Rajapati ing Pereng Wilis (15)
|


O… saiki aku kelingan. Esuk kae sadurunge Kampana teka, daksawang kowe bola-bali nginguk arlojimu wae. Jebul pancen ana sing kokantu-antu ta, Dhik?” “Wektu kuwi sejatine aku rada panik, Mas. Awit pawitanku ya mung spekulasi adhedhasar berita-berita sing, aku yakin,wisdipacak mediamassa. Saupama Kampana ora kepancing munggah menyang Widarakandhang, mbokmenawa anggonku miyak wewadining rajapati iki bakal cabar. Mula tekane Kampana menyang omahe Palindriya njalari keyakinanku nek rajapati iku ana sambung rapete karo perkara asmara saya kandel. Sing maune mung seket persen dadi satus persen.” “Nek ngono wiwit mula kowe wis nyujanani Jana?” “Bener Mas. Dheweke siji-sijine pawongan sing daksujanani.” “Ning yagene kowe uga ndadak nyujanani Markani minangka pawongan sing merjaya Darpita?” “Satemene Markani ora klebu pawongan sing daksujanani, Mas. Anane aku setengah mrentah Mas Amongdenta supaya utusan ngrangket Markani kuwi sejatine mung dhapur kanggo ngulur wektu wae.” “Lho, ngulur wektu piye?” “Rikala teka neng daleme Pak Palindriya ing dina kapindho, aku sumurup Mas Amongdentawisngrangket Pak Palin daya-daya arep digawa menyang markas. Aku gupuh banget, sebab nek nganti pulisi wis lunga saka omahe Pak Palindriya njur pawongan sing dakantu-antu mau teka tenan, aku rak wis ora duwe bala. Upama mengkone ana apa-apa njur sapa sing arep ngrewangi aku? Mula kekarepane Mas Among nggawa Pak Palin lan Sarni menyang markas dak candhet luwih dhisik kanthi rewa-rewa aku sujana marang Markani. Ning nyatane Markani rak ya kesangkut jroning kasus iki pisan ta mas, nadyan pasal pidana sing dienggo njiret dheweke beda karo Risang?” “Weh..weh…lantip tenan kowe, Dhik. Terus apa sing njalari kowe tambah yakin nek sing singidan ing walike sandhangan sarwa gedhomboran kae sejatine Risang Ragutama kang sesinglon kanthi aran Jana?” “Jan-jane ora sengaja, Mas. Sawise nggebugi Kampana nganggo penthunge, Jana banjur nyilakake penganggone pernah nggon weteng. Wetenge Jana terus dipepetake menyang mripate Kampana kang wis lempe-lempe tanpa daya. Kampana ketara kaget banget. Miturut pandugaku, kagete Kampana mau ora kok merga dheweke wedi karo raine Jana sing pancen medeni, ning merga weruh tandha mirunggan neng wetenge Jana. Lan tandha mau wis nate diweruhi dening Kampana. Jebul temenan, neng wetenge Jana iku ana toh gedhe bunder ngluwengi wudel. Toh iku isih cetha sinawang sebab kulite Risang sing nglongkop tatu kobong iku rak mung perangan sirah engga dhadha. Mula Kampana kaget kepati awit pawongan sing sasuwene iki wis dianggep mati pranyata isih meger-meger.” “Hmm…ora mokal nek Risang banjur ngigit-igit banget marang Kampana ya Dhik sebab nom-noman bregas iku tau ngrenah patine. Sajake kanthi nuduhake toh iku marang Kampana, Risang kepengin mbengok menawa dheweke durung mati kaya sing dikarepake Kampana,” Amongdenta negesi. “Kejaba ngigit-igit, Risang uga muntab sumurup pakartine Kampana kang arep kurang ajar marang Sekarniti, katresnan sing dilabuhi nganti kelara-lara kaya ngono. Mula dheweke