowe mbok aja kebangeten ta, Niti. Kene ta nyedhaka mrene, mosok diparani adoh-adoh kok trima diwenehi geger,” celathune Kampana. Tangane kumlawe ngranggeh ugel-ugele Sekarniti nanging dikipatake. “Kampana, kowe aja kurang ajar!” wuwuse Sekarniti sereng. Mripate ladak. Nanging sing disentak mung cengar-cengir. “Sekarniti, apa kowe ora rumangsa nek seprana-seprene dakkangeni? Patang taun lho, Niti. Patang taun lawase pangrasa iku dakampet. Anggere kowe galak ngono kuwi aku malah saya gumreget lho,” Kampana saya nggrathil. Tangane megar nedya ngrayuk bangkekane Sekarniti.
Wanita iku nggiwar, karepe arep mlayu. Nanging jangkahe Sekarniti kepengkok blumbang. Dheweke kepepet. Bangkekane kang nawon kemit kasil diasut lan disikep kenceng saka mburi. Kampana ngambungi rambute Sekarniti kanthi adreng. Sekarniti bekah-bekuh. Sikile kroncalan nyepak-nyepak memburi, tangane nyoba mrengkang lengene Kampana sing nggubet wetenge. “Uh, kowe aja ugal-ugalan. Culna tanganmu! Aku njerit lho….” “Njerita nek kepengin kewirangan. Neng ngarep kana akeh pulisi. Nek kowe njerit wong-wong kae bakal mara mrene. Nanging aku ora wedi sebab bapakmu wis menehi palilah marang aku supaya nambal atine anake sing mentas ditinggal mati dening calon bojone. Ngertiya,wisora ana maneh sing bisa mepalangi anggonku darbe karep mengku kowe, Niti. Sebab calon bojomu wis dak untabake menyang akherat!” “Hah! Yen ngono kowe durjanane?” “Yen iya kowe arep ngapa,” swarane Kampana ing antarane ambegane sing ngos-ngosan. Panyikepe saya kenceng. Pupune diuseg-usegake menyang pupune Sekarniti, tangane grayang-grayang. Setyawan sing nyawang saparipolahe Kampana saka walike lawang pawon meh wae tumandang nalika dumadakan lawang gubug papan cumondhoke Jana kemriyet menga. Pawongan cacad iku mlaku rikat kecincug-kencingcug. Tangane kiwa ngempit kruk, dene sing tengen nyekel penthung awangun gilig. Setyawan kaget. Tangane Jana sing wingi katon keple kuwi jebul isih bisa kanggo nggawa penthung kanthirosa. Tanpa angkan-angkan penthunge Jana sumiyut ngepruk pilingane Kampana sing wis kapanjingan iblis iku sakayange. Kampana njerit kelaran. Pangrukete uwal. Saka sirahe nom-noman bregas iku ndlewer getih waras. Panone sumrepet. Kampana nyoba nggoleki pawongan sing mentas menthung mau nanging sirahe krasa nggliyeng. Kaya wong setanen, Jana terus nggebug-nggebugake penthunge menyang sirahe Kampana tanpa mandheg. Raine Kampana sasat adus getih. Tangane Kampana sraweyan nangkis penthunge Jana sabisane. Nanging tanpa guna, penthung kuwi terus nitir sirahe Kampana. Kampana gloyoran, pandulune saya klemun-klemun. Bareng Kampana ambruk tanpa daya, pangamuke Jana lagi leren. Ujug-ujug Jana nglukar sandhangan gedhomboran sing sasuwene iki kanggo nyingidake rupaning rai. Setyawan sumlengeren. Praupane Jana rusak banget. Mripate cumplung sesisih, irunge gruwung, lambene sisih ndhuwur gripis, untune njepat, rambute gundhul brul. Kulit sirah engga dhadha nglongkop, kaya tilase tatu kobong. Rupane nggegilani. Pawongan iku luwih trep disebut monster tinimbang manungsa. Jana nyingkap sandhangane nggon perangan weteng banjur dipepetake menyang mripate Kampana sing wisketutupan getih. Kampana njola pindha weruh blegere banaspati. Tangane tuding-tuding raine Jana, nanging cangkeme angel kanggo mbengok. “Kek…kok…kowe….oh….” Bres! Sepisan maneh penthunge Jana sumiyut ngantem raine Kampana sarosane. Nom-noman perlente iku ora obah. Jana banjur kecincug-kecincug bali mlebu gubug. Karo mlaku dheweke isih kober ngelapi getihe Kampana kang nyiprati tangan lan awake. Bareng Jana wis diuntal lawange gubug, Sekarniti sing ndhodhok kamiweden ana sangisore wit jambu kaya ginugah. Sanalika dheweke njerit. “Tuluung….tuluung….ya Allah tuluuungg…!!” Ora let suwe keprungu swara gumrudug saka ngarep. Setyawan, sing sejatine ora kebelet nguyuh, tetep ngadeg ana mburi lawang. Amongdenta lan Palindriya teka disusul anggota pulisi nenem. Wong-wong mau ora nggatekake Setyawan kang amping-ampingan lawang pawon. Setyawan banjur marani Amongdenta sing jengkeng lan nggrayangi dhadhane Kampana. *** Anggane Kampana diturokake ana kamare Palindriya. Dheweke isih semaput. Amongdenta banjur matah salah sijine andhahan kinen nyusul dokter menyang Puskesmas. Mbaka siji wong-wong sing sekawit ngrubung Kampana ing kamare Palindriya kono banjur metu lan bali menyang teras, klebu Amongdenta lan Setyawan. Palindriya dhewe wekasane uga nyusul menyang emper sawise Kampana katon anteng lan tumata ambegane. Wondene Sekarniti wis ndhisiki mlayu mlebu kamare dhewe lan dikunci saka njero. “Piye Dhik, terus sapa durjanane? Palindriya, Markani apa Sarni?” pitakone Amongdenta ora sabar. “Sareh, Mas. Sadurunge mangsuli pitakon penjenengan aku ganti takon luwih dhisik. Apa aku isih dikanggokake ing kasus iki?” “Lho, ya isih ta.” “Mas Among isih percaya aku?” “Geneya kowe ndadak takon ngono barang? Aku sik percaya karo kowe, Dhik.” “Nek ngono ngutusa sawatara anak buwah penjenengan kanggo nangkep Jana alias Risang Ragutama. Dheweke durjana sing merjaya Darpita lan sing mentas munasika Kampana!” Amongdenta kaget, Palindriya njondhil. Juari pandeng-pandengan karo Loso. “Piye ta Dhik? Jana eh Risang iku sapa?” Amongdenta bingung. “Dheweke rewa-rewa dadi abdine Pak Palindriya. Manggone neng gudhang abragan mburi omah kana. Mengko wae tak genahne. Saiki sing baku penjenengan utusan anggota luwih ka loro kanggo ngrangket Jana. Awit nadyan cacad ning dheweke iku mbebayani. Tenagane isihrosa!” Karo isih setengah bingung Amongdenta mrentah Juari, Loso, Asro lan Murji supaya nangkep Jana. Ora kaya sing dibayangake Setyawan, nalika dicekel Jana ora niyat bangga. Dheweke pasrah bongkokan.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |