Rajapati ing Pereng Wilis (16)
|

EPUNGKU klawan Sekarniti wis cukup suwe. Trepe nalika aku lan dheweke isih padha-padha lungguh bangku pamulangan ing SMA Kalangbret. Apa maneh kawit kelas I nganti kelas III aku lan dheweke ajeg nunggal kelas. Kelas IPA. Nalika semana dheweke kos ana daleme Pak Lurah Hadi Manggala. Daleme pak lurah ora adoh karo sekolahan. Manut kabar sing tau dakrungu, Lurah Hadi Manggala iki kabare isih mambu famili karo Pak Palindriya. Sajake, sasuwene sekolah Sekarniti pancen sengaja dititipake marang lurahe, sebab jarak Kalangbret - Widarakandhang klebu adoh. Wondene sing dakkosi daleme Mbah Tarsana Sastramirudha. Omahe Mbah Tarsana adhep-adhepan karo daleme pak lurah lan mung keletan ratan kampung sing ora pati jembar. Mbah Tarsana wis sepuh tur ndhudha. Putrane telu lanang kabeh, nanging wis padha dedalem dhewe-dhewe. Mula pangrengkuhe marang aku ora mantra-mantra kaya wong liyan brayan. Aku wis direken kaya dene putune dhewe. Rehne kos-kosane adhep-adhepan, saben ndina aku tansah ketemu Sekarniti. Mangkat lan mulih sekolah ajeg runtung-runtung wong loro. Bengine kerep sinau bareng, nggarap PR bareng, kalamangsa ya silih-silihan buku barang. Yen butuh tuku buku pelajaran utawa pirantine nulis, dheweke ajeg njaluk diterake menyang toko buku sing mapane ana kutha. Cundhuk karo unen-unen witing tresna jalaran saka kulina ngana kae, raketing pasrawunganku karo Sekarniti banjur nukulake bribik-bribik katresnan. Nalika sawijining dina aku nglairake rasa tresnaku marang Sekarniti, dheweke nanggapi. Bungahku tanpa upama. Dina-dinaku krasa endah lan kebak semangat. Nanging kaendahan sing kober dakrasakake mau sirna bareng ibune Sekarniti ora nyarujuki sesambunganku. Ngepasi dina prei aku dolan menyang omahe Sekarniti ing Widarakandhang. Nanging aku malah diundamana entek amek kurang golek dening Bu Ajeng Kamaratih. Jarene drajatku ora setimbang karo drajate Sekarniti. Sebab Sekarniti mono isih trahing kusuma rembesing madu, anake kulawarga kinurmat. Dene aku mung anake wong pidak pedarakan, turune wong kesrakat. Bu Ajeng uga kandha yen satemene Sekarniti wis dijodhokake karo Kampana, putrane Pak Kertadirdja juragan mas-masan ing Kalangbret. Mula aku ora kena cedhak-cedhak maneh karo dheweke Kagetku kaya sinamber gelap. Sebab Kampana mono uga kancaku sakelas. Malah lungguhe dadi sabangku karo aku. Mulih saka Widarakandhang pangarep-arepku pepes. Pupus-pupus katresnan sing wiwit trubus kekembangan ing atiku saiki alum. Donyaku peteng. Tekan kos-kosan awakku dakbrukake menyang kasur. Sedina mbethethet mung ungkep-ungkep ana kamar. Atiku protes, yagene kok ora kinodrat dadi anake wong sugih kareben bisa dadi pacangane Sekarniti? Greget uripku kendho, klebu greget kanggo sinau. Mangka ora suwe maneh wancine ujian pungkasan, ujian kanggo nemtokake kelulusan. Ing sekolahan, sesambungaku karo Kampana uga malih krasa kaku. Omong-omongan ya mung saperlune wae. Mangka kulinane aku lan dheweke doyan ngobrol, dhasar padha dene seneng guyon. Najan sejatine Kampana kuwi nduweni sikep sing ambeg lan gumedhe, ning yen karo aku bocahe apikan. Wondene Sekarniti, arepa ibune wis memalangi, ewa semono tumanggape marang aku ora owah. Tetep anget kaya sadurunge. Kepara dheweke luwih kerep cedhak aku tinimbang marang Kampana. Yen Kampana apel menyang kos-kosane, Sekarniti sok emoh nemoni. Kanggo nginggati Kampana, dheweke “ngungsi” menyang kos-kosanku. Aku saya ora kepenak karo Kampana. Nanging ing sisih liya aku uga abot yen nganti kelangan Sekarniti,kenyapepujaning atiku. “Nadyan ibuku ora nyarujuki sesambungane awake dhewe, ning aku tetep tresna marang kowe kok Ris,” pratelane Sekarniti nalika kuwi. Dheweke banjur dakkekep kenceng. Atiku ngondhok-ondhok.
Jroning kahanan ati kang rontang-ranting mau aku kasil lulus najan kanthi biji sing pas-pasan. Swasananing atiku sing lagi ora stabil njalari konsentrasiku nggarap soal-soal ujian dadi ambyar. Sawise lulus aku banjur ajar wiraswasta kanthi bakulan buwah ana pasar Karangtanjung, desa asal-usulku. Desaku mapan watara 20 kilometer sakidul wetane kutha kabupaten. Kalamangsa aku uga kerja srabutan nukang utawa nguli. Pokoke waton entuk kaya. Satemene aku ya kepengin kuliyah kaya kanca-kancaku liyane kae. Ning kepriye maneh wong simbokku ora gableg ragad kathikwisrandha pisan. Kanthi duwe kesibukan dhewe aku kepengin ngipatake wewayangane Sekarniti saka tlapukaning mripat. Nanging tetela ora gampang. Kepara linali lali malah saya ngalela. Suwe-suwe tuwuh rasa kapangku marang dheweke. Mula ngepasi dina Minggu aku nekad menyang Widarakandhang. Kangenkuwisora kena disayuti. Sajake wektu kuwi pas tiba dina becikku, awit Sekarniti pinuju ana ngomah ijen. Bapak-ibune tindak buwuh menyang Blitar. Nalika dakajak metu saka ngomah Sekarniti ora nulak. Mula aku lan dheweke banjur budhal nyepedhah motor menyang pesisir Popoh. Ing gisike segara kono aku lan Sekarniti seneng-seneng. Oyak-oyakan karo sirat-siratan banyu. Kesel playon kene wong loro banjur foto-fotonan nganggo kamera digital-e Sekarniti. Motrete njaluk tulung wisatawan sing kebeneran plesir ana kono. Jare Sekarniti, foto-foto iku arep dicithak lan dilebokake album amrih mbesuke kena kanggo kenang-kenangan. Aku aweh pamrayoga supaya yen sida dipasang ana album, ing sangisore foto-foto mau diwenehi tulisan: Kenang-kenangan saka pesisir Popoh. Muga-muga langgeng. Sekarniti & Risang Ragutama. Dheweke sarujuk. Apes. Nalika ngeterake Sekarniti mulih, Pak Palindriya dalah Bu Ajengwisngenteni tekaku sakeloron ana teras. Aku diundamana entek ngamek kurang golek dening Bu Ajeng. Aku disengguh nggawa mlayu anake. Mula yen nganti aku kumawani ngidakake maneh sikilku ana omah kono, Bu Ajeng ngancam bakal lapur pulisi supaya ngrangket aku. Bubar diseneni aku banjur digusah kaya kirik gudhigen. Mulih saka Widarakandhang atiku remuk rempu. Rasane kaya sinebit-sebit. Aku ngluputake awakku dhewe, yagene kok ndadak reka-reka nemoni Sekarniti barang yen tundhone malah nglara ati kaya ngene. Kanggo nglalekake kedadeyan kuwi aku bali menyang pasar ngadhep bedhag buwah-buwahan. Kira-kira seminggu candhake, tanpa kinira sadurunge aku entuk tilpun saka Kampana. Dheweke kandha yen saiki lagi kuliyah ana Malang. Kejaba kuliyah dheweke uga dipasrahi ngopeni kebon apele bapake sing manggon ana Batu. Saliyane martakake kabarku, Kampana uga ngabari yen dina kuwi dheweke pinuju panen apel. Yen aku gelem kulakan mrana, Kampana janji bakal menehi rega miring. Minangka bakul buwah, nadyan mung pedagang cilik-cilikan, aku ketarik karo pangiming-iminge Kampana. Mula sesuke aku banjur budhal menyang Batu nggawa pick-up tuwa tinggalane swargi bapakku. Aku terus njujug kebon apele Kampana. Pancen temenan, wektu kuwi apele Kampana lagi diundhuh. Akeh bakul buwah saka Malang lan Blitar sing nggawa rodha papat padha kulakan mrono. Undhuh-undhuhan apele Kampana pancen akeh. Lha piye wong kebone pancen ya hektaran. Karyawane tak etung ana wong 20, isih durung kepetung sing tenaga pocokan. Tekaku pinapag kanthi grapyak, kaya dene mapag tekane mitra lawas sing ora tau ketemu. Aku banjur diajak mlaku-mlaku ngubengi kebon apele lan diajak mangan awan pisan ana kono. Sasuwening aku diajak ngubengi kebon, Kampana ngongkon karyawane supaya ngunggah-ngunggahake apel sing mentas dipethik menyang bake mobilku. Sajroning sapatemon mau Kampana ora nggepok babagan Sekarniti. Aku dhewe uga ora karep ngrembug perkara kuwi, tiwas ngongkreh-ongkreh tatu sing durung garing. Wanci bedhug Luhur, sawise ndhuwiti apel, aku banjur pamitan. Pick-up ku kebak apel nadyan ora nganti munjung. Sengaja aku kulakan akeh merga regane pancen miring tenan. Upama dakedol kanthi rega umum, saben apel siji aku bisa njupuk bathi Rp 300. Yen mangkatku mau liwat Ngunut – Blitar – Malang – Batu, Kampana mrayogakake supaya mulihku liwat jalur sisih lor, yakuwi Songgoriti, Pujon, Selareja lan mengkone mudhun ing wewengkon Pare, Kediri. Miturut Kampana kejaba luwih cepet, sesawangan alame ing jalur mau luwih endah. Kanggo nglegani atine Kampana aku manut wae, ngiras kena kanggo variasi. Nalika lakune mobilku tekan Songgoriti, ana pawongan sing ngawe-ngawe nyetop. Umur-umurane udakara sewidak taun. Nembung arep nunut nganti tekan Jombang. Sebab arep numpak angkutan umum sangune ngepres. Ngakune wis meh sak jam anggone nggejejer nyegat nunutan ana pinggir dalan kono. Ning saben kendharaan sing distop padha emoh mandheg. Tumrapku malah tiba kebeneran awit ana batur sing kena kanggo kanca omong-omong ana dalan. Kejaba kuwi aku uga welas marang dheweke yen kesuwen ngadeg ana pinggir dalan kono, sebab nadyan wis meh jam siji awan nanging panase isih krasa sumelet. Pawongan iku aran Salamun. Dheweke arep sambang putune menyang Jombang. Sawise Salamun mapan lungguh ana sisihku mobil dakgas maneh. Rikala ngambah medhan kang mbebayani ing wewengkon Selareja, aku wiwit ngrasakake keanehan. Rime mobilku jero tur rada ngeslong, ora pakem kaya sadurunge. Ngepasi ngudhuni dalan njojrog tur nikung, rime mobil wis bener-bener ngeslong. Aku bingung, Pak Salamun panik. Merga ora bisa dierim, mobilku nylorot mudhun kaya disawatake. Apel sing dak emot pating blesar. Aku mbengok “Allahu Akbar …. Allahu Akbar…” . Wekasane mobilku ceblok kebanting ing perengan cerung. Gumlundhung ditampani watu-watu gedhe pating bedhosol. Mendal-mendal kaya bal bekel, terus bablas njujrut menyang dhasare jurang. Aku nderemimil nyebut asmane Gusti. Gumlundhunge mobil lagi leren sawise tiba kanteb ana dhasar jurang. Embuh pirang meter jerone jurang mau, sing cetha aku ngrasakake pasiksan kang suwe banget nalika mobilku ngglundhung. Aku nindhihi anggane Pak Salamun sing wis ora sadhar. Panduluku sumrepet. Nanging bebaya isih ngancam. Sebab jroning kahanan setengah sadhar mau aku mambu gandane bensin. Mula kanthi sisa-sisaning kekuwatan lan kesadharan, aku mancal-mancal kaca ngarep sing satemene wis renyeg separo. Arep metu liwat lawang tangeh lamun sebab bodhine mobil mleseg menjero tur posisine nggoling miring. Siji-sijine dalan metu ya mung liwat kaca ngarep sopiran iku. Sawise kacane pecah dak tendhang, aku banjur mbudidaya metu kanthi cara mbrangkang mundur. Nalika awakku sing separowistekan njaba dumadakan bel…. genine nyaut nggon sopiran. Panase srengenge sajake nyamber bocoran bensin iku. Raiku kesamber geni, rasane panas banget. Awakku murub. Mripatku ora kena kanggo nyawang. Aku mbrosot metu saka njero mobil banjur gulung-gulung ana suketan. Pamrihku supaya geni sing ngobong saperangan awakku mau cepet mati. Nanging dumadakan byuurr….aku krasa kecemplung banyu. Lan mak pet, aku wis ora kelingan apa-apa maneh.
Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Cerita Sambung - Posted by admin on May 2, 2011 http://www.panjebarsemangat.co.id/ |