kaya entuk kalodhangan kanggo nyuntak kesumat sing sasuwene iki tansah ngobong dhadhane. Ora mokal menawa anggone nggebugi Kampana jan kaya wong setanen kae.” “Hhh… perkara katresnan bisa njalari menungsa melik nggendhong lali ya Dhik, klebu tega marang patine kanca dhewe,” Amongdenta nggresah. Bacute, “Ning apa Sekarniti kira-kira weruh nek Jana sing wis setaunan cumondhok ana gubug mburi omah kae sejatine Risang Ragutama, kekasihe biyen?” “Aku ora ngerti Mas. Upama jroning setaun kuwi Sekarniti ora ngerti nek kekasihe manggon saomah, saora-orane akhire dheweke mesthi ngerti nalika ana kedadeyan neng pekarangan mburi omah kae. Sebab nalika Jana nyilakake penganggone kanggo nuduhake toh marang Kampana, Sekarniti uga pas ana papan kono.” “Kuwi nek sadurunge rupane rusak biyen Risang uga tau ngliga busana neng ngarepe Sekarniti,” saute Amongdenta kasusul guyune. “Ning sejatine aku kober sangga runggi karo Pak Palindriya lho, Mas?” “Karepmu?”
“Sebab nek disawang sakeplasan rak ora ngetarani ta nek dheweke kuwi sejatine wong sugih? Omahe katon prasaja. Lire, senadyan njenggarang ning loji sing dienggoni Pak Palin iku katon mbladhus, temboke ora tau dipupuri cet. Njerone uga sasat tanpa prabotan sing mbejaji. Ning kok bisa ya dheweke duwe tunggakan pajeg nganti semono gedhene? Gedhe ning tunggakan pajeg iku rak mertandhani nek sejatine Pak Palin mono dhuwite akeh?” “Walah, Dhik, mandak dhuwit ora ngerik wae kok. Patrap sing kaya ngono kuwi asring dadi modhuse pengusaha kanggo nginggati tagihan pajeg. Dhuwite ditumpuk neng bank, kepara ana sing diungsekne neng bank luwar negri barang. Kosok balen karo penampilan sedina-dinane sing katon kere. Ya kaya Palindriya iku.” Sawatara menit ruwangan amem. Sing keprungu mung kumrengsenge swara AC sing disetel ing suhu 25 derajat. Amongdenta lan Setyawan ora ana sing guneman, kaya-kaya lagi kentir ing pikirane dhewe-dhewe. “Saiki ganti aku sing arep nyuwun pirsa, Mas. Kayangapa pangakuwane Risang marang penyidhik ngenani kacilakan nggegirisi sing tau dialami, ngenger ing daleme Pak Palindriya, engga wekasane dheweke merjaya Darpita,” Setyawan mecah kasepen. “Oh kena, kena. Tunggunen sedhela!” Komisaris Amongdenta bali mijet tombole piranti elektronik kang gumlethak ana mejane. Bripda Purnanto, ajudane, gita-gita marak. “Wonten dhawuh, Ndhan?” “Pur, tulung timbalana Juari supaya ngadhep aku saiki uga. Kongkonen nggawa BAP-ne Risang Ragutama pisan!” “Siyap!” Sing diprentah gage njranthal menyang ruwangane Juari. Ruwangane Juari kapernah rada mburi, sebab unit reserse kriminal pancen manggon ana gedhong sisih mburi. Unite Juari kaapit dening unit Sabara, unit Lalulintas lan unit Intelijen. Saka ruwangane Amongdenta menyang unit-unit mau keletan plataran cilik sing saben esuk lan sore kanggo apel anggota. Yen wanci bengi plataran iku sok digunakake kanggo olahraga badminton utawa ping pong dening anggota pulisi sing entuk giliran dhines bengi. Ora watara suwe Juari mara menyang ruwangane Amongdenta karo nyangking bendhelan berkas berita acara pemeriksaan utawa asring dicekak BAP. Amongdenta mrentah Juari supaya terus wae mlebu. Weruh Setyawan wis lungguh ana ruwangane komandhan, Juari langsung mlengeh amba. “Welha ana Mas Setyawan ta iki mau.Wissuwe rawuhe, Mas?” pitakone Juari grapyak karo ngajak salaman. “Wis rada sawetara, Mas Ju.” “Piye kabare Mas Setyawan?” “Alhamdulillah padha waras, Mas.” “Ju, Dhik Setyawan iki kepengin ngerti lelakone Risang wiwit dheweke ngalami kacilakan, ngenger ana omahe Palindriya engga wekasane merjaya Darpita. Mula BAP-ne Risang daksilih sedhela ben diwaca Dhik Setyawan. Sisan gawe kareben Dhik Setyawan luwih mudheng marang babaring lelakon iki. Kono wenehna Dhik Setyawan!” “Siyap Ndhan!” Karo ngulungake BAP marang Setyawan, Juari celathu, “Iki Mas, kanthi senenging ati BAP-ne Risang daksilihake sampeyan. Aku maturnuwun banget dene sampeyan wis mbiyantu tugase pulisi, mligine tugasku, jroning miyak rajapati ing Widarakandhang. Nek ora ana sampeyan aku wiskliru nyekel uwong sing ora luput. Mangka wisana adagium sing nyebutake menawa luwih becik ngluwari wong luput cacah sepuluh tinimbang ngrangket wong siji nanging wong kuwi ora luput.” “Ah, aku mung saderma urun panemu wae kok Mas. Sing kudune entuk pangalemabana saka ndhuwuran ya Mas Amongdenta karo njenengan iki,” ujare Setyawan anoraga. “Pulisi ora melik pangalembana kok Mas, karang nglarah rajapati ngene iki klebu salah sijine tugase,” celathune Juari. BAP-ne Risang cukup kandel, cacahe nganti meh 100 kaca. BAP iku wis dibendhel rapi, samake dirangkepi mika. BAP sing disilihake Setyawan iku mujudake master utawa cetakan asli saka komputer lan disimpen dadi dhokumene penyidhik. Wondene fotocopy-anewis dilimpahake marang jeksa penuntut umum sartawis diproses engga pengadilan. Sawise menehake BAP marang Setyawan, Juari banjur pamit bali menyang ruwangane dhewe saperlu nerusake pegaweyane. “Mas Among, nek ana keparengmu aku nyilih ruwangan iki kanggo maca BAP sing cukup kandel iki,” kandhane Setyawan. “Uwislah, pokoke kepenakna anggonmu manggon neng ruwanganku kene. Aja sungkan-sungkan. Arepa sedina sewengi ya oleh kok, kebeneran dina iki aku pas ora ana acara,” ujare Amongdenta guyon. Banjur, “Kepriyea wae aku kepotangan budi karo kowe Dhik, tanpa kowe mbokmenawa aku bakal kliru nyekel uwong. Kliru midana pawongan sing ora luput kuwi dosane gedhe banget.” “Ora Mas, sangertiku nalika awake dhewe neng Widarakandhang kae Risang ora tau guneman babar pisan. Kok pangakuwane bisa samene kandele? Kepriye carane penyidhik kanggo meksa supaya dheweke gelem ngomong?” “Kowe ngerti geneya Jana utawa Risang kuwi ora tau guneman? Sebab sawise ngalami kacilakan swarane dadi bindheng, mbokmenawa irung lan gurunge rusak. Mesakake. Ning pulisi ora tau meksa supaya dheweke ngomong kok, Dhik. Keterangane Risang kang kaimpun neng njero BAP iki kajupuk kanthi wawancara tinulis. Poin-poin pitakonane katulis ana komputere penyidhik lan dheweke banjur nulis jawabane ing komputer iku uga.” Setyawan manggut-manggut. Tangane wiwit mbukak kaca sepisan…..
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |