Rajapati ing Pereng Wilis (14)
|

RENGENGE manjer sagenter nalika kendharaane Setyawan menggok menyang platarane Markas Kapulisen Sektor Sendhang. Sawise njagang sepedhah motore ana nggon parkiran, priya pakulitan pucet kuwi banjur jumangkah tumuju kantor. Weruh kledhange Dhetektip Setyawan, pulisi piket cacah loro agahan ngadeg. Pulisi-pulisi iku isih enom banget, umur-umurane sangisore umure Setyawan. Mbokmenawa lelorone iku mentas lulus pendhidhikan banjur dimagangake ing kantor pulisi kecamatan kono. “Sampun dipuntengga komandhan, Mas. Mangga langsung kemawon,” ujare salah sijine pulisi jaga iku semanak lan trapsila. “Maturnuwun,” wangsulane Setyawan karo mesem. Setyawan bablas marani ruwangane Komisaris Amongdenta. Ruwang kerjane Amongdenta tutupan. Sawise nothog kaping pindho, Setyawan banjur nduwa lawange. Weruh Setyawan mecungul, Amongdenta sing lagi ketungkul neken tumpukan berkas mlengeh amba. Dheweke agahan ngadeg lan gita-gita mapag tamune. “Lhaa….iki apa sing dakantu-antu. Mangga Dhik, kene lenggah kene! Piye, rak ya padha waras ta?” pambagene Amongdenta karo ngathungake tangan ngajak salaman. “Pangestune Mas Amongdenta, aku sehat-sehat ae,” wangsulane Setyawan nampani tangane Amongdenta. “Pengin ngunjuk apa? Kopi, teh, wedang jahe apa jeruk anget?” “Walah, kok nganti kaya tamu agung wae ndadak ditari werna-werna. Teh anget ae, Mas.” “Oke. Entenana sedhela.” Amongdenta banjur mijet tombole piranti elektronik saemper remote control kang gumlethak ana mejane. Ora let suwe pulisi nom-noman ajudane Amongdenta marak kanthi gita-gita. “Siyap Ndhan, wonten dhawuh?” “Pur, pesena teh anget loro menyang kantin. Karo gorengan apa ta apa kono. Tape goreng, ote-ote utawa gedhang goreng ya kena!” “Siyap!” Setyawan kober namatake ruwang kerjane Amongdenta. Ruwangane ora sapiraa jembar nanging tumata. Isen-isene ruwangan saupleg iku mung meja kerjane Amongdenta, kursi sudhut rupa ijo enom lan lemari kaca isi buku. Ora gantalan suwe pesenane Amongdenta teka, diladekake dening ibu sing dodol ana kantin. Teh anget rong gelas sarta tape goreng sing uga isih manget-manget. Pas kanggo ngganjel weteng ing swasana esuk kang isih adhem. “Piye Mas, ana parigawe apa dene penjenengan nimbali aku? Apa ana kasus maneh?” pitakone Setyawan sawise anggone padha abang-abang lambe lan anggone ngrahabi suguhan dianggep cukup. Amongdenta mesem karo gedheg. Sawise nyruput wedange, perwira pulisi sing nyandhang pangkat melathi siji iku celathu, “Dongakna aja nganti ana rajapati maneh, wong sing wingi wae wis marahi sirahku puyeng kok. Tujune kowe bisa mbiyantu ngudhari wewadining rajapati kae, saengga durjanane bisa dirangket ing wektu kurang saka 48 jam. Ngene Dhik, anane kowe dakundang mrene iki merga terus terang aku isih penasaran. Piye caramu nemtokake yen Jana ya Risang Ragutama kae durjana sing merjaya Darpita?” Setyawan meneng sedhela. Banjur, “Sejatine rumit mas. Ning rahayune Gusti nuntun aku kanggo nemokake durjanane.” “Coba critakna purwa, madya lan wusanane ben aku mudheng.” “Cumondhoke pawongan cacad sing ngaku aran Jana neng daleme Pak Palindriya wiwit mula wis narik kawigatenku. Ketambahan anane crita saka penjenengan bab kumarane Rebeca Naurin sing jarene klambrangan neng gedhong bongkor tilase pabrik teh. Manut katrangane Tonah, Jana cumondhok ana Widarakandhang wiwit setaun sadurunge rajapati kuwi kedadeyan. Lan manut ngendikane Mas Among, gothek bab kumarane Naurin sing klambrangan uga rame setaun pungkasan iki. Dudutanku, Jana lan kumara klambrangan iku mesthi ana hubungane.” “Wah, kowe kok malah ngrembug masalah dhemit iku maneh ta Dhik.” “Tengah wengi, ngepasi rembulan purnamasidi aku nekad mlebu menyang gedhong kuna kuwi.” “Heh, edan kowe Dhik! Terus piye?” “Swara tangis tengah wengi sing dikojahake wong-wong kae ora ngayawara. Tegese swara tangis iku pancen ana tenan. Aku mrangguli dhewe!” “Wah…wah…sembrana kowe Dhik. Apa kowe ora wedi nek ditekak dhemite Rebeca?” Amongdenta gedheg-gedheg. “He he he…sing nangis neng njero gedhong kuna kuwi dudu dhemit, Mas. Ning ya Risang Ragutama alias Jana kuwi.” “Lho, dadi…?”
“Bener. Saploke anggane rusak, Risang sedhih banget. Dheweke kaya-kaya ora bisa nrima kahanane sing sekawit manungsa normal banjur malih dadi cacad kaya ngono. Ora mung cacad, anggane Risang uga rusak. Uripe prasasat tanpa guna, pangarep-arepe pepes. Mula kanggo nyuntak panandhange ati, dheweke asring nangis ijen neng njero gubuge utawa neng gedhong bongkor. Mbokmenawa nek ora ana sing diboti neng donya iki, Risangwisnglalu wingi-wingi.” “Oo, ya ya mudheng aku saiki. Dheweke ngeboti Sekarniti, katresnane kuwi ta?” “Bener Mas. Nadyan anggane wis rusak kaya ngono, Risang isih tansah kepengin cecaketan karo Sekarniti. Ning ya kuwi, dheweke mung bisa nyawang nanging ora bisa nyandhing. Saking tresnane, Risang ora rila nek Sekarniti nganti dipek dening wong lanang liya. Mula dheweke banjur nekad mrejaya Darpita amrih pegawe pajeg kuwi ora sida ngrabi Sekarniti. Malah upama ora enggal ketulungan, nasibe Kampana bisa uga padha karo nasibe Darpita.” “Mengko dhisik, piye anggonmu nemtokake menawa setan ing gedhong kuna kuwi sejatine Risang?” “Awane, ya nalika penjenengan tindak merga ditimbali Kapolres kae, aku kongkonan Sekarniti menehake kapsul marang Jana. Kapsule winadhahan cupu. Syarate anggone menehake kapsul mau kudu wanci tengah wengi, ngepasi rembulan purnama sidi. Sekarniti gelem. Nanging nalika bengine Sekarniti mara tenan, gubuge Jana pinuju suwung. Rehne sing digoleki ora ana, Sekarniti arep bali mlebu ngomah. Ning wurung merga dheweke krungu swarane wong caturan lanang wadon neng kebon mburi. Bareng didingkik jebul iku swarana Pak Palin karo Tonah.” “Kok gubuge Jana suwung? Menyang ngendi dheweke wektu kuwi?” “Aku mau rak wis matur, pendhak rembulan purnasidi dheweke ajeg menyang gedhong bongkor saperlu nyuntak panandhange, nangisi uripe sing kaningaya. Geneya milih gedhong bongkor? Awit neng kono Jana bisa nangis sakatoge utawa mbegok sakayange, ora samar dirungu wong liya. Upamaa ana sing krungu, mesthi ora wani nyedhak merga gedhong rusak iku kawentar angker. Nah, wengi kuwi Sekarniti wurung ketemu Jana merga dheweke pancen lagi neng gedhong kuna.” “Kowe kok ngerti nek kapsulmu durung diwenehake marang Jana?” “Wektu aku pamit arep pipis kae, aku kober nggledhah kamare Sekarniti nggoleki kapsul pawewehku. Tetela kapsule isih wutuh. Ateges pancen durung diwenehake marang Jana tenan. Mula dudutanku saya kuwat nek Jana iku satemene ya pawongan sing daktemoni nalika ana gedhong kuna.” “Jan-jane obat apa ta sing kok wenehake marang Sekarniti kuwi, Dhik?” “Marang Sekarniti aku kandha menawa kapsul kuwi obat ajaib sing mujarab banget. Lire nek anggone menehake wanci tengah wengi kebener purnamsidi, bakal ndayani pawongan sing nandhang cacad bisa bali bregas maneh. Ning sejatine kuwi ya mung kapsul obat flu biasa anggonku tuku neng apotik Kediri kana.” “Kok kowe yakin nek Risang durung mati. Mangka dheweke wis dinyatakake tinggal donya merga kacilakan rong taun kepungkur,” Amongdenta isih penasaran. “Ngene, nalika aku entuk klipingane Warta Bawana saka Sekarniti ngenani pawarta kacilakan neng Selareja, aku banjur mara menyang kantor perwakilane koran kuwi. Kantor birone mapan ana kutha Tulungagung kana, cedhak karo stadion Rejoagung. Kebeneran aku tepung becik karo Satrugna, kepala birone. Dheweke kuwi mitra raketku, adhik kelasku neng SMP. Aku banjur mbiyaki arsipe Warta Bawana, nggoleki bacute pawarta neng klipingan kuwi ing edisi tanggal 23 Juli 2008. Jebul ing edisi candhake mau ana pawarta yen kulawargane Risangwis ikhlasnampa kanyatan. Mula kunarpa sing kobong mau banjur digawa mulih tanpa ndadak ngenteni diotopsi luwih dhisik. Dhoktere ngidini. Pulisine ya ora kabotan yen jisim sing wis pereng iku dijupuk dening kulawargane. Ning ing koran mau aku uga nemokake berita yen mbeneri dina kuwi ana bocah lapur menyang Polsek Ngantang merga kelangan bapake. Arane bapake sing ora mulih mau Salamun. Beritane mung sakolom cilik, ning narik kawigatenku. Aku sujana aja-aja sing dinyatakake tiwas jroning kacilakan mau dudu Risang, nanging si Salamun iki.” Amongdenta manggut-manggut. Batine ngalembana marang setitine Setyawan. Dumadakan Amongdenta ndengegek, kaya eling marang sawijining bab. “Lho, Satrugna iku rak klebu rombongane wartawan sing munggah menyang Widarakandhang nalika ana rajapati kae ta? Aku ya tepung kok karo bocah kuwi wong kalamangsane sok jebas-jebus golek berita nganti tekan kene barang. Nek ngono apa kowe sing aweh kabar marang dheweke, Dhik?” Setyawan mlengeh. “Bener, Mas. Sadurunge munggah menyang Widarakandhang subuh kae, aku pancen kober nge-sem es Satrugna. Dheweke dakakon ngajak kanca-kancane ngliput rajapati neng Widarakandhang.” “Oo… pantes wae wartawan-wartawan mau padha gumrudug munggah lha wong jebule wis kok kabari ngono, Dhik.” “Kuwi klebu strategiku kanggo ngudhari wewadine rajapati, Mas. Nek pawarta rajapati mau di-blow-up dening media massa, paraga sing duwe kepentingan klawan kasus kasebut mesthi bakal kepancing munggah menyang pereng Wilis. Nyatane pethekku ora mleset.” “Sapa paraga sing kok karepake?” “Sapa maneh yen dudu Kampana.”
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |